Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 8:02

[1] Sawisé iku banjur ana para Farisi lan ahli Torèt sawatara saka ing Yérusalèm kang padha marek marang ngarsané Yésus sarta matur,

[2] <<Punapa sababipun, déné sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tata-caranipun para leluhur kita? Manawi badhé nedha kok sami mboten wisuh tangan rumiyin?>>

[3] Nanging Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong mau, pangandikané <<Yagéné kowé kok uga padha nerak angger-anggeré Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé?

[4] Sabab Allah ngandika: Sira ngajènana bapa biyungira; lan manèh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyungé kudu mati.

[5] Éwadéné kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyungé: Punapa ingkang maédahi tumraping panjenengan ingkang mesthinipun kula aturaken, punika sampun kanggé kurban pisungsung,

[6] lah wong iku banjur wis ora kuwajiban ngajèni bapakné utawa biyungé manèh. Dadiné kowé wis ngorakaké pepakoning Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé.

[7] Hé, wong lamis, cèples temen pamecané Yésaya tumrap kowé:

[8] Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambéné, déné atiné adoh karo Ingsun.

[9] Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, déné piwulang kang diwulangaké iku pepakoning manungsa.>>

[10] Yésus banjur nimbali wong golongan, kang dipangandikani mangkéné,

[11] <<Padha ngrungokna lan mangertia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.>>

[12] Ing nalika iku para sakabaté padha marek ing ngarsané lan munjuk, <<Punapa Panjenengan pirsa, bilih para Farisi sareng mireng pangandika punika wau lajeng sami serik manahipun?>>

[13] Panjenengané paring wangsulan, <<Sadhéngaha thethukulan kang dudu tanemané Ramaku ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyodé.

[14] Jarna baé wong-wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yèn wong picak nuntun wong picak, loro-loroné mesthi padha kecemplung ing luwangan.>>

[15] Pétrus tumuli munjuk marang Panjenengané, <<Pasemon punika mugi Panjenengan terangaken.>>

[16] Panjenengané banjur ngandika, <<Dadi kowé iya padha durung mangerti?

[17] Apa kowé padha ora mangerti, yèn samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parané menyang weteng banjur dibuwang ing pakiwan?

[18] Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asalé saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.

[19] Amarga saka ing ati iku kawetu pikiran kang ala, gawé pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.

[20] Lah iya iku kang gawé jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi wong.>>

[21] Yésus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang wilayahé Tirus lan Sidon.

[22] Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh, <<Dhuh, Gusti, tedhakipun Daud, mugi melasi kawula, anak kawula èstri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.>>

[23] Nanging Panjenengané ora maringi wangsulan babar pisan. Para sakabaté padha marek lan nyuwun marang Panjenengané, unjuké, <<Tiyang punika kadhawuhana késah, déné kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.>>

[24] Panjenengané banjur paring wangsulan, pangandikané,<<Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisraèl kang padha ilang.>>

[25] Nanging wong wadon mau banjur marek lan sujud marang Panjenengané sarta matur, <<Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!>>

[26] Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, <<Ora becik, wong njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalaké marang asu.>>

[27] Atur wangsulané wong wadon mau, <<Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking méjaning bendaranipun.>>

[28] Ing kono Yésus tumuli paring wangsulan, pangandikané, <<Hèh, wong wadon, gedhé pangandelmu, mulané katekana apa kang dadi karepmu.>> Wiwit nalika iku uga, anaké wong wadon mau dadi waras.

[29] Yésus sawisé jengkar saka papan kono, banjur tindak menyang sapinggiring sagara Galiléa lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.

[30] Banjur ana wong golongan kang padha gumrudug marek ing ngarsané nggawa wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyané akèh, padha kaaturaké ing ngarsané Yésus, lan Panjenengané banjur marasaké wong mau kabèh.

[31] Satemah wong golongan padha kaéraman ndeleng wong bisu padha guneman, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabèh banjur padha ngluhuraké Allahé Israèl.

[32] Sawusé iku Yésus tumuli nimbali para sakabaté, padha dipangandikani mangkéné, <<Atiku trenyuh banget saka welasku marang wong golongan iki. Wis telung dina anggoné padha ngetutaké Aku, mangka padha ora duwé apa kang kena dipangan. Aku ora bakal akon mulih wong-wong iku, kanthi padha kaluwèn, gèk-gèk padha ambruk ana ing dalan.>>

[33] Para sakabaté banjur padha munjuk marang Panjenengané, <<Wonten ing papan ingkang sepi punika saking pundi kita angsal roti ingkang kathah, ngantos nuwuki tiyang kathah ingkang samanten cacahipun?>>

[34] Pangandikané Yésus marang para sakabat, <<Kowé padha duwé roti pira?>> <<Pitu,>> atur wangsulané para sakabat, <<sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.>>

[35] Yésus banjur dhawuh marang wong golongan iku, supaya padha lungguh ing lemah.

[36] Sawisé mangkono Panjenengané banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau, sawisé saos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong golongan.

[37] Wong kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Sawisé mangkono turahané diklumpukaké, nganti dadi pitung kranjang kebak.

[38] Anadéné kang mangan wong patang èwu cacahé, mung wong lanang baé, ora kapétung wong wadon lan bocah-bocah.

[39] Sawisé dhawuh marang wong golongan, supaya padha mulih. Panjenengané banjur nitih prau tindak menyang wilayah Magadan.

Matius — Chapters