Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:06

[1] <<Aja padha netepaké luputing wong, supaya kowé aja ditetepaké luputmu.

[2] Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi, yaiku kang bakal dianggo ngukumi kowé. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé.

[3] Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh?

[4] Kepriyé déné kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Mara, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangané, mangka mripatmu dhéwé ana glondhongé?

[5] Hé, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripaté sadulurmu.>>

[6] <<Barang kang suci aja kokwènèhaké marang asu, lan mutiyaramu aja kokuncalaké marang ngarepé babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyronggot kowé.>>

[7] <<Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal nemu. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.

[8] Sabab saben wong kang nyuwun, tampa, sing golèk, nemu lan sing thothok-thothok iku kawenganan lawang.

[9] Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu,

[10] utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula?

[11] Dadiné yèn kowé kang ala padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengané.>>

[12] <<Mulané sabarang panggawé sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya tindakna uga marang wong, awit iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi.

[13] Padha lumebua liwat ing lawang kang ciyut, awit amba lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono.

[14] Kosok-baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.>>

[15] <<Sing waspada marang para nabi palsu, kang padha nekani kowé nganggo nylamur kaya wedhus gèmbèl, mangka sajatiné iku asu ajag kang galak.

[16] Bakalé kowé bisa nitik marang bab mau saka wohé. Apa ana wong ngundhuh anggur saka thethukulan eri, utawa woh anjir saka rerungkudan?

[17] Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik.

[18] Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokaké woh kang becik.

[19] Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni.

[20] Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka wohé.

[21] Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga.

[22] Ing dina wekasan bakal akèh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula mboten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?

[23] Ing waktu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepku, hé, wong kang padha duraka.>>

[24] <<Mulané saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau lan banjur dilakoni, iku kayadéné wong wicaksana, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré watu padhas.

[25] Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing watu padhas.

[26] Nanging saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang bodho, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré wedhi.

[27] Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhé kang nempuh, omah mau banjur ambruk lan banget rusaké.>>

[28] Kacarita, bareng Yésus wis mungkasi pangandikané iku mau, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé,

[29] jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan pangwasa, ora kaya para ahli Torèt.

Matius — Chapters