[1] <<Ing wektu iku bab Kratoning Swarga kaupamakaké kaya prawan sapuluh, kang njupuk lampuné tumuli mangkat methuk pangantèn lanang.
[2] Lima saka kang sepuluh iku bodho, déné kang lima wicaksana.
[3] Kang bodho mau nggawa lampuné ora nganggo nggawa lenga sèrepan,
[4] déné kang wicaksana, nggawa lampu lan lenga ing wadhahé.
[5] Nanging sarèhné pangantèné suwé ora teka-teka, prawan-prawan mau padha ngantuk lan banjur turu.
[6] Bareng wayah tengah wengi ana wong alok-alok: Lah iku pengantèné! Padha pethukna!
[7] Prawan-prawan mau padha tangi lan nata lampu-lampuné.
[8] Prawan-prawan kang bodho banjur nembung marang kang wicaksana: Aku padha wènèhana lengamu sathithik, awit lampuku padha arep mati.
[9] Nanging prawan-prawan kang wicaksana padha mangsuli klawan celathu: Aja, mbokmenawa ora nyukupi kanggo aku lan kowé. Aluwung padha lungaa menyang enggoné sing adol lan tukua kanggo awakmu dhéwé.
[10] Nanging nalika lagi padha lunga arep tuku, pengantèné teka, lan kang wis miranti padha bareng pengantèné lumebu ing pahargyan, lawangé banjur dikancing.
[11] Sawusé mangkono prawan-prawan liyané iya teka lan matur: Bendara, bendara, kawula nyuwun kori!
[12] Nanging pangantèné mangsuli, tembungé: Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku ora wanuh karo kowé.
[13] Mulané padha melèka, awit kowé padha ora weruh iya dinané lan wayahé.>>
[14] <<Awit bab iku kayadéné wong kang arep lelungan marang ngamanca, banjur ngundangi abdi-abdiné, lan mitayakaké barang darbèké marang abdi-abdiné mau.
[15] Marang kang siji bendara iku mènèhi limang talènta, marang sijiné rong talènta, lan marang sijiné manèh satalènta, siji lan sijiné miturut kabisané dhéwé, lan bendara mau banjur énggal mangkat.
[16] Kang tampa limang talènta banjur lunga, laku dagang nganggo dhuwité iku lan olèh bathi limang talènta.
[17] Mangkono uga kang tampa rong talènta iya olèh bathi rong talénta.
[18] Nanging kang tampa satalènta iku lunga ndhudhuk lemah gawé luwangan, lan nyimpen dhuwité bendarané.
[19] Sawusé watara lawas bendarané abdi-abdi mau teka, banjur étung-étungan karo abdi-abdiné.
[20] Kang tampa limang talènta ngaturaké bebathèn limang talènta, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken gangsal talènta dhateng kula; lah punika kula angsal bathi gangsal talènta.
[21] Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wus tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu.
[22] Kang tampa rong talènta uga maju, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken kalih talènta dhateng kula; lah kula angsal bathi kalih talènta.
[23] Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wis tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu.
[24] Kang tampa satalènta uga banjur maju klawan matur: Bendara, kula ngertos, bilih panjenengan punika tiyang kereng ingkang ngenèni ing papan ingkang mboten panjenengan sebari lan ngempal-ngempalaken saking papan ingkang mboten panjenengan tanemi.
[25] Mila kanthi ajrih, kula lajeng késah nyimpen talènta panjenengan ing salebeting siti. Lah mangga panjenengan tampèni punapa ingkang dados kagungan panjenengan!
[26] Bendarané banjur mangsuli: Hé, abdi kang ala lan kesèd, kowé wis ngerti, yèn aku ngenèni ing papan kang ora daksebari lan ngumpul-ngumpulaké saka papan kang ora daktanduri.
[27] Yèn mangkono, kowé kuduné masrahaké dhuwitku marang wong kang nglakokaké dhuwit, lan samangsa aku teka aku nampani bali, iku dalah saanakané.
[28] Mulané talèntané iku jaluken, banjur wènèhna marang kang duwé sapuluh talènta iku.
[29] Sabab sing sapa duwé, bakal kaparingan, lan bakal duwé nganti lubèr-lubèr. Nanging saka wong kang ora duwé, bakal kapundhutan sabarang darbèké kabèh.
[30] Anadéné abdi kang tanpa guna iku uncalna menyang pepeteng kang peteng dhéwé. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.>>
[31] <<Bésuk menawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyané lan sakèhing malaékat padha ndhèrèkaké, Panjenengané banjur lenggah ing dhampar kamulyané.
[32] Sakèhing bangsa nuli bakal kaklumpukaké ana ing ngarsané lan Panjenengané bakal misah-misahaké bangsa-bangsa iku siji lan sijiné, kayadéné pangon anggoné misah-misahaké wedhus-gèmbèl karo wedhus-bérok,
[33] lan pangon iku mapanaké wedhus gèmbèl ana ing tengené, déné wedhus jawa ana ing kiwané.
[34] Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengené: Hé, para kang binerkahan déning Ramaningsun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wus kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagat.
[35] Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira nyaosi kang kanggo ngunjuk; nalika Ingsun neneka, sira nyaosi palereban;
[36] nalika Ingsun kelukaran, sira ngagem-ngagemi Ingsun, nalika Ingsun gerah, sira niliki Ingsun; nalika Ingsun kinunjara, sira mara nemoni Ingsun.
[37] Ing kono para wong kang lakuné bener iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula nyaosi dhahar, utawi kasatan lajeng kawula nyaosi ngunjuk?
[38] Kala punapa kawula sumerep Paduka neneka lajeng kawula nyaosi palereban, utawi kelukaran kawula agem-agemi?
[39] Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula marek manggihi Paduka?
[40] Sang Nata bakal paring wangsulan, pangandikané marang wong-wong iku: Satemené Ingsun pitutur marang sira: Sepira kang sira tindakaké marang salah siji saka sedulur-seduluringsun kang cilik dhéwé iki, iku sira tindakaké kagem Ingsun.
[41] Sawusé mangkono Panjenengané iya bakal ngandika marang kang ana ing kiwané: Hé wong kang padha kena ing laknat, sumingkira saka ing ngarsaningsun, menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté.
[42] Awit nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk;
[43] nalika Ingsun neneka, sira ora nampani Ingsun ing brayatira; nalika Ingsun kelukaran sira ora ngagem-agemi Ingsun; nalika Ingsun gerah lan ana ing kunjara, sira ora niliki Ingsun.
[44] Ing kono wong-wong mau iya bakal padha mangsuli klawan munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi neneka, utawi kelukaran utawi gerah, utawi kinunjara lan kawula mboten ngladosi Paduka?
[45] Panjenengané banjur bakal mangsuli wong-wong mau klawan ngandika: Satemen-temené Ingsun pitutur marang sira, sepira kang ora sira tindakaké marang kang cilik dhéwé iki, iku iya ora sira tindakaké kagem Ingsun.
[46] Anadéné wong-wong iku bakal padha lumebu ing paukuman langgeng, déné para wong kang lakuné bener bakal lumebu ing urip langgeng.>>