Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 9:21

[1] Yésus banjur lumebet ing Yèrikho lan tindak nratas kutha kono.

[2] Ing kono ana wong aran Zakhéus, juru-tagih-pajeg kang sugih.

[3] Wong mau ngudi bisané ndeleng Yésus iku kaya apa, nanging ora bisa marga kaling-kalingan wong akèh, jalaran saka cendhèking dedegé.

[4] Mulané banjur lumayu ndhisiki wong akèh, nuli mènèk wit anjir supaya bisa ndeleng Yésus, kang bakal miyos kono.

[5] Nalika tindaké Yésus tekan panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika, <<Zakhéus, énggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu lerem ana ing omahmu.>>

[6] Zakhéus énggal-énggal mudhun lan nampi Yésus kanthi bungah.

[7] Nanging wong kabèh kang weruh padha kedumelan, pangucapé, <<Kok karsa lerem ana ing omahé wong dosa.>>

[8] Nanging Zakhéus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti, <<Gusti, sabarang gadhahan kawula, ingkang sapalih badhé kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula peres, bandha peresan wau badhé kawula wangsulaken tikel sekawan.>>

[9] Pangandikané Yésus, <<Ing dina iki brayat kéné katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhaké Abraham.

[10] Sabab Putraning Manungsa iku rawuhé prelu nggolèki lan mitulungi rahayu wong kang ketriwal.>>

[11] Yésus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokaké pangandikané, sabab tindaké wus cedhak kutha Yérusalèm sarta panyanané wong-wong mau yèn Kratoning Allah bakal énggal kababar.

[12] Panjenengané banjur ngandika, <<Ana priyagung tindak menyang sawijining negara kang adoh, panjenengané bakal kajumenengaké raja ana ing kana, sawisé iku nuli kondur.

[13] Banjur nimbali abdiné sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikané: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.

[14] Nanging panjenengané iku disengiti déning wong-wong ing negarané, mulané tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami mboten trimah, manawi tiyang punika jumeneng raja, ngerèh kawula sadaya.

[15] Kacarita nalika panjenengané kondur, sawusé kajumenengaké raja, banjur dhawuh nimbali para abdiné, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kepéngin nguningani bebathèné siji-siji anggoné laku dagang.

[16] Wong kang kapisan séba lan munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi sadasa mina.

[17] Pangandikané bendarané: Apik banget pagawéanira, hé, abdi kang becik. Sarèhné sira wus tumemen ing bab kang sepélé mulané sira sunparéngaké ngwasani kutha sapuluh.

[18] Nuli kang kapindho séba sarta munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi gangsal mina.

[19] Pangandikané marang wong iku: Déné sira ngwasanana kutha lima.

[20] Abdi kang katelu séba lan munjuk: Gusti, lah punika arta panjenengan samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.

[21] Awit kula ajrih dhateng panjenengan. Amargi panjenengan punika kereng, karsa mundhut ingkang sanès kagungan panjenengan, punapa déné ngundhuh ingkang sanès sebaran panjenengan.

[22] Pangandikané marang wong mau: Hé, abdi kang ala, sira bakal dakadili manut ujarira dhéwé. Sira wus ngerti, menawa aku iki wong kang kereng, kang njupuk kang dudu duwèkku, sarta ngundhuh kang dudu sebaranku.

[23] Yèn mangkono, yagéné dhuwitku ora kokpasrahaké marang wong kang nglakokaké dhuwit, supaya sakondurku kenaa dakpundhut dalah saanakané.

[24] Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wènèhna marang kang nggawa sapuluh mina.

[25] Unjuké wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.

[26] Paring wangsulané: Aku pitutur marang kowé, saben wong kang duwé, bakal kaparingan, nanging kang ora duwé, bakal kapundhutan, malah iya kang diduwèni pisan.

[27] Nanging kabèh satruku iki, kang padha ora seneng menawa aku jumeneng rajané, iku padha ladèkna mréné, padha patènana ana ing ngarepku.>>

[28] Sawusé ngandika mangkono, Yésus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang Yérusalèm.

[29] Bareng wus cedhak désa Bètfagé lan Bètania kang dumunung ing gunung kang aran Gunung Zaitun, Yésus nuli ngutus sakabaté loro

[30] kalawan kaparingan piweling mangkéné, <<Padha menyanga ing désa ing ngarep kaé. Salebumu ing kono, kowé bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mréné.

[31] Lan menawa ana wong kang takon marang kowé: Punapaa kok panjenengan uculi, wangsulana mangkéné: Gusti ingkang ngarsakaken.>>

[32] Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemuné kaya sapangandikané Yésus mau.

[33] Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwé kuldi padha ngaruh-aruhi, <<Kénging punapa kuldinipun kok sampéyan uculi?>>

[34] Wangsulané kang kautus, <<Gusti ingkang ngarsakaken.>>

[35] Kuldiné tumuli dituntun menyang ngarsané Yésus, banjur dilarabi jubahé, Yésus nuli dibantu anggoné nitih belo iku.

[36] Sasuwéné tindak, para sakabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan kang dilangkungi.

[37] Bareng cedhak karo Yérusalèm, ana ing dalan kang mudhun saka Gunung Zaitun, sakèhé murid kang ndhèrèkaké tindaké padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Allah kanthi swara cetha marga saka anané mukjijat-mukjijat, kang wus padha dideleng.

[38] Mangkéné pangucapé, <<Binerkahana Sang Raja ingkang rawuh atas asmaning Pangéran, tentrem-rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing ngaluhur!>>

[39] Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akèh, iku matur marang Yésus, <<Guru, Panjenengan mugi karsa ndukani para murid panjenengan punika.>>

[40] Paring wangsulané, <<Aku pitutur marang kowé: Menawa wong-wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nywara sora.>>

[41] Bareng tindaké wis saya cedhak lan pirsa kutha iku banjur muwun,

[42] Pangandikané, <<Adhuh, iba beciké menawa ing dina iki uga kowé nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem-rahayumu! Nanging ing saikiné bab iku sinamar tumrap mripatmu.

[43] Sabab bakal tumeka wektuné, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowé saka ing ngendi-endi.

[44] Kowé bakal kagempur nganti wrata karo lemah, bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarèkaké watu siji baé kang tumumpang ing watu liyané ing tembokmu, awit kowé ora nyumurupi wayahé anggoné Allah nuwèni kowé.>>

[45] Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dodolan ana ing kono padha ditundhungi kabèh,

[46] padha dipangandikani mangkéné, <<Ana tulisan: Padalemaningsun iku dalem pamujan, kok kadadèkaké guwaning bégal.>>

[47] Saben dina Panjenengané memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Torèt apadéné para panggedhèning bangsa Israèl padha ngudi nyirnakaké Panjenengané,

[48] nanging padha ora ngerti patrapé kepriyé, amarga wong kabèh padha tansah kepranan marang Panjenengané sarta padha kepéngin ngrungokaké piwulangé.

Lukas — Chapters