Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 13:22

[1] Bareng wis ésuk, pangareping imam kabèh lan pinituwaning bangsa padha nglumpuk lan gawé keputusan tumrap Yésus nedya nyédani Panjenengané.

[2] Lan sawisé mbanda Panjenengané, wong-wong iku banjur ngirid Panjenengané lan masrahaké marang Pilatus, Gubernur ing wilayah kono.

[3] Nalika Yudas, sakabat kang ngulungaké iku weruh Panjenengané bakal kasédanan, temah kanthi keduwung, banjur mbalèkaké dhuwit telung puluh sèkel pérak marang para pangarepé imam lan pinituwa,

[4] kalawan matur, <<Kula damel dosa, kanthi ngulungaken rah resik.>> Nanging wong-wong iku padha mangsuli, <<Apa urusané iku karo aku sakkanca? Mesthiné kowé dhéwé kang ngrampungi prekara iku!>>

[5] Lan karo nguncalaké dhuwité iku ana sajroning Padaleman Suci, Yudas sumingkir saka kono lan nggantung.

[6] Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha kandha, <<Dhuwit iki ora kena kalebokaké ing pethi pisungsung, sabab iki dhuwit getih.>>

[7] Sawisé padha rembugan banjur tuku palemahané kundhi nganggo dhuwit iku minangka pakuburané wong-wong manca.

[8] Mulané palemahan mau sapréné diarani: Palemahan Getih.

[9] Kang mangkono iku dadi wus katetepan pangandika lantaran Yérémia kang dhawuh, <<Padha nampani dhuwit telung puluh sèkel pérak, yaiku ajiné wong manut katetepaning rega ing satengahé bani Israèl,

[10] lan dhuwit mau banjur katukokaké palemahané kundhi, kaya anggoné Pangéran dhawuh marang aku.>>

[11] Yésus banjur kaadhepaké ing ngarsané gubernur, lan gubernur nuli ndangu Panjenengané klawan ngandika, <<Punapa panjenengan rajanipun tiyang Yahudi?>> Yésus ngandika, <<Panjenengan piyambak mastani makaten.>>

[12] Déné tumrap panggugat marang Panjenengané déning para pangarepé imam lan para pinituwa, Panjenengané ora paring wangsulan apa-apa.

[13] Pilatus banjur ngandika marang Panjenengané, <<Punapa Panjenengan mboten mirengaken gugatanipun para seksi ingkang samanten kathahipun punika?>>

[14] Panjenengané ora paring wangsulan, nganti ndadèkaké gumuné Pilatus.

[15] Anadéné ing saben mangsa riyaya, adaté gubernur nglilani luwaré tawanan siji kang dikarepaké wong akèh.

[16] Mangka ing nalika iku ana wong siji kang kawentar alané, jenengé (Yésus) Barabbas.

[17] Sarèhné wong-wong wus padha nglumpuk, Pilatus ngandika marang wong-wong iku, <<Sapa sing kokkarepaké supaya dakluwari, (Yésus) Barabbas, apa Yésus kang kasebut Kristus?>>

[18] Sabab Pilatus wus pirsa, yèn wong-wong iku padha masrahaké Panjenengané awit saka drengkining ati.

[19] Nalika Panjenengané lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwané utusan matur, <<Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prekawisipun tiyang mursid punika, awit wau dalu damel sisah kula salebetipun ngimpi karana Panjenenganipun.>>

[20] Nanging para pangarepé imam lan para pinituwa, padha ngojok-ojoki wong golongan supaya nyuwun Barabbas kaluwarana lan Yésus diukum pati.

[21] Gubernur banjur mangsuli lan ngandika marang wong golongan iku, <<Saka ing antarané wong loro iku sapa kang kokkarepaké supaya dakluwari?>> Wong golongan tumuli matur, <<Barabbas!>>

[22] Pilatus ndangu manèh, <<Yèn mangkono apa kang kudu daktindakaké tumrap Yésus kang kasebut Kristus iku?>> Kabèh padha matur, <<Tiyang punika kasaliba!>>

[23] Éwadéné Pilatus ngandika, <<Iku awit saka kadurakan apa kang wus katindakaké?>> Nanging wong golongan iku sangsaya seru pambengoké, tembungé, <<Tiyang punika kasaliba!>>

[24] Bareng Pilatus pirsa, yèn pambudidayané bakal tanpa guna, nanging malah wiwit gègèran, panjenengané tumuli mundhut banyu sarta wijik asta ana ing ngarepé wong golongan iku karo ngandika, <<Aku ora kaluputan tumrap getihé wong iki; padha rampungana dhéwé!>>

[25] Lan wong kabèh padha mangsuli klawan matur, <<Rahipun dhumawaha ing kawula lan anak-anak kawula.>>

[26] Pilatus banjur ngluwari Barabas nuruti karebé wong akèh iku, lan sawisé nindakaké paukuman sapu marang Yésus, panjenengané banjur masrahaké Yésus supaya kasalib.

[27] Para prajurité gubernur banjur ngirid Yésus mlebu ing gedhong pangadilan lan nglumpukaké prajurit sabataliyon wutuh ngepung Panjenengané.

[28] Lan sawusé ngrucat jubah agemané, para prajurit iku banjur ngagemaké jubah wungu marang Panjenengané,

[29] sarta padha nganam makutha eri diagemaké ing mustakané, apadéné ing astané tengen dicepengi glagah. Tumuli padha jèngkèng ana ing ngarsané kambi moyoki, pangucapé, <<Ngaturaken salam bekti, dhuh Rajanipun tiyang Yahudi!>>

[30] Lan karo ngidoni Panjenengané, banjur padha njupuk glagahé iku mau sarta kagebagaké ing mustakané.

