Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 9:38

[1] Sawisé iku Yésus miyos saka Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabaté tumuli padha marek ngaturi Panjenengané mirsani tata pangrakiting bangunan Padaleman Suci.

[2] Panjenengané ngandika marang para sakabat, <<Apa kowé padha ndeleng iku kabèh? Satemené Aku pitutur marang kowé, ing kéné bakal ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal dijugrugaké.>>

[3] Nalika Panjenengané lenggah ing Gunung Zaitun, para sakabat padha sowan ing ngarsané piyambakan lan matur, <<Gusti mugi ngandika dhateng kawula, bénjing punapa punika sedaya badhé kalampahan, saha punapa pratandhanipun rawuh Paduka saha pratandhanipun wekasaning jaman?>>

[4] Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, <<Padha diawas, aja nganti ana wong kang nasaraké kowé!

[5] Amarga akèh wong kang bakal teka nganggo jenengku lan ngucap: Aku iki Sang Kristus, sarta bakal nasaraké wong akèh.

[6] Kowé bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kagèt, sabab iki kudu kelakon, éwadéné iku durung wekasané.

[7] Sabab bangsa bakal nempuh nglawan bangsa, kraton nglawan kraton. Bakal ana pailan lan lindhu, ing pirang-pirang panggonan.

[8] Nanging iku kabèh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepaké jaman anyar.

[9] Ing nalika iku kowé bakal padha kaulungaké marang panganiaya lan kowé bakal dipatèni, sarta kowé bakal disengiti déning sakèhing bangsa marga saka jenengku.

[10] Ing kono bakal akèh wong kang ninggal pangandelé sarta padha ulung-ingulungaké lan sengit-sinengitan.

[11] Lan manèh bakal akèh nabi palsu kang muncul lan nasaraké wong pirang-pirang.

[12] Apamanèh marga saka saya wuwuhé duraka, satemah katresnané wong akèh padha dadi ngabar.

[13] Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal kaslametaké.

[14] Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagat minangka paseksi marang sakèhing bangsa. Sawisé iku bakal tekané dina wekasan.>>

[15] <<Anadéné samangsa kowé padha weruh <ambeksiyaning juru pangrusak> ngadeg ing panggonan suci, kang kapangandikakaké lantaran Danièl -- sing sapa maca siyagaa --

[16] wong-wong ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan.

[17] Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahé.

[18] lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané.

[19] Cilaka wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku.

[20] Padha ndedongaa, supaya anggonmu padha ngungsi ora kelakon ing mangsa bedhidhing utawa ing dina Sabat.

[21] Amarga ing wektu iku bakal ana sangsara gedhé; kang durung tau kalakon wiwit wiwitaning jagat nganti sapréné lan uga ora bakal kalakon manèh.

[22] Lan saupama dina-dinané sangsara iku ora dicepetaké, sarupaning wong ora tulus slamet; nanging marga wong-wong kang pinilih, dina-dina iku bakal dicepetaké.

[23] Ing wektu iku, menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen Mésias ana ing kéné, utawa Mésias ana ing kana, kowé aja padha ngandel.

[24] Sabab Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha gawé pratandha-pratandha gedhé lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké, saupama bisa iya tumrap para kang pinilih.

[25] Lah Aku wus ngandhakaké iku marang kowé sadurungé kelakon.

[26] Mulané yèn ana wong kandha marang kowé: Lah Panjenengané ana ing pasamunan, kowé aja banjur mrana; utawa: Panjenengané ana ing kamar singidan, kowé aja padha ngandel.

[27] Sabab kayadéné kilat muncul saka ing wétan sumunar nganti tumeka ing kulon, iya mangkono iku bésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa.

[28] Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk garudha bakal padha gegrombolan.>>

[29] <<Sawisé kasangsaran ing wektu iku, banjur sanalika srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan bakal ora nyunaraké padhangé sarta lintang-lintang bakal padha runtuh saka ing langit, apadéné pikukuh-pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing.

[30] Ing nalika iku bakal katon pratandhané Putraning Manungsa ana ing langit lan sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih me'ganing langit, ngagem pangwasa lan kamulyan gedhé.

[31] Panjenengané tumuli bakal ngutus para malaékaté kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, lan iku bakal padha ngumpulaké wong-wong pilihané saka ing kéblat papat, saka tepining langit tekan ing tepi sisihé.

[32] Padha sinaua saka wit anjir, kang mangkéné: Menawa pang-pangé memes lan wiwit semi, kowé padha ngerti, yèn wis mèh mangsa panas.

[33] Samono uga, menawa kowé padha weruh lelakon iku mau kabèh, padha mangertia, yèn wus cedhak, wus ana ing ngarep lawang.

[34] Satemené Aku pitutur marang kowé, golongan iki ora bakal sirna, nganti iku mau kabèh kelakon.

[35] Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembung-tembungku ora bakal sirna pisan-pisan.

[36] Mung baé, mungguh dina lan waktuné iku, ora ana wong siji-sijia kang mangerti, dadia para malaékat ing swarga ora, mangkono uga Sang Putra, iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak.>>

[37] <<Sabab kayadéné nalika jamané Nuh, iya mangkono uga bakalé rawuhé Putraning Manungsa.

[38] Marga padha kaya dhèk jaman sadurungé banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombé, omah-omah lan ngomah-omahaké, nganti dina anggoné Nuh lumebet ing prau,

[39] lan padha ora nglegéwa nganti tekané banjir kang nyirnakaké wong-wong mau kabèh, mangkono uga bésuk ing dina rawuhé Putraning Manungsa.

[40] Ing wektu iku bakal ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katinggal.

[41] Bakal ana wong wadon loro kang padha nggiling nganggo watu panggilingan, siji bakal kapulung sijiné katinggal.

[42] Mulané padha rumantia, amarga kowé ora ngerti ing dina apa Gustimu bakal rawuh.

[43] Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwé omah ing wayah bengi ngerti wayahé tekané maling, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal olèh omahé dibabah.

[44] Awit saka iku, kowé uga padha rumantia, amarga Putraning Manungsa iku rawuh ing wayah kang ora koknyana.>>

[45] <<Sapa abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah déning bendarané nglurahi para kalèrèhané, kapasrahan nyadhongi pangan marang para kalèrèhané ing wektu kang katemtokaké?

[46] Rahayu abdi kang nalika bendarané rawuh ketemu nindakaké mangkono.

[47] Satemené Aku pitutur marang kowé, bendara iku bakal netepaké abdi mau mengku sabarang kagungané kabèh.

[48] Nanging menawa abdi iku ala lan nggagas ing sajroning atiné, mangkéné:

[49] Bendaraku nyumenékaké rawuhé, banjur wiwit nggitiki kanca-kancané padha déné abdi lan mangan ngombé bebarengan karo wong-wong kang dhemen mendem,

[50] bendarané abdi iku mau nuli rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi,

[51] abdi mau bakal dipatèni sarta dipatrap padha karo para wong lamis. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.>>

Matius — Chapters