[1] Bareng Yésus tumenga, pirsa wong-wong sugih padha nglebokaké pisungsungé ana ing pethi pisungsung.
[2] Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokaké pisungsung rong kèpèng.
[3] Banjur ngandika, <<Aku pitutur marang kowé: Satemené kang dipisungsungaké randha miskin iku luwih akèh katimbang wong kabèh iku.
[4] Amarga wong-wong kabèh iku ngaturaké pisungsung saka kasugihané, nanging randha iki ngaturaké saka ing kamiskinané, malah nyaosaké sakèhing darbèké kang kanggo uripé.>>
[5] Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem déné nganggo rinengga ing watu-watu kang éndah sarta barang pisungsung warna-warna, Yésus banjur ngandika,
[6] <<Apa kang padha kokdeleng iku - bakal tekan wektuné ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané; kabèh bakal padha karubuhaké.>>
[7] Wong-wong mau banjur padha matur pitakon, <<Guru, bénjing punapa kelampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhé kelampahan?>>
[8] Paring wangsulané, <<Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti disasaraké. Amarga bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku lan kandha: Iya aku iki Panjenengané lan iki wus ndungkap wektuné. Kowé aja ngetut-buri wong-wong iku.
[9] Sarta menawa kowé krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kagèt. Awit iku kabèh mesthi kudu kelakon dhisik, éwadéné iku durung ateges, yèn bakal énggal tumeka ing wekasaning jaman.>>
[10] Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, <<Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, kraton nglawan padha kraton,
[11] lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana-kéné bakal ana pageblug pès lan paceklik, apadéné bakal kelakon uga ana prakara-prakara kang medèni tuwin ngalamat-ngalamat kang nggegirisi saka langit.
[12] Nanging sadurungé iku kabèh, kowé bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowé bakal dipasrahaké menyang papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ngarsané para ratu lan para pangwasa marga saka jenengku.
[13] Iku bakal dadi jalarané kowé kabèh bakal padha nglairaké paseksi.
[14] Mulané sing padha mantep baé, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kepriyé anggonmu bakal mangsuli.
[15] Sabab Aku dhéwé kang bakal maringi marang kowé tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowé ora bisa dilawan utawa dibantah déning mungsuh-mungsuhmu.
[16] Apamanèh kowé bakal iya padha diulungaké déning wong-tuwamu, sadulur-sadulurmu, sanak-kulawargamu lan pawong-mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipatèni,
[17] apadéné kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku.
[18] Nanging ora ana rambutmu saeler baé kang bakal ilang.
[19] Menawa kowé padha tetep mantep, kowé bakal padha nampa uripmu.>>
[20] <<Menawa kowé nyumurupi Yérusalèm kakepung ing wadyabala, mangertia, yèn karuntuhané wis cedhak.
[21] Ing nalika iku wong-wong kang ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padésan aja lumebu ing kutha manèh,
[22] amarga, iya iku mangsa tekané piwales, kang dadi kayektèné sabarang kang wus katulis kabèh.
[23] Nanging mesakaké banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhé ing saindenging nagara, lan bangsa iki bakal tampa deduka.
[24] Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabèh, sarta Yérusalèm bakal kaidak-idak déning bangsa kang ora wanuh marang Allah, nganti tumeka sarampungé jamané bangsa-bangsa iku.>>
[25] <<Apadéné bakal ana ngalamat ing srengéngé, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi, para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumleger lan mawalikaning sagara.
[26] Wong-wong bakal padha mati kawedèn déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagat; sabab kabèh pangwasaning langit bakal gonjing.
[27] Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih méga, ngagem pangwaos lan kamulyan gedhé.
[28] Anadéné menawa iku kabèh wiwit kelakon, padha njenggèlèka lan tumengaa, amarga wus cedhak anggonmu bakal kaluwaran.>>
[29] Yésus banjur paring pasemon mangkéné, <<Padha mawanga wit anjir lan wit apa baé.
[30] Menawa kowé padha nyumurupi yèn wus padha semi, kowé padha mangerti dhéwé, yèn wus ngarepaké mangsa panas.
[31] Mangkono uga menawa kowé padha nyumurupi lelakon mau, padha mangertia yèn Kratoning Allah wus cedhak.
[32] Aku pitutur marang kowé: Satemené wong-wong jaman iki bakal ora sirna sadurungé iku mau kelakon kabèh.
[33] Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging pangandikaku ora bakal sirna babar pisan.>>
[34] <<Padha jaganen awakmu dhéwé, supaya atimu aja nganti mung mikir bab pésta gedhèn lan endem-endeman, apadéné kasusahaning urip, supaya kowé tansah siyaga samangsa Dinaning Pangéran kang rawuhé dhadhakan iku aja nganti nempuh marang kowé kaya kalajiret.
[35] Amarga Dina iku bakal nungkeb sakèhing wong kang dumunung ing bumi iki.
[36] Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowé diparingi kakuwatan kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowé padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa.>>
[37] Yèn wayah awan Yésus memulang ana ing Padaleman Suci, déné yèn bengi miyos lan nyaré ana ing Gunung Zaitun.
[38] Ésuké, nalika isih umun-umun wong akèh padha marek marang ngarsané ana ing Padaleman Suci, ngrungokaké pangandikané.