[1] Aku tumuli weruh malaékat liyané kang prakosa tumedhak saka swarga, asingep méga, lan ing sandhuwuring mustakané ana kluwungé, wedanané kaya srengéngé, sampéyané kaya tugu geni.
[2] Astané ngasta gulungan kitab cilik bukakan. Sampéyané kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.
[3] Malaékat mau nguwuh kalawan swara sora kaya panggeroning singa. Sawusé nguwuh, gludhug pitu banjur padha nyuwara.
[4] Lan sawusé gludhug pitu mau padha ngucap, aku banjur arep nyatheti, nanging aku nuli krungu swara saka swarga kang ngandika, <<Apa kang diucapaké déning gludhug pitu iku mau sira sègela, aja sira tulis!>>
[5] Malaékat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astané tengen marang langit,
[6] sarta banjur supaos demi Panjenengané kang gesang langgeng salawas-lawasé, kang wis nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné, tuwin sagara saisiné, <<Ora bakal kaundur manèh!
[7] Nanging samangsa unining kalasangkané malaékat kang kapitu keprungu, yaiku menawa malaékat iku ngungelaké kalasangkané, bakal kayektènan kekeraning Allah, kaya kang wus kawartosaké marang para abdiné, yaiku para nabi.>>
[8] Swara kang wis dakrungu saka ing langit mau, nuli ngandika manèh marang aku mangkéné, <<Mangkata, jupuken kitab bukakan kang ana ing tangané malaékat, kang jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan iku.>>
[9] Aku banjur marani malaékat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhé marang aku, <<Tampanana lan panganen; iki bakal marakaké wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu.>>
[10] Aku tumuli njupuk kitabé saka astané malaékat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasané legi kaya madu, nanging sawisé dakpangan, wetengku krasa pait.
[11] Aku nuli dingandikani, mangkéné, <<Kowé kudu medhar wangsit manèh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para raja.>>