Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:57

[1] Yésus ngandika marang para muridé, <<Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang njalari anané panasaran iku.

[2] Luwih becik menawa wong iku dikalungana watu panggilingan lan banjur dicemplungaké ing sagara, katimbang nasaraké wong kang isih ringkih pracayané iki.

[3] Reksanen awakmu dhéwé! Menawa sadulurmu duwé kaluputan welèhna; menawa kaduwung, apuranen.

[4] Saupama anggoné kaluputan marang kowé ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggoné marani kowé sarta pratéla: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.>>

[5] Para rasul nuli munjuk marang Gusti, <<Kawula mugi sami kaparingan kapitadosan!>>

[6] Paring wangsulané Gusti, <<Menawa kowé duwé pangandel sanadyan gedhéné mung sawiji sawi baé, lan yèn kowé banjur ngucap marang wit anjir iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal nurut marang préntahmu iku.>>

[7] <<Sapa panunggalanmu kang duwé batur, kang mluku utawa angon raja-kayané, saulihé saka pategalan apa banjur dikandhani: Ayo, endang mangan!

[8] Apa ora malah kosok-baliné, dikandhani mangkéné: Aku cawisana mangan. Nganggoa sabuk lan ngladènana aku nganti sarampungé anggonku mangan lan ngombé. Lan sawusé iku kowé lagi kena mangan lan ngombé.

[9] Apa batur mau banjur diwènèhi panarima, marga saka anggoné wis nglakoni apa kang dipréntahaké?

[10] Mangkono uga kowé. Menawa kowé wis nglakoni kabèh kang kapréntahaké marang kowé, kowé banjur padha matura: Kula sadaya punika namung abdi-abdi ingkang tanpa gina, amargi namung sami nindakaken punapa ingkang dados kuwajiban kula.>>

[11] Nalika tindak menyang Yérusalèm, Yésus miyos ing sauruting tapel-watesé Samaria lan Galiléa.

[12] Bareng lumebet ing sawijining désa, ana wong lara kusta sepuluh sowan marang Panjenengané, nanging mung ngadeg kapara adoh,

[13] sarta padha nguwuh kanthi sora, unjuké, <<Dhuh, Guru, kawula mugi sami Panjenengan welasi!>>

[14] Panjenengané nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika, <<Kowé padha lungaa, awakmu priksakna marang para imam!>> Kocapa, sajroné padha lumaku iku, padha birat najisé.

[15] Ana siji kang bareng weruh yèn wus waras, banjur bali ngluhuraké Allah kanthi swara sora.

[16] Nuli nyungkemi sampéyané Yésus, ngunjukaké panuwun. Mangka iku wong Samaria.

[17] Yésus banjur ngandika, <<Apa mau ora wong sepuluh kang birat najisé? Lah, kang sanga endi?

[18] Apa panunggalané iku ora ana kang bali ngluhuraké Allah, kajaba mung wong manca iki?>>

[19] Banjur ngandika marang wong mau, <<Ngadega, lungaa, pracayamu kang wus mitulungi kowé.>>

[20] Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab bésuk kapan bakal rawuhé Kratoné Allah, Yésus nuli paring wangsulan, pangandikané, <<Rawuhé Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,

[21] sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kéné, utawa ana ing kana! Amarga satemené Kratoning Allah iku ana ing antaramu.>>

[22] Banjur ngandika marang para muridé, <<Bakal tumeka ing wektuné, kowé padha kepéngin nyumurupi salah sijining dinané Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.

[23] Sarta wong bakal ngandhani kowé: Lah, ana ing kana; lah ana ing kéné! Kowé aja mrana lan aja kèlu.

[24] Awitdéné kaya kilat anggoné gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kéné tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga Putraning Manungsa ana ing dina bakal rawuhé.

[25] Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara akèh dhisik lan katampik déning wong-wong ing jaman iki.

[26] Sarta kayadéné nalika jamané Nuh, iya kaya mangkono kaanané bésuk ing dina-dinané Putraning Manungsa.

[27] Wong-wong padha mangan lan ngombé, padha omah-omah lan diomah-omahaké, nganti tumeka ing dinané Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhé, kang numpes wong kabèh.

[28] Uga kaya kang kelakon nalika jamané Lut: wong-wong padha mangan lan ngombé, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.

[29] Nanging ing dina oncaté Lut saka Sodom, banjur ana udan geni lan udan welirang saka ing langit, kang numpes wong kabèh.

[30] Iya kaya mangkono bésuk kababaré ing dina Putraning Manungsa.

[31] Sapa baé kang dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barangé ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih.

[32] Élinga marang somahé Lut!

[33] Sapa kang ngudi rumeksa marang nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sapa kang kélangan nyawané, iku bakal nylametaké nyawané.

[34] Aku pitutur marang kowé: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar.

[35] Ana wong wadon loro kang lagi padha nggiling gandum, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar.>> [

[36] Menawa ana wong loro ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar.]

[37] Para murid banjur padha munjuk marang Yésus, <<Wonten ing pundi, Gusti?>> Paring wangsulané, <<Ing ngendi ana bathang, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk.>>

Lukas — Chapters