[1] Bareng tindaké wis cedhak Yérusalèm, wis tekan ing Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus banjur utusan sakabaté loro,
[2] dhawuhé marang para sakabaté mau, <<Padha menyanga ing désa ngarepmu iku, ing kono kowé bakal énggal mrangguli kuldi wadon kacancang karo beloné ana ing sandhingé, padha uculana padha gawanen mréné.
[3] Déné menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, padha kandhaa: Gusti kang ngarsakaké. Panjenengané bakal énggal mbalèkaké.>>
[4] Bab iku kalakoné supaya katetepana apa kang kawedharaké déning nabi, pangandikané,
[5] <<Tutura marang putri Sion: Delengen, Rajanira ngrawuhi sira, alus ing panggalih, lan klawan nitih kuldi wadon, sarta beloning kuldi momotan.>>
[6] Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakaké kaya kang kadhawuhaké déning Yésus.
[7] Kuldiné karo beloné digawa, banjur dilarabi sandhangané. Panjenengané tumuli nitih.
[8] Wong golongan kang akèh cacahé iku padha njèrèng panganggoné ana ing dalan, ana manéh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.
[9] Lan wong golongan kang padha lumaku ana ing sangareping Panjenengané lan kang lumaku ana ing saburiné padha nguwuh-uwuh pangucapé, <<Hosana konjuk ing Putranipun Daud, binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran. Hosana wonten ing ngaluhur.>>
[10] Nalika Panjenengané lumebet ing Yérusalèm, wong sakutha kabèh padha horeg, lan padha ngucap, <<Sapa ta wong iki?>>
[11] Wong golongan padha mangsuli, <<Iku Nabi Yésus saka Nasarèt ing Galiléa.>>
[12] Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha adol-tinuku ana ing Padaleman Suci, méja-méjané wong juru-tukar dhuwit lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké,
[13] Panjenengané ngandika marang wong-wong iku, <<Wus tinulis, Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadèkaké guwaning bégal.>>
[14] Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha marek ing ngarsané Yésus ana ing Padaleman Suci lan Panjenengané banjur nyarasaké wong loro iku.
[15] Éwadéné bareng para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakaké, sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci, <<Hosana konjuk ing Putranipun Daud!>>, atiné padha jèngkèl banget,
[16] banjur matur marang Panjenengané, <<Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken laré-laré punika?>> Yésus ngandika marang wong-wong iku, <<Iya, krungu; apa kowé durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji lantaran cangkemipun laré-laré saha bayi-bayi?>>
[17] Panjenengané banjur nilar wong-wong mau, miyos saka kutha menyang Bètania lan nyaré ana ing kono.
[18] Ing wayah bangun ésuk nalika wangsul menyang kutha, Yésus kraos kerapan.
[19] Bareng pirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, Panjenengané tumuli murugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur ngandika, <<Ora bakal metu wohmu manèh ing salawas-lawasé!>> Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.
[20] Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaéraman sarta munjuk, <<Kadospundi, déné wit anjir punika lajeng dados garing sanalika?>>
[21] Nanging Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, <<Satemené Aku pitutur marang kowé, menawa kowé pracaya lan ora mangu-mangu, kowé bakal ora mung nindakaké apa kang wus kelakon tumraping wit anjir iku, nanging malah saupama kowé guneman marang gunung iki, <Kaangkata lan kajegurna ing sagara>, iku bakal kelakon.
[22] Lan apa baé kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowé bakal kaparingan.>>
[23] Yésus lumebet ing Padaleman Suci, lan nalika Panjenengané lagi memulang para pangarepé imam lan pinituwané bangsa Yahudi padha marek ing ngarsané, lan padha matur, <<Atas pangwaos punapa Panjenengan nindakaken sedaya punika? Saha sinten ingkang maringi pangwaos punika dhateng Panjenengan?>>
[24] Yésus paring wangsulan, <<Aku iya arep takon marang kowé lan yèn kowé wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowé, Aku tumindak mangkono iku atas pangwasa saka ngendi.
