Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 9:52

[1] Nalika samana Kaisar Agustus paring dhawuh, dianakna cacah-jiwa tumrap wong saindenging jagat.

[2] Iki cacah-jiwa kang kapisan kang kaanakaké nalika Kirénius jumeneng gubernur ing Siria.

[3] Mulané wong-wong kabèh banjur padha mangkat arep ndhaftaraké, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé.

[4] Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka Nasarèt, wilayah Galiléa menyang Yudéa, kuthané Daud, kang aran Bètléhèm -- amarga asalé saka ing brayat lan tedhaké Daud --

[5] supaya didhaftaraké bebarengan karo Maria, pacangané, kang lagi ngandheg.

[6] Bareng wus tekan kono, Maria anggoné ngandheg wus tekan wektuné babaran,

[7] banjur mbabar putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan disèlèhaké ing pamakanan, sabab padha ora komanan panggonan ana ing papan panginepan.

[8] Kacarita ing tlatah kono ana para pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kéwané ing wayah bengi.

[9] Dumadakan ana malaékating Pangéran jumeneng ing sacedhaké sarta padha kasorotan ing cahya kamulyané Pangéran satemah padha wedi banget.

[10] Malaékat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau, <<Aja padha wedi, lah kowé padha dakwartani kabungahan gedhé, kang bakal kaparingaké tumrah sabangsa kabèh:

[11] Ing dina iki wus miyos Juruslametmu, yaiku Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Daud.

[12] Déné kang minangka tengerané marang kowé, mangkéné: Kowé bakal mrangguli bayi kagedhong sumèlèh ing pamakanan.>>

[13] Dumadakan ana balatantra swarga kang akèh banget cacahé, kang mbarengi malaékat mau sarta padha memuji marang Allah, sabdané,

[14] <<Kamulyan kagem Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning panggalihé.>>

[15] Sapengkeré para malaékat menyang swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkéné, <<Payo, padha menyang Bètléhèm, ndeleng apa kang wus kelakon ing kana, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran marang kita.>>

[16] Banjur padha énggal-énggal mangkat, tumuli ketemu karo Maria lan Yusuf, apadéné Jabang-bayi, kang sumèlèh ing pamakanan.

[17] Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakaké apa kang wis kapangandikakaké bab Jabang-bayi iku.

[18] Wong kabéh kang padha krungu critané para pangon mau padha gumun.

[19] Nanging Maria nyathet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké.

[20] Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhuraké Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan dideleng iku, cocog karo kang wis kapangandikakaké marang wong-wong mau.

[21] Bareng wis ganep wolung dinané, Bayi mau kudu disupiti lan banjur kaparingan asma Yésus, yaiku asma kang kapangandikakaké déning malaékat sadurungé kinandhut kang ibu.

[22] Nalika wus tekan dinaning panucèné miturut angger-anggeré Musa, Bayi mau banjur diasta menyang Yérusalèm arep dicaosaké marang Pangéran,

[23] kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangéran, <<Sakèhing anak lanang pambarep kudu kasucèkaké kagem Allah>>,

[24] lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhaké ana ing angger-anggering Pangéran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

[25] Ing Yérusalèm ana wong asmané Siméon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israèl sarta kang ingayoman ing Roh Suci.

[26] Panjenengané wis pinaringan wangsit déning Roh Suci, yèn bakal ora mati sadurungé nyipati Mésias, yaiku Kang Jinebadan déning Pangéran.

[27] Marga saka pitedahé Roh Suci, Siméon tindak menyang Padaleman Suci. Nalika Yésus, Bocah iku, diasta mlebu déning wong tuwané arep nindakaké kaya kang wus katamtokaké déning angger-anggering Torèt tumrap Bocah mau,

[28] Siméon banjur mbopong Bocahé klawan memuji marang Allah, unjuké,

[29] <<Dhuh, Pangéran, mugi Paduka sapunika marengaken kawula késah kalayan tentrem-rahayu, miturut pangandika Paduka,

[30] jalaran mripat kawula sampun sumerep kawilujengan ingkang mijil saking Paduka,

[31] ingkang sampun Paduka cawisaken wonten ing sangajenging bangsa sadaya,

[32] inggih punika pepadhang ingkang medharaken karsa Paduka tumrap bangsa-bangsa sanès saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israèl.>>

[33] Kang rama lan kang ibu padha kaéraman banget marang kabèh kang diucapaké tumrap Panjenengané mau.

[34] Siméon banjur mberkahi wong-wong mau lan ngandika marang Maria, kang ibu, <<Sayektosipun Laré punika sampun pinasthi dados margining dhawah lan tanginipun tiyang kathah ing Israèl, sarta minangka pratanda ingkang badhé njalari pasulayan,

[35] supados osiking manahipun tiyang kathah kababar. Lan ing bénjing panggalih panjenengan badhé katuwek ing pedhang.>>

[36] Apadéné ing kono iya ana nabi wadon, asmané Hana, putrané Fanuèl, saka taler Asyèr. Panjenengané wus sepuh banget. Sawusé krama banjur gesang bebarengan karo garwané pitung taun,

[37] lan tekan saiki randha, yuswané wolung puluh papat taun. Panjenengané ora tau nilar Padaleman Suci, rina wengi anggoné ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.

[38] Nalika iku panjenengané iya mrono lan ngunjukaké panuwun marang Allah, sarta ngandikakaké bab Bocah mau marang sakèhing wong kang padha nganti-anti pangluwarané Yérusalèm.

[39] Sawusé ngrampungaké kang kudu dilakoni kabèh miturut angger-anggeré Pangéran, banjur padha kondur menyang kutha asalé, yaiku Nasarèt ing Galiléa.

[40] Bocah mau saya mindhak ageng lan tambah kiyat, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.

[41] Saben taun samangsa riyaya Paskah, wong tuwané Yésus tindak menyang Yérusalèm.

[42] Nalika Yésus wus yuswa rolas taun, padha tindak menyang Yérusalèm kaya adaté yèn pinuju dina gedhé.

[43] Sarampungé pahargyan, nalika padha kondur, Yésus kantun ana ing Yérusalèm, wong tuwané ora pirsa.

[44] Sarèhné dikira yèn Putrané awor karo wong-wong kang padha mulih tunggal dalan, mulané padha mbacutaké tindaké nganti sadina, banjur padha madosi Panjenengané ana ing antarané para sanak-kadang lan para pitepungané.

[45] Bareng ora pinanggih, banjur padha wangsul malih menyang Yérusalèm karo madosi terus.

[46] Kacarita sawusé telung dina pinanggih Panjenengané ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahé para guru agama, midhangetaké sarta mundhut pirsa piwulangé.

[47] Sakèhé wong kang ngrungokaké Panjenengané padha éram marang kapinteran lan paring wangsulané.

[48] Bareng wong tuwané pirsa, padha njenger. Kang ibu banjur ngandika marang Panjenengané, <<Anggèr, yagéné tumindakmu marang aku sakloron kok mangkono. Ramamu lan aku padha nggolèki sliramu kanthi kuwatir.>>

[49] Aturé marang rama-ibuné, <<Punapaa déné panjenengan madosi kula? Panjenengan punapa mboten pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?>>

[50] Nanging rama-ibuné padha ora nyandhak marang apa kang dingandikakaké iku.

[51] Panjenengané banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang Nasarèt; sabanjuré tetep terus kaemong déning rama-ibuné. Déné kang ibu nyathet prakara iku mau kabèh ana ing sajroning penggalihé.

[52] Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané, apadéné saya kinasihan déning Allah lan manungsa.

Lukas — Chapters