[1] <<Anadéné bab Kratoning Swarga iku kena diupamakaké kaya bendara kang ing wayah ésuk umun-umun metu arep mburuhaké pagawéan ing kebon angguré.
[2] Bareng wis mupakat karo para buruh iku bab opah sadina sedinar, bendara iku banjur akon para buruh menyang kebon angguré.
[3] Kira-kira jam sanga bendara mau metu manèh, nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.
[4] Tumuli kandha marang wong-wong mau: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggur lan aku bakal mènèhi kowé ing sapatuté. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.
[5] Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu manèh lan iya nindakaké kaya ing ngarep mau.
[6] Lan watara jam lima soré iya metu manèh sarta mrangguli wong-wong liyané kang padha nganggur, banjur kandha marang wong-wong iku: Yagéné kowé padha nganggur ana ing kéné sadina muput tanpa gawéan?
[7] Wangsulané wong-wong marang bendara mau: Awit mboten wonten tiyang ingkang mberahaken padamelan dhateng kula. Wong iku tumuli dikandhani: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggurku.
[8] Bareng wus surup sing duwé kebon anggur kandha karo mandhoré: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wènèhana buruhané, wiwit sing mlebu kèri dhéwé nganti tekan sing mlebu dhisik dhéwé.
[9] Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawé padha teka, lan diopahi nyadinar.
[10] Sawusé iku kang mlebuné ésuk dhéwé padha mara, iku padha ngira bakal tampa opah luwih akèh, mangka iku iya tampa sedinar wong siji.
[11] Nalika padha nampani opahé, padha protès marang kang duwé kebon anggur.
[12] Tembungé: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyambut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kebentèren.
[13] Nanging kang duwé kebon anggur mangsuli marang wong mau: Aku rak ora luput karo kowé. Kowé karo aku rak wis padha mupakat nyadinar sadina?
[14] Tampanana bagéanmu, banjur lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong kang mlebu kèri dhéwé padha karo kowé.
[15] Apa aku ora wenang nindakaké apa kang dakkarepaké nganggo duwèkku dhéwé? Utawa, apa kowé mèri, déné aku iki loma?
[16] Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.>>
[17] Nalika Yésus arep tindak menyang Yérusalèm, Panjenengané nimbali sakabat rolas ndhéwé sarta ana ing dalan Panjenengané ngandika marang para sakabat iku,
[18] <<Lah, Aku lan kowé padha menyang Yérusalèm lan Putraning Manungsa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ahli Torèt; wong iku bakal nibakaké paukuman pati marang Panjenengané,
[19] sarta masrahaké Panjenengané marang wong-wong kang ora wanuh marang Allah, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib, sarta ing telung dinané bakal kawungokaké.>>
[20] Nuli ibuné anak-anaké Zébédéus marek ing ngarsané Yésus karo anak-anaké, lan kanthi sujud sarta arep ngaturaké panyuwunan.
[21] Panjenengané banjur ngandika marang wong wadon iku, <<Apa sing kokkarepaké?>> Aturé wong wadon iku, <<Gusti mugi ndhawuhaken supados anak kawula kekalih punika mbénjing sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen lan satunggalipun ing kiwa Panjenengan wonten ing Kraton Panjenengan.>>
[22] Nanging Yésus mangsuli, <<Kowé iku padha ora ngerti kang koksuwun. Apa kowé bisa ngombé ing tuwung, kang kudu dakombé?>> Karo-karoné padha munjuk marang Panjenengané, <<Inggih saged.>>
[23] Panjenengané paring pangandika marang sakabat loro iku, <<Tuwungku pancèn bakal kokombé, nanging bab linggih ing tengenku utawa ing kiwaku, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingaké marang wong-wong, kang wus cinadhang déning Ramaku.>>
[24] Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau.
[25] Éwasamono Yésus banjur nimbali marek para sakabat lan ngandika, <<Kowé padha ngerti, yèn para pangrèhé bangsa-bangsa iku tumindaké kaya bendara marang rakyaté, lan para panggedé padha nindakaké pangwasa kanthi sawenang-wenang marang kang kabawah ing pangwasané.
[26] Déné ana ing antaramu aja kaya mangkono, nanging sapa sing ngangkah dadi gedhé ana ing antaramu, iku dadia peladènmu,
[27] lan sing sapa kepéngin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu.
[28] Kayadéné Putraning Manungsa rawuhé, ora supaya diladosi, nanging supaya ngladosi sarta masrahaké nyawané minangka tebusan kanggo wong akèh.>>
[29] Nalika padha metu saka Yèrikho, wong sagolongan gedhé padha ndhèrèkaké Panjenengané.
[30] Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yèn Yésus langkung, banjur padha nywara sora, <<Gusti, mugi karsa melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!>>
[31] Wong golongan banjur padha nyendhu supaya padha meneng. Éwasamono malah saya seru anggoné padha nywara aturé, <<Dhuh, Gusti, mugi melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!>>
[32] Yésus banjur kèndel anggoné tindak sarta nimbali wong loro mau, lan ngandika, <<Apa sing padha kokkarepaké supaya daktindakaké marang kowé?>>
[33] Wong loro mau ngaturi wangsulan marang Panjenengané, <<Dhuh Gusti, supados mripat kawula sageda sumerep.>>
[34] Klawan trenyuh ing galih awit saka welasé, Panjenengané banjur ndumuki mripaté wong loro mau, lan sanalika padha bisa ndeleng, banjur padha ndhèrèkaké Panjenengané.