[1] Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wis sirna, lan sagara uga wis ora ana manèh.
[2] Lan aku uga weruh kutha suci, Yérusalèm kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang kacawisaké kaya pangantèn putri kang dipaèsi lumadi marang kakungé.
[3] Aku banjur krungu swara sora kang ngandika saka ing dhampar iku, <<Delengen, tarubing Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengané bakal dedalem ana ing antarané manungsa. Iku bakal padha dadi umaté, lan Allah piyambak bakal nunggil sarta dadi Allahé.
[4] Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; sedhih lan pasambat apadéné kasusahan iya wis ora ana manèh; amarga samubarang kang lawas wis padha kapungkur.>>
[5] Panjenengané kang lenggah ing dhampar banjur ngandika, <<Delengen, samubarang kabèh sundadèkaké anyar!>> Pangandikané manèh, <<Sira nulisa, awit pangandika iki kena diprecaya lan bener.>>
[6] Sarta aku dipangandikani manèh, mangkéné, <<Samubarang kabèh wis kelakon. Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombé kanthi lalahanan saka tuking banyu kauripan.
[7] Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabèh, sarta Ingsun bakal dadi Allahé, lan iku bakal dadi putraningsun.
[8] Nanging para wong kang jirih, kang padha ora pracaya, kang padha tumindak nistha, kang gawéné padha mematèni, sundel-sundel, kang padha olah panenungan, kang padha nyembah brahala, lan sakèhing para-cidra, iku padha olèh pandumané ana ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad; yaiku pati kang kapindho.>>
[9] Malaékat panunggalané malaékat pitu kang ngasta bokor pitu isi kebak wewelak pitu kang wekasan iku banjur rawuh, panjenengané nuli ngandikani aku, <<Mrénéa, kowé daktuduhi pangantèn putri, garwané Sang Cempé.>>
[10] Tumuli, ing sajroning roh, aku diasta panjenengané menyang gunung kang gedhé lan dhuwur, aku ditedahi kutha kang suci, yaiku Yèrusalèm kang tumurun saka swarga, saka Allah.
[11] Kutha iku kebak kamulyané Allah lan cahyané kaya sesotya kang adi linuwih, kaya sesotya yaspis, bening saèmper kristal.
[12] Bètèngé gedhé lan dhuwur, ana gapurané rolas; lan ing sandhuwuré gapura-gapura mau ana malaékaté rolas, sarta ana tulisan jenengé taler Israèl rolas.
[13] Ing sisih wétan ana gapurané telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu.
[14] Ing bètèngé kutha iku ana tetales-watu rolas, ing kono ana tulisan asmané para rasulé Sang Cempé cacahé rolas.
[15] Malaékat kang ngandikani aku iku ngasta piranti ngukur saka emas, kagem ngukur kutha iku, sarta gapurané lan bètèngé.
[16] Kutha iku wanguné pesagi, dawané padha karo ambané. Déné anggoné ngukur kutha iku ngagem piranti ngukur mau: kurang luwih rong èwu patang atus kilometer; dawané lan ambané sarta dhuwuré iku padha.
[17] Bètèngé uga diukur tinemu kurang luwih sewidak meter, manut ukurané manungsa, kang iya dadi ukurané malaékat.
[18] Bètèng iku kabangun saka sesotya yaspis; lan kuthané iku saka emas tulèn, kaya kaca murni.
[19] Tetalesé bètèng kutha padha rinengga ing sesotya adi manéka-warna. Tetalesé kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jamrud,
[20] kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung.
[21] Gapurané rolas iku arupa mutiyara rolas; saben gapura wujud mutiyara siji, lan dalan-dalané kutha iku saka emas tulèn, kaya kaca kang bening.
[22] Ing kono aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Allah, Pangéran kang Mahakwaos iku Padaleman Suciné, mangkono uga Sang Cempé.
[23] Kutha iku ora mbutuhaké padhanging srengéngé lan rembulan, amarga kamulyané Allah kang madhangi lan Sang Cempé kang dadi damaré.
[24] Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhangé sarta para raja ing bumi padha ngaturaké kamulyané marang Panjenengané;
[25] gapurané bakal ora kainebaké ing sadina muput, awit ing kono bakal ora ana wengi manèh.
[26] Karodéné kamulyan lan kaurmatané para bangsa uga bakal kagawa kasaosaké marang Panjenengané.
[27] Nanging sabarang kang najis bakal ora bisa mlebu mrono, utawa wong kang nindakaké panggawé nistha utawa cidra; kejaba mung wong-wong kang jenengé padha katulis ing kitab kauripan kagungané Sang Cempé.