Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 8:32

[1] Yésus tumuli medhar pangandika manèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, pangandikané,

[2] <<Kratoning Swarga upamané kaya ratu kang nganakaké pahargyan nikah kanggo putrané.

[3] Banjur utusan abdi-abdiné nimbali para kang kauleman, ana ing pahargyan iku, nanging padha ora gelem nekani.

[4] Nuli utusan manèh abdi-abdi liyané, dhawuhé: Sing padha diulemi kandhanana mangkéné: Lah Ingsun wus nyawisaké bujananingsun, sapiningsun lan kéwaningsun lemon wis padha kasembelèh, sarta samubarang wus cumepak, padha tekaa ing pahargyan.

[5] Éwadéné iku padha ora maèlu lan lunga sumingkir. Sawenèh menyang pategalané, sawenèh ngurusi dagangané,

[6] déné liyané padha nyekel, nganiaya lan matèni para abdiné ratu iku.

[7] Mulané ratu iku duka lan banjur utusan wadyabalané kadhawuhan numpes para kang gawé pepati iku lan ngobongi kuthané.

[8] Sawisé iku nuli ngandika marang para abdiné: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

[9] Mulané padha menyanga simpangan-simpanganing dalan, lan saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang pahargyan manton iki.

[10] Para abdi tumuli padha metu menyang dalan-dalan, padha ngumpulaké kabèh wong kang diprangguli, dadia wong ala, mangkono uga wong becik, nganti papan pahargyan manton dikebaki wong kang padha lungguh kembul bujana.

[11] Nalika ratu lumebet karsa manggihi kang padha kembulan, panjenengané pirsa ing kono wong siji kang ora manganggo sandhangan pésta.

[12] Panjenengané banjur ngandika marang wong mau: Hé, kanca, kepriyé déné kowé lumebu ing kéné ora nganggo sandhangan pésta? Wong mau meneng baé.

[13] Raja iku banjur ngandika marang para abdiné: Bandanen tangané lan sikilé, nuli uncalna menyang panggonan kang peteng dhéwé, ing kono kang bakal ana panangis lan keroting untu.

[14] Sabab akèh kang katimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.>>

[15] Para Farisi banjur lunga, ngrancang kepriyé carané njiret Panjenengané.

[16] Nuli kongkonan murid-muridé marek marang Panjenengané bebarengan karo wong-wong Hérodian, matur, <<Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa déné Panjenengan mboten preduli dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang.

[17] Ingkang punika mugi Panjenengan ngandika dhateng kula sadaya, kadospundi penggalih Panjenengan, menggah mbayar paos dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten?>>

[18] Nanging Yésus pirsa alaning sedyané wong-wong mau, banjur ngandika, <<Yagéné kowé padha nyoba marang Aku, hé wong-wong lamis?

[19] Aku tuduhana dhuwit kang kanggo pajeg iku!>> Wong-wong mau banjur ngaturi Panjenengané dhuwit dhinar siji.

[20] Panjenengané nuli ngandika, <<Iki gambaré lan tulisané sapa?>>

[21] Atur wangsulané, <<Gambar saha seratanipun Kaisar.>> Panjenengané banjur ngandika, <<Mulané saosna marang Kaisar apa kang dadi kagungané Kaisar lan marang Allah apa kang dadi kagungané Allah.>>

[22] Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaéraman, tumuli ninggal Panjenengané lan lunga bablas.

[23] Ing dina iku ana para Saduki kang padha ngarani yèn ora ana tanginé wong mati, padha marek ing ngarsané Gusti Yésus lan padha matur pitakon,

[24] tembungé, <<Guru, Musa ngandika, menawi wonten tiyang pejah mboten tilar anak, sadhèrèkipun tiyang wau mendheta wulanjaripun dados sèmahipun, supados nyukani turun dhateng sadhèrèkipun punika.

[25] Kelampahan ing satengah kula sadaya wonten sadhèrèk jaler pitu; lan ingkang kapisan sasampunipun émah-émah lajeng pejah. Sarèhné mboten nilar anak, dados nilaraken wulanjaripun dhateng sadhèrèkipun.

[26] Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan.

[27] Wasana sapengkeripun sadaya punika wau ingkang èstri inggih lajeng pejah.

[28] Ingkang punika bénjing ing dinten patangèn, tiyang pitu wau pundi ingkang dados sémahipun tiyang èstri punika, sadaya rak sampun naté gesang sesarengan kaliyan piyambakipun.>>

[29] Yésus mangsuli, pangandikané marang wong-wong iku, <<Kowé iku padha kesasar, jalaran kowé padha ora ngerti bab Kitab Suci lan bab pangwasané Allah.

[30] Awit bésuk ing jaman patangèn ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahaké, nanging padha kaya malaékat kang ana ing swarga.

[31] Apadéné bab tanginé wong mati apa kowé ora maca apa kang kapangandikakaké marang kowé déning Allah, nalika Panjenengané ngandika:

[32] Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub? Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip.>>

[33] Wong golongan kang padha ngrungokaké, padha kaéraman ing bab piwulangé.

[34] Para Farisi bareng krungu, yèn Yésus wis mbungkem cangkemé para Saduki, banjur padha nglumpuk.

[35] Nuli salah siji saka panunggalané wong-wong iku, yaiku ahli Torèt, matur pitakon kanggo nyoba marang Panjenengané,

[36] <<Guru, angger-angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?>>

[37] Panjenengané ngandika marang wong iku, <<Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.

[38] Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.

[39] Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.

[40] Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau.>>

[41] Nalika para Farisi lagi padha nglumpuk, Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané,

[42] <<Kepriyé panemumu bab Kristus? Iku tedhaké sapa?>> Wangsulané kang padha kadangu, <<Tedhakipun Daud.>>

[43] Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, <<Yèn mangkono, kepriyé déné Daud marga saka katuntun déning Roh kok nyebut Gustiné, yaiku nalika ngandika:

[44] Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningsun, nganti sakèhing mungsuhira wus Sunpapanaké ing sangisoring tlapakanira.

[45] Dadi yèn Daud nyebut Panjenengané iku Gusti, kepriyé déné Panjenengané iku dadi tedhaké?>>

[46] Ora ana siji baé kang bisa mangsuli Panjenengané, lan mangkono uga wiwit ing dina iku ora ana kang wani matur pitakon manèh marang Panjenengané.

Matius — Chapters