Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:19

[1] Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astané tengen Panjenengané kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing njero lan ing njaba lan disègel nganggo sègel pitu.

[2] Aku weruh malaékat kang prakosa nguwuh-uwuh klawan swara sora, <<Sapa kang pantes ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé?>>

[3] Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta ndeleng sisih njeroné.

[4] Aku banjur nangis kelara-lara, amarga ora ana wong sijia baé kang dianggep pantes ngudhari gulungan kitab iku utawa ndeleng sisih njeroné.

[5] Banjur ana salah sijiné pinituwa kang ngandika marang aku, <<Kowé aja nangis! Delengen, singa kang saka trah Yéhuda, yaiku sogolané Daud, kang wis unggul, temah Panjenengané bisa ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé pitu.>>

[6] Aku banjur ndeleng ing satengahé dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahé para pinituwa mau ana Cempé jumeneng katoné kaya wis kasembelèh, singaté pitu lan tingalé pitu: yaiku Rohé Allah pepitu kang kautus menyang salumahing bumi.

[7] Panjenengané iku banjur nyelak sarta nampani gulungan kitab mau saka astané tengen Panjenengané kang pinarak ing dhampar.

[8] Nalika Panjenengané mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku nuli sungkem ana ing ngarsané Cempé iku, karo padha nyekel clempung lan bokor emas, isi dupa kebak; yaiku pandongané para suci.

[9] Sarta padha ngidungaké kidung anyar, tembungé, <<Paduka sembada nampèni gulungan kitab punika sarta mbikaki sègelipun; amargi Paduka sampun kasembelèh lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben taler saha basa tuwin umat miwah bangsa kagem Allah.

[10] Sarta Paduka ndadosaken tiyang-tiyang punika satunggaling kraton lan imam-imam kagem Allah kita, sarta sami badhé ngerèh dados raja wonten ing bumi.>>

[11] Aku tumuli ndeleng lan krungu swarané malaékat akèh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahé pirang-pirang atus èwu lan pirang-pirang yuta,

[12] pangucapé kalawan swara sora, <<Sang Cempé ingkang sampun kapragat punika sembada nampèni pangwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.>>

[13] Aku banjur krungu sakèhing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadéné kang urip ing njeroné, padha ngucap: <<Pangalembana lan kaurmatan, tuwin kamulyan sarta pangwaos kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempé, ngantos salami-laminipun!>>

[14] Makluk papat iku padha ngucap, <<Amin!>> Sarta para pinituwa mau padha sujud lan manembah.

Wahyu — Chapters