Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 2:44

[1] Aku tumuli weruh pratandha liyané ana ing langit kang gedhé lan élok: ana malaékat pitu padha ngasta wewelak pitu kang pungkasan, awit iku kang mungkasi bebenduné Allah.

[2] Aku banjur weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta wong-wong kang wis unggul anggoné perang karo kéwan iku dalah recané, sarta cacah pétungané jenengé, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara kaca mau. Sarta iku padha nyekel clempungé Allah.

[3] Wong-wong iku padha ngidungaké kidungé Musa, abdiné Allah, lan kidungé Sang Cempé, uniné, <<Agung saha élok pakaryan Paduka, dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakwaos! Adil saha leres sadaya margi Paduka, dhuh Rajanipun sadaya bangsa!

[4] Dhuh Pangéran, sinten ingkang mboten ajrih, saha mboten ngluhuraken asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhé sowan sarta nyembah sujud dhumateng Paduka, sabab sampun tetéla leresing sadaya pangadilan Paduka.>>

[5] Sawusé mangkono aku tumuli weruh Padaleman Suci -- Tarubing Paseksi -- ing swarga, binuka.

[6] Malaékat pitu kang ngasta wewelak pitu mau, padha medal saka Padaleman Suci, ngagem mori alus putih resik tuwin gumilap lan jajané apaningset emas.

[7] Makluk siji ing antarané makluk papat mau tumuli ngulungaké bokor emas pitu marang malaékat pitu mau, kabèh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawasé.

[8] Padaleman Suci mau nuli kebak pega awit saka kaluhurané lan pangwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurungé wewelak pitu kang kaasta déning malaékat pitu mau rampung.

Wahyu — Chapters