[1] Malaékat kang kalima tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka langit, sarta lintang mau kaparingan kunciné lawanging teleng palimenganing pati.
[2] Lawanging teleng palimenganing pati mau nuli kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng iku kaya pegané pawon gedhé, temahan srengéngé lan awang-awang padha dadi peteng déning pegané teleng mau.
[3] Saka ing pega iku metu walangé akèh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadéné dayané kalajengking ing bumi.
[4] Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhéngaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuké ora ana capé Allah.
[5] Walang-walang mau ora diparengaké matèni manungsa, ananging mung nyiksa baé lawasé limang sasi, lan anggoné nyiksa iku kaya panyiksané kalajengking, samasa ngentup wong.
[6] Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kepéngin mati, ananging padha kaoncatan déning pati.
[7] Anadéné rupané walang-walang iku mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhasé ana kang saèmper makutha emas, rainé kaya rainé manungsa,
[8] lan rambuté kaya rambuté wong wadon, lan untuné kaya untuné singa,
[9] lan dhadhané kaya nganggo keré wesi, kumrasaking swiwiné kaya gumrubyuging kréta-kréta kang digèrèd jaran akèh, kang padha mlayu menyang paprangan.
[10] Buntuté kaya kalajengking, lan uga ana entupé, déné buntuté iku gunané kanggo milara manungsa lawasé limang sasi.
[11] Kang dadi rajané iya iku malaékat teleng palimenganing pati, jenengé ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.
[12] Kasangsaran kang kapisan wis kliwat. Saiki isih ana kasangsaran loro kang bakal nekani.
[13] Malaékat kang kanem tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur krungu swara kang metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsané Allah,
[14] kang dhawuh marang malaékat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkéné, <<Malaékat papat kang padha kabanda ana ing sacedhaké bengawan Éfrat iku uculana.>>
[15] Malaékat papat kang padha kacawisaké ngentèni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku nuli diuculi, supaya padha matèni saprateloné umat manungsa.
[16] Lan cacahé wadyabala jaranan iku rongatus yuta; aku ngerti pira cacahé.
[17] Mungguh jaran-jarané lan kang padha nunggangi ana ing wahyu iki katoné mangkéné: Padha nganggo keré, warnané abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhasé jaran mèmper kaya endhasing singa, tuwin cangkemé ngetokaké geni, lan pega sarta welirang.
[18] Saprateloné umat manungsa padha dipatèni déning wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkemé.
[19] Awitdéné pangwasané jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkemé lan buntuté; amarga buntuté iku kaya ula; padha ana endhasé, iku kanggo nekakaké karusakan.
[20] Ananging wong-wong liyané kang ora mati marga saka wewelak iku mau, padha ora mratobat saka panggawéning tangané: Padha ora marèni anggoné padha nyembah roh-roh reged lan brahala-brahala emas, pérak, tembaga, watu lan kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.
[21] Lan wong-wong iku padha ora mratobat saka anggoné mematèni, nenung, laku-jina, lan nyenyolong.