[1] Para juru-narik-pajeg lan wong dosa padha sowan ing ngarsané Yésus ngrungokaké piwulangé.
[2] Para Farisi lan para ahli Torèt padha grundelan, pangucapé, <<Wong iku kok nampani para wong dosa lan mangan bebarengan.>>
[3] Panjenengané banjur paring pasemon, mangkéné,
[4] <<Sapa panunggalanmu, kang duwé wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggolèki sing ilang iku nganti saketemuné, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?
[5] Lan menawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah,
[6] sarta satekané ing omahé, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani: Payo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku kang ilang wis ketemu.
[7] Aku pitutur marang kowé: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhé marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.>>
[8] <<Samono uga, endi ana wong wadon kang duwé dhuwit dirham sepuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahé, nggolèki njlimet nganti saketemuné?
[9] Lan menawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani mangkéné: Dhuwitku dirham kang ilang wus ketemu. Payo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.
[10] Aku pitutur marang kowé: Samono uga para malaékaté Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.>>
[11] Yésus ngandika manèh, <<Ana wong duwé anak lanang loro.
[12] Anak kang wuragil matur marang bapakné: Bapak, keparenga kula nyuwun sapéranganing barang darbé ingkang dados panduman kula. Bapakné iya banjur mbagé-mbagé barang darbèké, diwènèhaké marang sakaroné.
[13] Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli pandumané kabèh, sawusé mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana bandhané diebrèh-ebrèh dianggo nguja kekarepané nganti entèk kabèh.
[14] Kapinujon ing tanah kono ana paceklik kang nggegirisi, wong anom mau banjur wiwit nandhang kacingkrangan.
[15] Tumuli ngèngèr marang wong ing tanah kono, banjur dikon ngrumati babi-babiné ana ing pategalané.
[16] Nuli kepéngin ngisèni wetengé kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem mènèhi.
[17] Banjur ngrumangsani kaanané, temahan ngudarasa mangkéné: Buruhé bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan nganti turah-turah, mangka aku ana ing kéné bisa mati kaliren.
[18] Aku dakmulih menyang ing dalemé bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga lan dhateng Bapak,
[19] kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih; keparenga kula kadadosna berahipun Bapak kémawon.
[20] Banjur ngadeg lan mulih marani bapakné. Nalika isih adoh, bapakné wus ngawasaké tekané, atiné trenyuh banget marga saka welasé. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi.
[21] Anaké matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga tuwin dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih.
[22] Nanging bapakné préntah marang batur-baturé: Énggal jupukna jubah kang apik dhéwé, nuli enggokna, drijiné anggonana ali-ali lan sikilé anggonana trumpah.
[23] Banjur njupuka pedhèt sing lemu, belèhen. Payo padha mangan lan seneng-seneng.
[24] Sabab anakku iki wus mati, urip manèh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.
[25] Nalika iku anaké pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wus cedhak karo omahé, krungu swaraning tetabuhan lan wong kang padha tetembangan nganggo jejogèdan.
[26] Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegesé iku kabèh.
[27] Aturé batur mau: Punika ingkang rayi rawuh, déné ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhèt ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng.
[28] Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakné nuli metu lan ngarih-arih.
[29] Nanging diwangsuli mangkéné: Sampun mataun-taun anggèn kula ngladosi Bapak lan mboten naté nerak wewaleripun Bapak, nanging Bapak mboten naté maringi cempé satunggal kémawon, kanggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula.
[30] Nanging sareng putranipun Bapak ingkang ngebrèh-ebrèh`raja-darbèkipun Bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kémawon dhateng, Bapak lajeng mragat pedhèt ingkang lema kanggé piyambakipun.
[31] Bapakné kandha: Anakku, enggèr, kowé iku salawasé urip bareng karo aku, lan apa saduwèkku iku duwèkmu.
[32] Awaké dhéwé kabèh wus samesthiné kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip manèh, wis ilang ketemu.>>