Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:15

[1] Para Farisi lan Saduki padha marek arep nyoba marang Yésus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengané, supaya ngatingalaké pratandha saka ing swarga.

[2] Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong iku, pangandikané, <<Ing wayah soré kowé kandha, <Iki bakal terang>, marga langité abang sumilak;

[3] lan ing wayah ésuk kowé kandha, <Dina iki ora becik>, marga langité abang surem. Kowé bisa mbédakaké rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngerti.

[4] Golongan kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus.>> Panjenengané banjur tindak nilar wong-wong mau.

[5] Nalika para sakabat padha nyabrang sagara, padha lali ora nggawa roti.

[6] Yésus ngandika marang para sakabat, <<Padha diawas, padha kang waspada marang raginé para Farisi lan Saduki!>>

[7] Para sakabat padha rerembugan bab pangandika iku, pangucapé, <<Anggoné ngandika mangkono iku rak marga kita padha ora sangu roti.>>

[8] Bareng Yésus pirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika, <<Yagéné kowé padha rerembugan bab ora ana roti, hé, wong kang cupet ing pangandel?

[9] Apa kowé durung padha mangerti? Apa padha ora kèlingan bab roti lima kanggo wong limang èwu lan pirang kranjang sing kokklumpukaké?

[10] Mangkono uga bab roti pitu kanggo wong patang èwu lan pirang kranjang kang kokklumpukaké?

[11] Kepriyé ta déné kowé kok padha ora mangerti, yèn kang dakkarepaké iku dudu roti. Nanging padha diwaspada marang raginé para Farisi lan Saduki!>>

[12] Ing kono para sakabat lagi padha mangerti, yèn dhawuhé Gusti iku mau, ora supaya waspada marang ragining roti, nanging marang piwulangé para Farisi lan Saduki.

[13] Bareng Yésus rawuh ing wilayah Kaisaréa Filipi, banjur ndangu marang para sakabaté, <<Wong-wong ngarani, Putraning Manungsa iku sapa?>>

[14] Atur wangsulané para sakabat, <<Wonten ingkang cariyos: Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Élia; wonten malih ingkang mastani: Yérémia utawi salah satunggaling nabi.>>

[15] Panjenengané banjur ndangu, <<Nanging kowé dhéwé padha ngarani Aku iki sapa?>>

[16] Déné Simon Pétrus ngaturi wangsulan, aturé, <<Paduka punika Mésias, Putranipun Allah ingkang gesang!>>

[17] Nanggapi aturé Pétrus, Yésus banjur ngandika, <<Rahayu kowé! Simon anaké Yunus, amarga kang medharaké marang kowé iku dudu manungsa, nanging Ramaku kang ana ing swarga.

[18] Lan Aku dhawuh marang kowé: Kowé iku Pétrus, lan ing sandhuwuring watu karang iki, Aku bakal mbangun pasamuwanku, lan pangwasané alam pati ora bakal ngalahaké.

[19] Kowé bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktalèni ana ing donya bakal katalènan ana ing swarga, lan apa kang kokuculi, bakal kauculan ana ing swarga.>>

[20] Panjenengané banjur ngawisi para sakabaté, supaya ora ngandhakaké marang sapa baé, yèn Panjenengané iku Kristus.

[21] Wiwit nalika iku Yésus mratélakaké marang para sakabaté, yèn Panjenengané kudu tindak menyang Yérusalèm, lan bakal nandhang sangsara warna-warna marga saka panggawéné para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Torèt sarta banjur disédani, lan ing telung dinané kawungokaké.

[22] Nanging Pétrus narik Panjenengané, karo munjuk, <<Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Gusti ngantos kataman ingkang makaten punika.>>

[23] Nanging Panjenengané banjur méngo sarta ngandika marang Pétrus, <<Hé, sétan, sumingkira. Kowé iku dadi sandhunganku, sabab kowé ora mikir apa kang kagalih déning Allah, nanging mung manut pikiraning manungsa.>>

[24] Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, <<Menawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé sarta manggula salibé lan mèlua Aku.

[25] Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nemu.

[26] Apa gunané wong olèh donya iki kabèh, yèn kélangan nyawané? Lan apa kang bakal dipasrahaké minangka ijolé nyawané?

[27] Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaékaté; ing nalika iku Panjenengané bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawéné.

[28] Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong-wong kang padha ana ing kéné iki ana kang ora bakal padha mati, sadurungé weruh Putraning Manungsa rawuh ing Kratoné.>>

Matius — Chapters