Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 7:19

[1] Ing sawijining dina Sabat, Yésus rawuh ing omahé panggedhéné wong Farisi, arep dhahar ana ing kono. Wong kabèh kang ana ing kono padha maspadakaké Panjenengané kanthi temenan.

[2] Ing kono ana wong lara busung ngadeg ing ngarsané.

[3] Yésus banjur ngandika marang para ahli Torèt lan para Farisi mangkéné, <<Marasaké wong ing dina Sabat iku kena apa ora?>>

[4] Kabèh padha meneng baé. Panjenengané banjur ngasta tangané wong kang lara mau lan nyarasaké sarta ndhawuhi lunga.

[5] Sawusé mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau, <<Sapa panunggalanmu, kang anaké utawa sapiné kecemplung ing sumur, ora banjur énggal-énggal nulungi dientasaké, sanadyan ing dina Sabat?>>

[6] Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan.

[7] Bareng Yésus pirsa tamu-tamu padha milih palinggihan ing ngarep dhéwé, banjur padha dipangandikani pasemon mangkéné,

[8] <<Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing ngarep dhéwé, awit mbokmenawa kang duwé gawé wus ngulemi wong kang luwih kajèn katimbang karo kowé,

[9] supaya wong kang ngulemi kowé lan wong mau aja padha marani kowé lan kandha marang kowé: Kula aturi pindhah, palenggahan punika kagem sadhèrèk punika. Kowé banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhéwé kanthi wirang.

[10] Mulané, menawa kowé diulemi, linggiha ing buri dhéwé. Mbokmenawa mengko sing duwé omah banjur marani lan kandha marang kowé: Sadhèrèk, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowé katon anggonmu kajèn ana ing ngarepané para dhayoh liyané kabèh.

[11] Sabab sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhuraké.>>

[12] Yésus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengané, <<Menawa kowé nganakaké pésta ing wayah awan utawa bengi, kowé aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha genti ngulemi kowé, dadi kowé wus olèh piwales.

[13] Nanging, menawa kowé nganakaké pésta, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

[14] Yèn mangkono kowé bakal rahayu, amarga wong iku kabèh ora padha duwé kang dianggo males marang kowé. Déné kowé bakal tampa piwales bésuk ing dina tanginé para wong mursid.>>

[15] Krungu pangandika kang mangkono iku, ana tamu kang matur marang Yésus, <<Rahayu tiyang ingkang sami badhé kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.>>

[16] Nanging Yésus ngandika marang wong mau, <<Ana wong nganakaké pésta gedhèn lan ngulemi wong akèh.

[17] Bareng wus ndungkap wayahé bujana, baturé dikongkon kandha marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadayanipun sampun cumawis.

[18] Nanging kabèh, mbaka siji, padha nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkéné: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhé ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.

[19] Wong liyané matur mangkéné: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhé késah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.

[20] Wong liyané manèh matur: Kula saweg kémawon émah-émah, mila mboten saged sowan.

[21] Batur mau banjur mulih ngaturaké iku kabèh marang bendarané. Kang duwé omah nepsu banget sarta kandha marang baturé: Énggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurungé kutha, wong mlarat, wong cacad, wong wuta lan wong lumpuh padha iriden mréné.

[22] Baturé tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, éwasemanten papanipun taksih tirah.

[23] Bendarané banjur kandha marang baturé: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mréné, amarga omahku kudu kebak.

[24] Awit aku pitutur marang kowé: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji baé ora ana kang bakal ngrasakaké suguhanku.>>

[25] Nalika Yésus tindak kadhèrèkaké wong akèh gumrudug, Panjenengané tumolèh banjur ngandika marang wong-wong mau,

[26] <<Menawa ana wong kang sowan ing ngarsaku, mangka ora sengit marang bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sadulur-saduluré lanang utawa wadon, malah uripé dhéwé pisan, iku ora bisa dadi muridku.

[27] Sing sapa ora manggul salibé lan ngetut-buri Aku, iku ora bisa dadi muridku.

[28] Sabab sapa ta panunggalanmu kang menawa arep ngadegaké menara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé.

[29] Supaya menawa wus rampung pondhasiné, mangka ora bisa mbacutaké, sakèhé wong kang weruh aja nganti padha ngécé,

[30] mangkéné: Wong iku wani ada-ada gegawéan, nanging kok ora bisa ngrampungaké!

[31] Utawa, ratu ngendi sing menawa arep perang nglawan ratu liyané, ora lenggah dhisik prelu nimbang-nimbang, apa wadyabala sepuluh èwu iku cukup kanggo nglawan kang nekani kalawan nggawa bala rongpuluh èwu?

[32] Menawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokaké sarat-saraté bedhamèn.

[33] Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbèké kabèh, iku ora bisa dadi muridku.

[34] Uyah iku pancèn migunani, nanging menawa ilang asiné, apa kang kanggo mulihaké rasa asiné?

[35] Wus ora ana gunané, kanggoa lemah utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang baé. Sing sapa duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!>>

Lukas — Chapters