Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 12:51

[1] Nalika samana wus ngarepaké riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.

[2] Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha golèk dalan, anggoné bisa nyédani Yésus, amarga padha wedi karo wong akèh.

[3] Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalané sakabat rolas tumuli kasurupan déning Iblis,

[4] banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggoné bakal ngulungaké Yésus.

[5] Wong-wong padha bungah lan sarujuk bakal padha awèh opah.

[6] Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golèk dalan bisané ngulungaké Yésus, ora nganti kasumurupan ing wong akèh.

[7] Bareng tekan dinané riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina anggoné wong-wong padha nyembelèh cempéning Paskah,

[8] Yésus banjur ngutus Pétrus lan Yohanes, dhawuhé, <<Kowé padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha kita pangan.>>

[9] Unjuké wong loro mau, <<Karsa Paduka anggèn kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?>>

[10] Paring wangsulané Yésus, <<Menawa kowé padha lumebu ing kutha, kowé bakal kepethuk wong kang nggawa jun isi banyu, iku banjur etutna tekan omah kang dileboni,

[11] lan kandhaa marang kang duwé omah iku: Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamaré, sing kena dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatku?

[12] Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar gedhé ing dhuwur kang wus katata. Kowé padha nganakna pacawisan ana ing kono.>>

[13] Sakaroné banjur padha mangkat, tinemuné iya trep kaya kang kapangandikakaké déning Yésus. Nuli padha nyawisaké Paskah.

[14] Bareng wus tumeka ing wayahé, Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasulé.

[15] Tumuli padha dipangandikani, <<Aku wus kepéngin banget dhahar Paskah iki bebarengan karo kowé kabèh, sadurungé Aku nandhang sangsara.

[16] Awit Aku pitutur marang kowé: Aku ora bakal mangan iku manèh, nganti iku wus kelakon ana ing Kratoning Allah.>>

[17] Sawusé mangkono Panjenengané banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika, <<Iki tampanana lan edumen kang warata,

[18] sabab Aku pitutur marang kowé: wiwit saiki Aku ora bakal ngombé pametuning wit anggur manèh, nganti Kratoning Allah rawuh.>>

[19] Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingaké marang para sakabat kalawan ngandika, <<Iki badanku kang kaparingaké marga saka kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku.>>

[20] Mangkono uga tuwungé, sawusé dhahar, pangandikané, <<Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihku, kang kawutahaké marga saka kowé!

[21] Nanging, delengen, tangané wong kang ngiyanati Aku, nunggal karo Aku ana ing méja kéné.

[22] Sabab Putraning Manungsa pancèn bakal jengkar miturut ing pepesthèné, nanging bilai wong kang dadi margané anggoné kaulungaké.>>

[23] Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalané iku sapa ta kang bakal tumindak mangkono.

[24] Kacarita para sakabat iya padha padudon bab panunggalané sapa kang bakal dianggep gedhé dhéwé.

[25] Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, <<Raja-rajané para bangsa iku mréntah marang kawulané lan kang padha ngwasani iku diarani kang paring pangayoman.

[26] Nanging kowé kabèh iku ora mangkono, malah kang gedhé dhéwé ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhéwé lan kang dadi panuntun dadia kang ngladèni.

[27] Amarga sapa ta kang luwih gedhé: kang linggih mangan, apa kang ngladèni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing satengah-tengahmu dadi kang ngladèni.

[28] Kowé kabèh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajroné Aku kena ing godha-rencana.

[29] Sarta Aku wus nyawisaké Kraton kanggo kowé kabèh kayadéné Ramaku anggoné wus nyawisaké marang Aku,

[30] supaya kowé padha bisa mangan lan ngombé tunggal saméja karo Aku ana ing Kratonku. Apamanèh kowé bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili taleré Israèl rolas.>>

[31] <<Simon, Simon, weruha, Iblis banget anggoné nginteri kowé, kaya gandum,

[32] nanging kowé wus dakdongakaké, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowé, menawa wus mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.>>

[33] Atur wangsulané Pétrus, <<Gusti, kawula cumadhang mbélani Panjenengan, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan.>>

[34] Nanging Yésus ngandika, <<Aku pitutur marang kowé, Pétrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurungé kowé nyélaki Aku nganti ping telu.>>

[35] Yésus banjur ngandika manèh, <<Nalika kowé padha dakutus kaé, ora nggawa wadhah dhuwit, kanthong utawa trumpah, apa kowé tau padha kekurangan apa-apa?>>

[36] Aturé para sakabat, <<Mboten babar pisan.>> Pangandikané Yésus, <<Nanging saiki iki, sapa kang duwé wadhah dhuwit, gawanen, mangkono uga kang duwé kanthong; lan kang ora duwé pedhang, ngedola jubahé kanggo tuku.

[37] Amarga Aku pitutur marang kowé, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektènan tumraping Aku: Panjenengané bakal kaétang kagolongaké para kraman. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kelakon.>>

[38] Unjuké para sakabat, <<Gusti, punika wonten pedhang kalih.>> Paring wangsulané Yésus, <<Wus cukup.>>

[39] Yésus banjur miyos tindak menyang Gunung Zaitun kaya adaté, uga kadhèrèkaké déning para sakabaté.

[40] Sarawuhé tekan kono, para sakabaté padha dipangandikani, <<Padha ndedongaa, supaya aja nganti kena ing panggodha.>>

[41] Panjenengané banjur misah dohé kira-kira sapambalang watu, nuli jèngkèng ndedonga, aturé,

[42] <<Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga karsa Paduka ingkang kalampahan.>>

[43] Banjur diketingali malaékat saka ing langit kang nyantosakaké Panjenengané.

[44] Panjenengané giris banget lan saya ngepeng anggoné ndedonga. Riwéné nganti kaya tètèsing getih kang padha tumiba ing lemah.

[45] Banjur jumeneng saka anggoné ndedonga lan tindak murugi para sakabaté, ketemu padha turu, marga saka sedhihé.

[46] Nuli padha dipangandikani, <<Yagéné kowé padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha kena ing panggodha.>>

[47] Sajroné isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid déning panunggalané sakabat rolas kang jenengé Yudas, iku banjur nyelaki Yésus arep nucup.

[48] Yésus banjur ngandika marang wong iku, <<Hé, Yudas, anggonmu ngulungaké Putraning Manungsa apa sarana nucup?>>

[49] Kang padha ndhèrèk Yésus, bareng ngerti apa kang bakal kelakon banjur padha munjuk, <<Gusti, punapa kepareng kawula lawan srana pedhang?>>

[50] Ana panunggalané tumuli medhang abdiné Imam Agung, kupingé tengen kaperung.

[51] Nanging Yésus ngandika, <<Wis, samono baé!>> Kupingé banjur kaasta kawarasaké.

[52] Yésus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para kepalané jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengané, <<Apa Aku iki kokanggep bégal, déné anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?

[53] Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowé ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki pangwasané pepeteng iku.>>

[54] Yésus banjur dicepeng lan digawa lunga saka panggonan kono, diirid menyang dalemé Imam Agung. Anadéné Pétrus ngetutaké saka ing kadohan.

[55] Wong-wong padha dadèn geni ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih gegeni. Pétrus iya mèlu linggih ing kono.

[56] Nuli ana abdi wadon weruh Pétrus linggih cedhak geni, banjur ditamataké, tumuli alok, <<Wong iki iya panunggalané.>>

[57] Nanging Pétrus sélak, pangucapé, <<Mboten, kula mboten wanuh kalih wong niku!>>

[58] Ora let suwé ana wong liyané kang weruh Pétrus lan banjur alok, <<Sampéyan niku inggih tunggalé.>> Nanging wangsulané Pétrus, <<Dédé, kula dédé.>>

[59] Lan kira-kira let sajam ana wong liyané manèh kang alok kanthi yakin, <<Temenan, wong iki iya tunggalé, sabab iki iya wong Galiléa.>>

[60] Nanging Pétrus mangsuli, pangucapé, <<Dédé, kula mboten ngerti napa sing mang kandhakké niku.>> Sanalika iku uga, nalika Pétrus ngucap mangkono iku, ana jago kluruk.

[61] Yésus banjur minger mirsani Pétrus. Pétrus nuli kèlingan, yèn Gusti wis ngandika, <<Sadurungé jago kluruk ing dina iki, kowé wis nyélaki Aku kaping telu.>>

[62] Pétrus nuli metu lan nangis kelara-lara.

[63] Yésus dipoyoki déning wong-wong, kang padha nahan Panjenengané, sarta digebagi.

[64] Pasuryané ditutupi déning wong-wong lan disuwuni pirsa, <<Coba, bedhèken sapa sing nggebugi Kowé iku?>>

[65] Kajaba iku isih akèh manèh panguman-umané marang Panjenengané.

[66] Bareng wus ésuk, para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Torèt padha nganakaké parepatan, Yésus banjur diladèkaké marang ngarsané Pradata Agama.

[67] Nuli padha ndangu, <<Menawa Kowé iki Mésias, kandhaa marang aku kabèh.>> Paring wangsulané Yésus, <<Sanadyan Aku kandha marang kowé kabèh, kowé bakal padha ora ngandel;

[68] lan sanadyan Aku takon apa-apa, kowé kabèh bakal ora mangsuli.

[69] Wiwit saiki Putraning Manungsa wus lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakwasa.>>

[70] Wong-wong mau banjur padha ngucap, <<Yèn mangkono, Kowé iku Putraning Allah?>> Paring wangsulané Yésus, <<Kowé dhéwé kang padha kandha, yèn Aku iki Putraning Allah.>>

[71] Banjur padha kandha, <<Apa preluné kita isih padha golèk paseksi manèh. Kita wis padha krungu dhéwé saka pangucapé.>>

Lukas — Chapters