[1] <<Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikaning Panjenengané, kang kagungan Rohé Allah pepitu lan lintang pepitu iku: Ingsun pirsa sakèhing panggawénira; sira kaaranan urip, mangka satemené mati!
[2] Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wis ngarepaké mati, awit panggawénira iku ora ana siji-sijia kang sunpanggih sampurna ana ing ngarsané Allahingsun.
[3] Awit saka iku sira élinga, kepriyé anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Awit menawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal mangerti wayah apa anggoningsun ngrawuhi sira.
[4] Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangané; wong-wong iku bakal ndhèrèk ing satindakingsun kalawan manganggo putih, marga padha sembada.
[5] Sapa kang unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; Ingsun bakal ora mbusak jenengé saka ing buku kauripan, nanging ingsun bakal ngakeni jenengé ana ing ngarsané Ramaningsun lan ing ngarepé para malaékaté.
[6] Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan.>>
[7] <<Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Filadèlfia: Iki pangandikané Kang Suci, Kang Sanyata, kang ngasta kunciné Daud; samangsa Panjenengané ngengakaké, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengané nutup, ora ana kang bisa ngengakaké.
[8] Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: Wruhanira, sira wis sunwengani lawang kang ora bisa kainebaké déning wong. Ingsun pirsa menawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningsun sarta ora nyélaki asmaningsun.
[9] Wruhanira, wong sawatara saka panunggalané Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatiné dudu, nanging goroh, iku bakal sunpasrahaké marang sira. Sanyatané Ingsun nekakaké wong-wong iku, supaya padha sumungkem sujud ana ing ngareping sikilira sarta padha mangerti, yèn Ingsun ngasihi sira.
[10] Amarga sira wis netepi pangandikaningsun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulané Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagat kabèh kanggo nliti wong-wong kang padha manggon ing bumi.
[11] Ingsun bakal énggal rawuh. Kukuhana, apa kang sira duwèni, supaya aja ana wong kang ngrebut makuthanira.
[12] Sapa kang unggul, iku bakal sundadèkaké saka-guru ana ing Padaleman Suciné Allahingsun, lan bakal ora metu manèh saka kono; karodéné bakal suntulisi asmané Allahingsun, jenengé kuthané Allahingsun, yaiku Yérusalèm anyar, kang tumurun saka swarga saka Allahingsun, sarta asmaningsun kang anyar.
[13] Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan.>>
[14] <<Lan sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Laodikia: Iki pangandikané Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sanyata, wiwitané titahing Allah:
[15] Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: sira iku ora adhem lan ora panas. Saiba beciké saupama sira adhem utawa panas.
[16] Kang iku sarèhné sira iku manget-manget, ora adhem lan ora panas, mulané Ingsun bakal nglepèh sira saka ing tutukingsun.
[17] Sarèhné sira duwé ujar: Aku iki sugih lan aku wis ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa manèh marga sira ora mangerti, yèn sira iku mlarat lan memelas, wuta lan kawudan,
[18] mulané Ingsun ndhawuhi sira, supaya sira tuku mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadi sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira anggo, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadéné lenga kanggo mblonyohi mripatira, supaya sira bisa ndeleng.
[19] Sapa wong kang sunkasihi, iku sunwelèhaké lan sunpatrapi; marga saka iku, sing tumemen lan mratobata!
[20] Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; menawa ana wong kang krungu swaraningsun lan mbukakaké lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi wong iku lan kembul bujana bareng wong iku lan wong iku karo Ingsun.
[21] Sapa kang unggul, iku bakal sunlenggahaké bareng karo Ingsun ana ing dhamparingsun, kayadéné Ingsun uga wis unggul lan banjur lenggah bareng Ramaningsun ana ing dhamparé.
[22] Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan.>>