[25] Pambaptisé Yohanes iku saka ngendi? Saka swarga apa saka manungsa?>> Wong-wong mau banjur padha nimbang-nimbang lan padha rembugan, <<Yèn aku padha kandha: saka swarga. Wong iku bakal kandha: yèn mangkono yagéné kowé ora pracaya?
[26] Nanging menawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong golongan iku, awit wong iku kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi.>>
[27] Banjur padha ngaturi wangsulan marang Yésus, <<Kula sami mboten sumerep.>> Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, <<Yèn mangkono Aku iya ora kandha marang kowé atas pangwasa saka ngendi kabèh iku daktindakaké.>>
[28] <<Nanging kepriyé panemumu? Ana wong duwé anak lanang loro. Wong mau marani kang pambarep lan kandha: Nggèr, dina iki kowé nyambuta gawé ana ing kebon anggur.
[29] Anaké mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.
[30] Wong mau banjur marani anaké lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anaké mangsuli: Kula mboten purun. Sawusé iku kaduwung, nuli mangkat.
[31] Anak loro mau endi sing nindakaké karepé bapakné?>> Atur wangsulané wong-wong mau, <<Ingkang kantun.>> Pangandikané Yésus, <<Satemené Aku pitutur marang kowé: para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowé lumebu ing Kratoning Allah.
[32] Sabab Yohanes nekani kowé kanthi ngambah margining Allah, nanging kowé padha ora pracaya, mangka para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila padha pracaya. Déné kowé kabèh sanadyan padha weruh, ora keduwung lan sabanjuré pracaya marang panjenengané.>>
[33] <<Kowé padha ngrungokna pasemon liyané. Ana sawijining bendara kang nanduri kebon-angguré lan masang pager ngubengi kebon-anggur iku sarta ngedhuk jugangan pamipitan anggur sajroné pakebonan anggur iku, apadéné mbangun panggung pajagan, banjur nyéwakaké keboné marang tani-tani kang nggarap séwan, tumuli lelungan menyang nagara liya.
[34] Bareng mangsané ngundhuh wus cedhak, bendara iku kongkonan réwang-réwangé menyang anggoné para kang nyéwa, njupuk pametu kang dadi pandumané.
[35] Nanging para kang nyéwa iku padha nyekel réwang-réwangé bendara mau; nggebugi kang siji, matèni sijiné, lan mbenturi watu sijiné manèh.
[36] Bendara iku banjur kongkonan manèh réwang-réwang liyané, luwih akèh katimbang kang dhisik, nanging para kang nyéwa iku nggawé para réwang mau padha kaya kang dhisik.
[37] Wasana banjur kongkonan anaké, celathuné: Bakal padha éring marang anakku.
[38] Nanging bareng wong-wong kang nyéwa weruh anaké mau, banjur padha rasanan mangkéné: Iku ahli warisé, payo padha kita patèni lan kita padha ndarbèni warisané.
[39] Anaké mau banjur dicekel lan diuncalaké menyang sanjabaning kebon anggur, sarta dipatèni.
[40] Mulané samangsa kang duwé kebon anggur mau wus teka, iku bakal nindakaké apa marang kang padha nyéwa iku?>>
[41] Kang padha kadangu munjuk, <<Bendara wau badhé nyirnakaken tiyang-tiyang duraka punika lan nyéwakaken kebon angguripun dhateng tiyang-tiyang sanèsipun ingkang badhé ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.>>
[42] Yésus ngandika marang wong-wong iku <<Apa kowé durung tau maca ing Kitab Suci mangkéné: Watu kang ditampik déning tukang-tukang gawé omah, iku wis dadi watu pojokan. Kadadéan iki saka Pangéran, sarta élok ana ing pandeleng kita.
[43] Mulané Aku pitutur marang kowé, yèn Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowé lan bakal kaparingaké marang sawenèhing bangsa kang bakal metokaké wohé. [
[44] Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]>>
[45] Bareng para pangareping imam lan para Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa yèn Panjenengané iku ngandika bab awaké.
[46] Lan nalika padha mbudi-daya nyekel Panjenengané, wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengané.