Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 8:18

[1] Yésus tumuli nimbali sakabaté rolas sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan lan nyarasaké sarupaning lelara lan sarupaning memala.

[2] Déné jenengé para rasul rolas mau yaiku: Kang wiwitan Simon kang karan Pétrus, lan Andréas saduluré, Yakobus anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré,

[3] Filipus lan Bartoloméus, Tomas lan Matius juru-narik-pajeg, Yakobus anaké Alféus, lan Tadéus,

[4] Simon wong Zélot lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Panjenengané.

[5] Wong rolas mau padha diutus déning Yésus sarta diparingi piweling mangkéné, <<Kowé aja padha nyimpang menyang dalané wong kang ora wanuh marang Allah lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria,

[6] nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhusé Banisraèl kang padha ketriwal.

[7] Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning Swarga wus cedhak.

[8] Wong lara padha warasna, wong mati tangèkna, biraten najisé wong lara kusta; sétan-sétan padha tundhungana. Kowé wis padha nampani kanthi lelahanan, mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.

[9] Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu.

[10] Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut-gawé iku wis sapantesé yèn tampa pituwas.

[11] Menawa kowé lumebu ing kutha utawa ing désa, golèka wong kang pantes, banjur manggona ana ing kono nganti salungamu.

[12] Menawa kowé lumebu ing omahé wong, ulukana salam.

[13] Menawa kanthi pantes nampani salammu, salammu tumanduk marang wong-wong iku, nanging menawa ora pantes, salammu iku bali marang kowé manèh.

[14] Déné yèn ana wong kang ora nampani kowé lan ora ngrungokaké tetembunganmu, endang lungaa lan metua saka omah utawa kutha kono, sarta ketabna lebuné sikilmu.

[15] Satemené Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang sinangga déning Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng katimbang karo kutha iku.>>

[16] <<Lah kowé padha dakutus kayadéné wedhus gèmbèl menyang ing satengahing asu ajag, mulané dingati-ati kaya ula lan dibarès kaya manuk dara.

[17] Nanging sing waspada marang wong kabèh; sabab ana kang bakal ngladèkaké kowé marang pradata agama, kang banjur nggitiki kowé ana ing papan-papan pangibadahé.

[18] Lan marga saka Aku, kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta pangwasa lan para raja, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kang ora wanuh marang Allah.

[19] Anadéné menawa kowé padha kelakon diladèkaké, aja padha sumelang ing bab kepriyé lan apa kang bakal kokaturaké, amarga ing sanalika iku uga kowé bakal kaparingan apa kang prelu kokaturaké.

[20] Awit dudu kowé kang celathu, nanging Rohé Ramamu kang ngandika lantaran kowé.

[21] Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal padha wani marang wong-tuwané lan banjur dipatèni.

[22] Lan kowé bakal disengiti ing wong kabèh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.

[23] Menawa kowé dianiaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané; awit satemené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israèl kabèh, Putraning Manungsa wus rawuh.

[24] Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné, utawa abdi iya ora ngungkuli bendarané.

[25] Tumraping sakabat wis cukup, yèn nganti karengkuh padha kaya guruné, lan tumrap abdi, yèn karengkuh padha kaya bendarané. Menawa kang duwé omah disebut Bèèlzebul, apa manèh brayaté saomah.

[26] Mulané wong iku aja padha kokwedèni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké, kang bakal ora kaweruhan.

[27] Apa kang dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokaké kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.

[28] Aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni raga, nanging ora bisa matèni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengané, kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.

[29] Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Éwadéné siji baé ora ana kang tiba ing lemah, yèn ora saka karsané Ramamu.

[30] Mangka kowé iku, malah dalasan rambutmu wis padha diétung kabèh.

[31] Mulané aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.

[32] Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal dakakoni ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga.

[33] Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal daksélaki ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga.>>

[34] <<Kowé aja padha ngira, yèn tekaku nggawa pirukun ana ing bumi. Tekaku iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.

[35] Sabab tekaku iku njalari wong crah karo bapakné, anak wadon karo embokné; mantu wadon karo embokné maratuwa,

[36] karodéné mungsuhé wong yaiku para kang nunggal saomah kabèh.

[37] Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

[38] Sing sapa nampani ora manggul salibé lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.

[39] Sing sapa ngéman nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal olèh nyawané.

[40] Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.

[41] Sing sapa nampani nabi marga saka anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid.

[42] Apadéné sing sapa awèh banyu adhem sacangkir baé marang salah sawijining wong cilik iki, marga iku sakabatku, Aku pitutur marang kowé satemené: wong iku mesthi bakal tampa pituwasé.>>

Matius — Chapters