[1] Yésus paring pasemon marang para muridé, kang wosé supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.
[2] Pangandikané, <<Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Allah lan ora ngajèni marang wong.
[3] Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Panjenengan mugi paring kaadilan dhateng kula anggèn kula gadhah prakawis kaliyan lawan kula.
[4] Hakim mau sawatara lawasé ora gelem nuruti karepé randha, nanging wasana banjur ngunandika mangkéné: Sanadyan aku ora wedi marang Allah lan ora ngajèni marang wong siji-sijia,
[5] mung baé sarèhné randha iki tansah gawé susahku, prayogané dakwènèhané kaadilan baé, supaya aja pijer teka lan wekasané ngamuk aku.>>
[6] Gusti banjur ngandika, <<Padha gatèkna apa kang dikandhakaké déning hakim kang ambek sawenang-wenang iku!
[7] Apa Allah ora bakal paring kaadilan marang para pepilihané kang rina-wengi padha sesambat marang Panjenengané? Lan apa Panjenengané anggoné arep paring pitulungan disumenèkaké?
[8] Aku pitutur marang kowé: Panjenengané bakal énggal paring kaadilan. Nanging menawa Putraning Manungsa rawuh ana ing bumi, apa bakal isih manggih wong kang pracaya?>>
[9] Marang wong sawatara kang nganggep awaké dhéwé sampurna sarta ngrèmèhaké marang wong liya, Panjenengané paring pasemon, mangkéné,
[10] <<Ana wong loro padha mlebu ing Padaleman Suci arep ndedonga; kang siji wong Farisi, sijiné juru-tagih-pajeg.
[11] Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atiné mangkéné: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné kawula mboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanès, sanès rampog, sanès tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanès tiyang ingkang lampah jina saha mboten kados juru-tagih-pajeg punika.
[12] Kawula siyam kaping kalih saminggu. Saking sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken saprasedasanipun.
[13] Kosok-baliné juru-tagih-pajeg iku mung ngadeg kepara adoh, malah tumenga marang langit baé ora wani, nanging mung ngelus dhadha sarta munjuk mangkéné: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.
[14] Aku pitutur marang kowé: Wong iki mulih klawan kaanggep bener déning Allah, déné sijiné mau ora. Awit sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, déné kang ngasoraké awaké dhéwé, iku bakal kaluhuraké.>>
[15] Tumuli ana wong kang padha teka nyowanaké anak-anaké kang isih cilik marang ngarsané, supaya padha digepok ing astané. Sumurup kang mangkono iku para sakabaté padha nepsu marang wong-wong mau.
[16] Nanging banjur padha ditimbali déning Yésus sarta padha dipangandikani, <<Cikbèn bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduwèni Kratoning Allah.
[17] Aku pitutur marang kowé: Satemené sing sapa anggoné nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.>>
[18] Kacarita ana sawenèhing panggedhé matur pitakon marang Yésus mangkéné, <<Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?>>
[19] Paring wangsulané Yésus, <<Yagéné kowé ngarani Aku utama? Ora ana wong siji baé kang utama kajaba mung Allah piyambak.
[20] Mesthiné kowé wus nyumurupi kabèh pepakoné Allah: Sira aja laku jina, aja mematèni, aja nyenyolong, aja ngucapaké paseksi goroh, ngajènana bapa biyungira.>>
[21] Unjuké wong mau, <<Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anèm mila.>>
[22] Midhanget kang mangkono iku Yésus banjur ngandika, <<Isih ana siji kang kudu koklakoni: Kabèh barang darbèkmu edolana lan dum-dumna marang wong-wong miskin, temah kowé bakal duwé bandha ana ing swarga, nuli mrénéa, mèlua Aku.>>
[23] Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih, amarga sugih banget.
[24] Banjur dipirsani déning Yésus sarta dipangandikani, <<Pancèn angèl banget tumraping wong sugih bandha, bisané lumebu ing Kratoning Allah.
[25] Amarga luwih gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.>>
[26] Wong-wong kang padha krungu padha ngucap, <<Yèn mangkono, sapa kang bisa olèh karahayon?>>
[27] Pangandikané Yésus, <<Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.>>
[28] Pétrus munjuk, <<Kawula punika sampun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndhèrèk Paduka.>>
[29] Pangandikané Yésus, <<Aku pitutur marang kowé, satemené saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahé, bojoné utawa saduluré, wong tuwané utawa anak-anaké,
[30] iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kelakon bakal tampa urip langgeng.>>
[31] Yésus banjur nimbali sakabaté rolas sarta dipangandikani mangkéné, <<Saiki Aku kabèh padha menyang Yérusalèm lan kabèh kang katulisan déning para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektènan.
[32] Sabab Panjenengané bakal dipasrahaké marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, dipoyoki, disiya-siya lan diidoni,
[33] sarta dipecuti banjur disédani, lan ing telung dinané bakal wungu.>>
[34] Nanging para sakabat padha ora mangerti babar pisan bab iku kabèh; padha kesamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau.
[35] Bareng tindaké Yésus wus mèh tekan Yèrikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis.
[36] Nalika krungu wong akèh padha liwat, wong mau takon, <<Apa iku?>>
[37] Ana wong kang mangsuli, <<Yésus kang saka Nazarèt langkung.>>
[38] Wong wuta iku banjur nywara sora, <<Dhuh, Yésus, Putranipun Daud, kawula mugi Panjenengan welasi!>>
[39] Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha ngélikaké wong mau, dikon meneng. Nanging pambengoké malah saya seru, <<Dhuh, Putranipun Daud, kawula mugi Panjenengan welasi!>>
[40] Yésus banjur kèndel lan dhawuh nyowanaké wong mau. Bareng wus ana ing ngarsané, Yésus ndangu,
[41] <<Karepmu dakkapakaké?>> Unjuké, <<Dhuh, Gusti, kawula nyuwun sageda sumerep.>>
[42] Yésus nuli ngandika marang wong iku, <<Bisaa weruh! Pangandelmu kang mitulungi kowé.>>
[43] Sanalika iku uga wong mau bisa weruh, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus kambi ngluhuraké Allah. Kabèh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Allah.