Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 10:03

[1] Yésus, kang kapenuhan ing Roh Suci, kondur saka kali Yordan, banjur kapurugaké déning Roh Suci menyang ara-ara samun.

[2] Ana ing kono lawasé patang puluh dina lan banjur kagodha déning Iblis. Sajroné ana ing kono iku Panjenengané ora dhahar apa-apa sarta sawusé iku kraos luwé.

[3] Iblis nuli matur marang Yésus, <<Amargi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla punika kadhawuhana dados roti.>>

[4] Paring wangsulané Yésus, <<Ana tulisan mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé.>>

[5] Iblis tumuli nambut Yésus munggah ing papan kang dhuwur sarta ing sakedhap nétra banjur nedahaké sakèhing kraton ing jagat marang Panjenengané.

[6] Iblis nuli matur, <<Panjenengan badhé kula aturi pangwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten kémawon ingkang kula kajengaken.

[7] Milanipun menawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhé dados kagungan Panjenengan.>>

[8] Nanging Yésus paring wangsulan, <<Ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengané iku kang kudu sira bektèni!>>

[9] Sawisé iku Iblis tumuli nambut Yésus menyang Yèrusalèm lan kajumenengaké ing payoning Padaleman Suci kang dhuwur dhéwé, banjur matur, <<Menawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki,

[10] awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengané bakal dhawuh marang para malaékaté supaya rumeksa marang Sira

[11] lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.>>

[12] Yésus paring wangsulan, <<Ana pangandika mangkéné: Sira aja nyoba marang Pangéran, Allahira!>>

[13] Iblis sawusé mungkasi sakèhing panggodhané banjur mundur saka ing ngarsané, golèk wektu kang cocog.

[14] Yésus banjur kondur menyang Galiléa kanthi pangwasaning Roh. Anadéné pawarta bab Panjenengané iku tumuli sumebar ana ing wilayah kono kabèh.

[15] Nalika samana Panjenengané memulang ana ing sinagogé kono sarta sakèhing wong padha ngalembana.

[16] Yésus nuli rawuh ing Nasarèt, panggonané nalika kagulawenthah, lan kaya adaté bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadahé sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.

[17] Nuli diaturi kitabé Nabi Yésaya. Bareng kabukak, pérangan kang kawaos surasané mangkéné,

[18] <<Rohé Pangéran ana ing Aku, awit Panjenengané wis njebadi Aku, kadhawuhan martakaké kabar-becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengané wis ngutus Aku

[19] supaya martakaké luwaré para tawanan, sarta pulihing pandelengé para wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangaké yèn taun-rahmaté Pangéran wis tumapak.>>

[20] Sawisé mangkono kitab banjur katutup kaparingaké manèh marang kang kawogan, nuli lenggah. Wong kabèh kang ana sinagogé padha mandeng marang Panjenengané.

[21] Yésus banjur wiwit paring piwulang, pangandikané, <<Ing dina iki, sajroné kowé padha ngrungokaké, pangandika mau wus kelakon.>>

[22] Wong kabèh iku padha mbeneraké Panjenengané apadéné padha kaéraman marang éndahing pitembungan kang dingandikakaké, banjur padha alok mangkéné, <<Apa Iku dudu anaké Yusuf?>>

[23] Yésus tumuli ngandika, <<Kowé mesthi bakal ngucapaké paribasan marang Aku mangkéné: Hé, dhukun, warasna awakmu dhéwé. Kabèh kang padha dakrungu bab kang wus kelakon ana ing Kapèrnaum, iku uga tindakna ana ing kéné, ana ing tanah asalmu kéné.>>

[24] Lan pangandikané manèh, <<Aku pitutur marang kowé, sanyatané ora ana nabi kang kajèn ana ing tanah asalé.

[25] Sarta Aku pitutur marang kowé, lan pituturku iki nyata: Dhèk jamané Élia, nalika langit mineb lawasé telung taun nem sasi, kang njalari anané pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabèh. Sanadyan ing Israèl akèh randhané,

[26] éwasamono Élia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahé randha ing Sarfat, wilayah Sidon.

[27] Apadéné nalika jamané Nabi Élisa ing Israèl akèh wong kang lara kusta, nanging siji baé ora ana kang kabirat najisé, kajaba Naaman, wong Siria.>>

[28] Bareng krungu kang mangkono iku, wong kabèh kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget.

[29] Banjur padha ngadeg, Yésus digawa metu menyang sanjabaning kutha, terus didhabyang menyang pèrènging gunung, kang ana kuthané iku, supaya Panjenengané dijorogaké saka kono.

[30] Nanging Panjenengané banjur tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, jengkar saka ing kono.

[31] Yésus banjur rawuh ing Kapèrnaum, yaiku kutha ing Galiléa, sarta ing dina Sabat memulang ana ing kono.

[32] Wong-wong padha kaéraman krungu piwulangé, amarga pangandikané kanthi pangwasa.

[33] Ing papan pangibadah kono ana wong kang kasurupan sétan, iku nguwuh kanthi swara sora,

[34] <<Dhuh, Yésus saking Nasarèt, punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula? Punapa rawuh Panjenengan badhé nyirnakaken kawula? Kawula mangertos, Panjenengan punika sinten, inggih punika Ingkang Suci, utusaning Allah.>>

[35] Nanging banjur didukani déning Yésus, pangandikané, <<Menenga! Metua saka wong iku!>> Wongé banjur kabanting déning sétané ing satengahing wong akèh; sétané nuli metu lan babar pisan ora njalari larané wong mau.

[36] Kabèh wong padha éram, banjur padha rasanan, <<Tembungé kok ngédab-édabi banget! Anggoné ndawuhi kalawan wibawa lan pangwasa, temahan roh-roh reged padha metu.>>

[37] Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing wilayah kono.

[38] Sawisé iku Yésus jengkar saka papan pangibadah kono lan tindak menyang omahé Simon. Nalika iku ibuné maratuwa Simon lagi lara panas banget, banjur disuwunaké pitulungan marang Panjenengané.

[39] Yésus nuli jumeneng ing sandhingé, nundhung panasé, wasana panasé banjur ilang. Wong wadon mau nuli tangi lan ngladèni para tamuné.

[40] Bareng wus surup, wong-wong padha nyowanaké kang padha nandhang lelara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astané, temah padha dadi waras.

[41] Sétan-sétan uga metu saka wong akèh kalawan bengok-bengok, <<Panjenengan punika Putranipun Allah.>> Awit padha mangerti, yèn Panjenengané iku Mésias. Nanging banjur didukani, ora diparengaké kandha mangkono.

[42] Bareng wus ésuk Yésus miyos lan banjur tindak menyang panggonan kang sepi. Nanging wong akèh padha nggolèki lan iya ketemu. Kabèh padha mbudidaya nggondhèli Yésus, supaya aja padha ditilar.

[43] Nanging padha dingandikani, <<Injilé Kratoning Allah iku iya kudu dakwartakaké menyang kutha-kutha liyané, sabab iya iku preluné anggonku kautus.>>

[44] Panjenengané banjur memulang ana ing papan pangibadah ing Yudéa.

Lukas — Chapters