Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 3:48

[1] Sawisé mangkono aku weruh: Lah sanyata, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané kalasangka, mangkéné, <<Sira munggaha mréné bakal suntedahi apa kang sawisé iki pinasthi kelakon.>>

[2] Sanalika iku aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.

[3] Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku sawangané kaya sesotya yaspis lan sardis; lan ing sakubengé dhampar ana kluwungé kang katon sumunar kaya jamrud.

[4] Anadéné ing sakubengé dhampar mau ana dhamparé patlikur linenggahan déning pinituwa patlikur, padha ngagem ageman putih sarta ngagem makutha emas.

[5] Saka ing dhampar mau ana kilaté kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepé dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohé Allah pepitu.

[6] Karodéné ing ngarepé dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahé dhampar lan ing sakubengé ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.

[7] Déné makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhèt, kang katelu iku rainé kaya manungsa, lan kang kapaté kaya manuk garudha mabur.

[8] Makluk papat mau siji-sijiné ana swiwiné enem, ing sisih njaba lan njeroné padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa lèrèn anggoné ngucap mangkéné, <<Suci, suci, suci, Gusti Allah ingkang Mahakwaos, ingkang rumiyin wonten, ingkang samangké wonten, saha ingkang badhé rawuh.>>

[9] Saben-saben makluk mau padha ngunjukaké pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawasé,

[10] para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsané kang lenggah ing dhampar iku, sarta manembah marang Panjenengané kang gesang ing salawas-lawasé. Sarta padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar iku kalawan munjuk,

[11] <<Dhuh Gusti saha Allah kawula, Paduka ingkang sayogi tampi pamuji saha pakurmatan sarta pangwaos. Amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan tinitahaken.>>

Wahyu — Chapters