[31] Sawusé padha moyoki Panjenengané, tumuli padha ngrucat jubahé lan ngagemaké pangagemané piyambak, banjur nglarak Panjenengané metu arep disalib.

[32] Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kepethuk wong saka ing Kiréné, jenengé Simon. Para prajurit meksa wong iku supaya manggul salibé Yésus.

[33] Lakuné banjur tekan ing panggonan kang aran Golgota, tegesé pacumplungan.

[34] Padha nyaosi ngunjuk Panjenengané anggur kang dicampur rempelu; lan bareng ngedhapi, Panjenengané ora karsa ngunjuk.

[35] Sawisé padha nyalib Panjenengané, para prajurit banjur padha ngedum-edum pangagemané sarana dilotré.

[36] Para prajurit nuli padha lungguh, njaga Panjenengané.

[37] Sarta padha masang pandakwa bab kaluputané Panjenengané sarana tulisan ana ing sandhuwuré mustakané, uniné, <<Iki Yésus rajané wong Yahudi.>>

[38] Nalika samana ana bégal loro kasalib bareng karo Panjenengané, siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwa.

[39] Anadéné wong-wong kang padha liwat, padha ngala-ala marang Yésus, kambi gèdhèg-gèdhèg

[40] lan padha ngucap, <<Hé, kowé, kang arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun sajroné telung dina, luwarana awakmu dhéwé: Déné menawa kowé iku Putrané Allah, mudhuna saka ing salib!>>

[41] Mangkono uga para pangarepé imam padha moyoki bareng karo para ahli Torèt sarta para pinituwa, pangucapé,

[42] <<Wong iku wis nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa! Menawa wong iku rajané Israèl, saiki karebèn mudhun saka ing salib lan aku bakal padha pracaya.

[43] Wong iku wis kumandel marang Allah, déné saiki karebèn Allah sing nylametaké, yèn pancèn Allah kepareng ing penggalih, sabab wong iku rak wus kandha: Aku iku Putrané Allah.>>

[44] Dalah bégal-bégal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengané mangkono.

[45] Wiwit jam rolas nganti tekan jam telu ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh.

[46] Kira-kira jam telu, Yésus nywanten sora, <<Éli, Éli, lama sabakhtani?>> Tegesé: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa déné Paduka nilar Kawula?

[47] Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap, <<Wong iki ngundang Élia.>>

[48] Sanalika ana wong siji saka antarané wong-wong iku mlayu, njupuk jamur karang, lan sawisé dicelupaké anggur kecut, diubetaké ing glagah banjur kacaosaké Panjenengané supaya kaunjuk.

[49] Nanging wong-wong liyané padha ngucap, <<Wis ta enengna baé, kita arep padha weruh, apa Élia rawuh nylametaké wong kuwi.>>

[50] Yésus banjur nywanten sora, nuli masrahaké nyawané.

[51] Ing kono geberé Padaleman Suci suwèk dadi loro wiwit saka ndhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta parang-parang padha bengkah,

[52] apadéné kubur-kubur padha menga, lan akèh para suci kang wus padha mati, padha katangèkaké.

[53] Bareng wis padha metu saka ing kubur, lan sawisé wunguné Panjenengané, para suci kang katangèkaké iku padha lumebu ing kutha suci sarta padha ngaton marang wong akèh.

[54] Panggedhéning prajurit lan para kang njaga Yésus bebarengan padha ngrasakaké lindhu lan nyipati apa kang wus kelakon, padha banget wediné, lan padha ngucap mangkéné, <<Sanyata Panjenengané iku Putraning Allah.>>

[55] Ing kono ana wong wadon akèh kang padha ngawasaké saka kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa prelu ngladosi Panjenengané.

[56] Ing antarané yaiku: Maria Magdaléna, lan Maria ibuné Yakobus lan Yusuf, sarta ibuné anak-anaké Zébédéus.

[57] Bareng soré ana wong sugih teka saka Arimatéa, jenengé Yusuf, kang uga wus dadi muridé Yésus,

[58] wong iku séba ing ngarsané Pilatus nyuwun layoné Yésus. Pilatus banjur dhawuh maringaké marang wong mau.

[59] Bareng Yusuf wis njupuk layoné, tumuli ngulesi layon iku nganggo mori putih kang resik,

[60] lan banjur nyarèkaké layon iku ana ing pakuburané kang anyar, kang tinatah ana ing padhas, lan sawisé ngglundungaké watu gedhé ana ing lawangé pasaréan, nuli mulih.

[61] Maria Magdaléna lan Maria sijiné padha ana ing kono padha linggih ing ngarep pasaréan.

[62] Ésuké, yaiku sawisé dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha nglumpuk ing ngarsané Pilatus

[63] lan padha matur, <<Tuwan, kula sami ènget, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sawisé telung dina Aku bakal tangi.

[64] Awit saking punika, mugi panjenengan ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun. Manawi mboten mekaten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng mandung Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah, <<Panjenengané wus wungu saka ing antarané wong mati, satemah juru panasaran ingkang kantun badhé langkung awon katimbang ingkang rumiyin.>>

[65] Pangandikané Pilatus marang wong-wong mau, <<Kowé padha daklilani nggawa prajurit, padha mangkata, padha jaganen kaya kang kokkarepaké.>>

[66] Sawisé padha mangkat, wong-wong iku padha njaga pasaréan, sarta kabantu déning para prajurit nyègel watuné.

Matius — Chapters