Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 7:58

[1] Nalika Para Farisi lan wong sawatara saka golonganing ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm, padha nglumpuk sowan ing ngarsané Yésus.

[2] Wong-wong mau padha weruh para sakabat sawatara padha mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.

[3] Sabab para Farisi, kayadéné wong-wong Yahudi liyané, ora mangan yèn ora ngwisuhi tangané dhisik, amarga padha netepi padatan warisané para leluhuré;

[4] lan samangsa mulih saka pasar, iya padha ora mangan yèn ora nucèkaké awak. Sarta akèh manèh padatan liyané kang diwarisi supaya ditetepi, kayata: bab ngumbah tuwung lan kendhi sarta piranti-piranti prunggu, apadéné paturon.

[5] Para Farisi lan para ahli Torèt mau banjur padha munjuk pitakon marang Panjenengané, <<Kènging punapa déné sakabat-sakabat Panjenengan kok mboten sami nindakaken padatan warisanipun para leluhur, nanging sami nedha mawi tangan najis?>>

[6] Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, <<Cocog banget Yésaya anggoné meca bab kowé, hé wong-wong lamis! Kaya kang wus katulis: Bangsa iki ngurmati Ingsun kalawan lambé, nanging atiné adoh saka Ingsun.

[7] Dadi, tanpa teges anggoné ngluhuraké Ingsun, déné kang diwulangaké iku pepakoné manungsa.

[8] Kalawan ninggal pepakèné Allah, kowé padha netepi padatané manungsa.>>

[9] Panjenengané mbacutaké pangadikané marang wong-wong mau, <<Pinter tenan anggonmu nyisihaké pepakèné Allah, murih kowé padha nglestarèkaké padatané leluhurmu.

[10] Amarga Musa wus dhawuh: Kowé ngajènana bapakmu lan ibumu! Lan uga: Sing sapa ngipat-ipati bapakné utawa ibuné, iku kudu kaukum pati.

[11] Nanging kowé padha memulang: Menawa ana wong kang matur bapaké utawa ibuné: Sadaya bantuan ingkang mesthinipun dados wewenang panjenengan saking kula, sampun kula dadosaken kurban, -- yaiku pisungsung katur marang Allah, --

[12] dadiné, kowé ora ngolèhaké wong iku nindakaké apa-apa manèh kanggo bapaké utawa ibuné.

[13] Kang mangkono iku, sarana nglestarèkaké padatané leluhurmu iku, kowé padha nggawé pangandikané Allah batal. Kejaba iku kowé isih padha nindakaké prakara rupa-rupa kang iya kaya mangkono iku.>>

[14] Yésus banjur nimbali marek manèh wong golongan sarta ngandika, <<Kowé kabèh padha ngrungokna marang Aku lan padha nggatèkna.

[15] Ora ana barang saka sajabané wong kang mlebu ing sajroné awaké, iku bisa gawé najisé wong mau, nanging apa-apa kang metu saka ing wong, iku kang gawé najisé wong iku.>> [

[16] Sapa baé kang duwé kuping kanggo ngrungokake', ngrungokna!]

[17] Bareng Panjenengané wis lumebet ing sawijiné omah, sumingkir saka wong golongan, para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané bab pasemon mau.

[18] Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, <<Dadi, kowé apa iya padha ora nyandhak? Apa kowé padha ora nggatèkaké, yèn samubarang kang saka ing jaba mlebu ing wong, iku ora bisa gawé najisé wong mau,

[19] amarga iku ora mlebu ing atiné, nanging ing wetengé, apadéné banjur metu dibuwang ana ing pakiwan?>> Kaya mangkono anggoné Panjenengané mratélakaké, yèn sakèhing pangan iku kalal.

[20] Panjenengané ngandika manèh, <<Apa kang metu saka ing wong, iya iku kang gawé najisé wong mau,

[21] sabab iya saka ing njero kono, saka ing atiné wong, kawetu gagasan-gagasan ala, laku cabul, colong-jupuk, gawé pati,

[22] laku jina, srakah, tingkah dursila, pokal culika, laku rusuh, kumèrèn, panyenyamah, umuk, tindak-tanduk tanpa budi.

[23] Sakèhé piala iku asalé saka ing jero lan gawé najisé wong.>>

[24] Yésus jumeneng banjur tindak saka kono menyang wilayah Tirus. Bareng wis lumebet ing sawijiné omah, Panjenengané ngarsakaké aja ana wong siji baé kang ngerti, éwasamono rawuhé tetep ora bisa kasidhem.

[25] Malah nalika iku uga, ana wanita kang anaké wadon kepanjingan roh jahat; bareng krungu bab Panjenengané, banjur agé-agé sowan ngrungkebi sampéyané.

[26] Wanita iku wong Yunani, keturunan Siro-Fénisia. Wong mau banjur nyuwun marang Yésus, supaya karsa nundhung sétané metu saka anaké wadon.

[27] Yésus nuli ngandika marang wanita iku, <<Bocah-bocah iku dhisik karebèn padha wareg, awit rak ora patut njupuk rotiné bocah-bocah mau banjur diuncalaké marang asu.>>

[28] Éwadéné wanita iku matur, <<Kasinggihan, Gusti. Nanging segawon ing ngandhap méja punika rak inggih sami nedha rontoganing rotinipun laré-laré wau.>>

[29] Yésus banjur ngandika marang wanita iku, <<Marga saka pitembunganmu, kowé muliha, sétané wus metu saka anakmu wadon.>>

[30] Nalika mulih tekan omahé, wanita iku mrangguli anaké teturon ing ambèn lan sétané wis lunga.

[31] Sawisé iku Yésus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak langkung Sidon menyang tlaga Galiléa, nratas tanah Dékapolis.

[32] Wong-wong tumuli nggawa wong kang budheg lan angèl guneman sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané numpangi asta marang wong iku.

[33] Sawusé wong mau kadhèwèkaké saka wong golongan, dadi mung kari karo Yésus, Panjenengané banjur nglebetaké drijiné ing kupingé wong iku, sawusé kecoh banjur ndumuk ilaté wong mau.

[34] Sawisé mangkono, kanthi tumenga ing langit Panjenengané unjal ambekan, banjur ngandika marang wong mau, <<Éfata!>> tegesé: Mengaa!

[35] Sanalika kupingé padha kabukak, apadéné bundhelaning ilaté udhar, banjur bisa guneman kanthi cetha.

[36] Panjenengané tumuli meling wong golongan, aja padha kandha-kandha marang sapa baé. Nanging sangsaya keras Panjenengané meling wong-wong golongan iku, sangsaya mempeng anggoné padha martak-martakaké.

[37] Déné wong golongan kabèh padha kaéraman banget lan padha ngucap, <<Panjenengané iku wus nggawé samubarang dadi becik, wong-wong kang budheg padha dadi bisa krungu, lan wong-wong kang bisu padha dadi bisa guneman.>>

Markus — Chapters