Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:39

[1] Tumuli ana pratandha gedhé katon ana ing langit: Ana wanita asingeb srengéngé, lan rembulan ana ing sangandhaping samparané sarta ngagem makutha lintang rolas ana ing mustakané.

[2] Wanita mau lagi nggarbini sarta sajroné sesambat nyakiti arep babaran iku njerit marga kraos sakit.

[3] Nuli ing langit katon ana pratandha liyané: Lah ana naga gedhé abang mbranang, endhasé pitu, lan ana sunguné sepuluh, sarta ing endhasé ana makutha pitu.

[4] Pethité nyèrèd saprateloné lintang-lintang ing langit, banjur ditibakaké ing bumi. Naga mau mapan ana ing ngarsané wanita kang arep babaran iku, sedyané arep nguntal Putrané, samangsa wis miyos.

[5] Wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengèn para bangsa kalawan gada wesi; dumadakan Putra mau karebat lan kaplajengaké menyang ngarsané Allah lan ing dhamparé.

[6] Wanita mau mlajeng menyang ara-ara samun, ing panggonan kang wis dicawisaké déning Allah, supaya dirimati ana ing kono lawasé sèwu rong atus sawidak dina.

[7] Ing swarga nuli ana paprangan. Mikhaèl lan para malaékaté padha perang nglawan naga mau, sarta naga iku kabantu déning para malaékaté,

[8] nanging naga lan malaékaté padha kasoran; temah padha ora diparengaké manggon ana ing swarga.

[9] Naga gedhé, si ula kang saka jaman wiwitan, kang karan Iblis utawa Sétan, kang nasaraké saisining jagat, iku kauncalaké ing bumi, bareng karo para malaékaté.

[10] Aku nuli krungu swara kang sora ana ing swarga, mangkéné, <<Samengko karahayon lan pangwaos tuwin papréntahaning Allah kita, lan pangwaosing Panjenengané kang Jinebadan, wis kababar, marga kang ndakwa sadulur-sadulur tunggal pracaya, kang rina-wengi nggugat ana ing ngarsaning Allah kita, iku wis kauncalaké mangisor.

[11] Lan anggoné ngalahaké sarana rahé Sang Cempé, lan sarana tembung paseksiné. Sabab padha ora ngéman marang nyawané dhéwé nganti tumeka ing pati.

[12] Mulané padha suka-renaa, hé swarga lan hé sira kabèh kang padha ngenggoni, bilai kowé, hé bumi lan sagara! marga Iblis wis ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga sumurup, menawa waktuné mung kari sadhéla.>>

[13] Nalikané naga mau éling, yèn wis kauncalaké menyang bumi banjur ngoyak wanita kang wis mbabar Putra kakung mau.

[14] Wanita mau tumuli kaparingan swiwi garudha gedhé sapasang, supaya mabur menyang panggonané, iya iku ing ara-ara samun, ing kono wanita iku diopèni, adoh saka papané ula, lawasé samangsa lan rong mangsa lan satengah mangsa.

[15] Ula mau banjur nyemburaké banyu dadi kaya kali saka ing cangkemé, kaeneraké marang wanita mau, supaya kéntir.

[16] Nanging wanita iku ditulungi déning bumi. Bumi iku ngangapaké cangkemé, lan nguntal kali kang disemburaké saka cangkemé naga mau.

[17] Naga mau nuli nepsu banget marang wanita iku, banjur lunga merangi turuné liyané, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi paseksiné Yésus,

[18] naga mau banjur ngadhang ana ing pinggir sagara.

Wahyu — Chapters