Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 5:38

[1] Aku tumuli krungu swara sora saka Padaleman Suci dhawuh marang malaékat pitu mau mangkéné, <<Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi.>>

[2] Malaékat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokoré menyang bumi; banjur tuwuh memala wudun ngureng lan mbebayani banget tumrap wong kabèh kang padha nganggo tengeré kéwan mau lan kang sujud nyembah marang recané.

[3] Malaékat kang kapindho nyuntak bokoré ing sagara; banyuné banjur dadi getih, kaya getihé wong mati, temahan isining segara kang mawa nyawa padha mati kabèh.

[4] Malaékat kang katelu nyuntak bokoré ing kali-kali lan etuking banyu, satemah banyuné dadi getih.

[5] Aku banjur krungu malaékat kang ngwaosi banyu iku munjuk, <<Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.

[6] Amargi tiyang-tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombèni rah dhateng tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!>>

[7] Apadéné aku krungu misbyah ngucap mangkéné, <<Dhuh Pangéran, Allah, Ingkang Mahakwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.>>

[8] Malaékat kang kapat nyuntak bokoré menyang srengéngé, lan iku nuli kaparingan pangwasa mbrangas wong kalawan geni.

[9] Satemah wong padha gosong déning panasing geni kang sumelèt, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang ngwaosi wewelak-wewelak iku mau, sarta padha ora mratobat supaya ngluhuraké marang Allah.

[10] Malaékat kang kalima nyuntak bokoré menyang dhamparé kéwan iku, satemah kratoné iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggeget ilaté dhéwé marga saka kelaran,

[11] lan banjur padha nyenyamah marang Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wuduné, nanging padha ora mratobat saka panggawéné iku.

[12] Malaékat kang kanem nyuntak bokoré menyang bengawan Éfrat, satemah banyuné dadi asat, murih cumawis dalané para raja kang rawuh saka wilayah wétan.

[13] Aku banjur weruh saka cangkemé naga lan cangkemé kéwan tuwin saka ing cangkemé nabi palsu iku ana roh najis telu padha metu kaya kodhok.

[14] Yaiku roh-rohing sétan kang nganakaké mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggolèki raja-raja saindenging jagat, padha diklumpukaké diajak perang ing dina kang agung, yaiku dinané Allah Kang Mahakwaos.

[15] <<Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangané, supaya anggoné lumaku aja nganti kalawan wuda lan aja katon kawirangané.>>

[16] Tumuli padha kaklumpukaké ana ing panggonan, kang ing basa Ibrani aran Harmagédon.

[17] Malaékat kang kapitu nyuntak bokoré menyang awang-awang. Saka Padaleman Suciné banjur kaprungu swara kang sora saka ing dhampar iku, pangandikané, <<Wis kelakon.>>

[18] Tumuli ana thathit cumlèrèt lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhé kang salawasé bumi dienggoni manungsa durung tau kelakon. Kaya mangkono lindhu iku nggegirisi banget.

[19] Satemah kutha kang gedhé iku pecah dadi telu lan kutha-kuthané para bangsa kang padha ora wanuh marang Allah padha jugrug. Allah banjur kèngetan marang Babél kang gedhé iku, nuli kaparingan tuwung kang isi anggur bebenduning dukané kebak.

[20] Sakèhé pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora tinemu manèh.

[21] Sarta ana udan ès gedhé, saben prongkol boboté sa-talènta, tiba saka langit nibani wong-wong, satemah wong-wong padha nyenyamah marang Allah marga saka wewelak udan ès iku, amarga wewelak iku mau nggegirisi banget.

Wahyu — Chapters