Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:56

[1] Aku banjur ndeleng Cempé iku mbikak sègel kang kapisan saka sègel pitu mau, lan aku krungu makluk papat kang kapisan iku ngucap, swarané kaya gludhug, <<Mara delengen!>>

[2] Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan kaparingan ganjaran makutha. Wong iku tumuli maju kaya wong kang wis unggul supaya ngrebut kaunggulan.

[3] Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap, <<Mara delengen!>>

[4] Tumuli ana jaran liyané maju, ulesé abang mbranang, sarta kang nunggang kaparingan pangwasa mundhut tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha patèn-pinatèn, lan uga kaparingan pedhang gedhé.

[5] Nalika Cempé iku mbikak segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap, <<Mara delengen!>> Nuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggang nyekel timbangan.

[6] Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé makluk papat iku tembungé, <<Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusak lenga lan anggur iku.>>

[7] Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap, <<Mara delengen!>>

[8] Tumuli aku weruh: Lah ana jaran ijo-kuning siji, sarta kang nunggang jenengé Pati, lan dietutaké déning teleng-palimenganing pati. Lan iku padha kaparingan pangwasa matèni isining jagat saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, apadéné srana kéwan-kéwan galak ing bumi.

[9] Nalika Cempé iku mbikak sègel kalima, aku nuli weruh sangisoré misbyah ana nyawané wong-wong kang wis dipatèni marga saka pangandikané Allah lan marga saka paseksiné.

[10] Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh klawan swara sora, <<Ngantos pinten dangunipun malih, dhuh Pangéran Ingkang Mahakwaos, ingkang suci sarta leres, anggèn Paduka mboten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggèn wonten ing bumi?>>

[11] Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa manèh nganti tumeka saganeping cacahé para kanca-leladi lan sadulur-saduluré tunggal pracaya, kang iya bakal dipatèni, kaya wong-wong mau.

[12] Aku nuli weruh, Cempé mau mbikak sègel kang kanem, sanalika ana lindhu kang nggegirisi lan srengéngé dadi peteng kaya kanthong wulu ireng sarta rembulan dadi abang mbranang kaya getih.

[13] Lan lintang-lintang ing langit padha rontog ing bumi, kaya wohing anjir kang isih mentah padha rontog, nalika katempuh ing angin gedhé.

[14] Langit tumuli nglunthung kaya gulungan kitab sarta sakèhing gunung lan pulo padha ngalih saka panggonané.

[15] Para raja ing bumi lan para panggedhé sarta para prawira, lan para wong sugih sarta wong-wong kang kwasa, lan sakèhing batur sarta wong mardika padha ndhelik ana ing guwa-guwa lan ing antarané watu-watu karang ing gunung.

[16] Iku mau kabèh padha kandha marang gunung-gunung lan marang watu karang, <<Aku padha jugrugana lan dhelikna saka ngarsaning Panjenengané, kang lenggah ing dhampar, sarta saka bebenduné Cempé iku.>>

[17] Sabab wis tekan waktuné dina agung, yaiku dinaning bebendu, sarta sapa kang kuwagang nadhahi?

Wahyu — Chapters