[1] Bareng Yésus lan kang padha ndhèrèkaké wis nyelaki Yérusalèm, ing sacedhaké Bètfagé lan Bétania, kang dumunung ing gunung Zaitun,Yésus ngutus sakabaté loro,
[2] Pangandikané, <<Padha menyanga désa ngarep iku. Satekamu ing kono kowé bakal mrangguli beloning kuldi kang kacancang, kang durung tau ditunggangi wong. Iku uculana banjur tuntunen mréné.
[3] Menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, << Yagéné kowé padha nindakaké iku? Kowé kandhaa: Gusti kang ngarsakaké; Panjenengané bakal énggal mbalèkaké mréné>>
[4] Sakabat loro iku banjur padha lunga, tumuli nemokaké beloné kuldi kacancang ing jaban lawang ing pinggir dalan; beloné banjur diuculi.
[5] Ana wong kang ngadeg ing kono ngaruh-aruhi sakabat loro iku, <<Apa kang padha kok tindakaké; généya kowé padha nguculi belo iku?>>
[6] Sakabat loro iku banjur ngandakaké kaya kang wis kapangandikakaké déning Yésus; temah wong-wong iku ngejaraké sakabat loro iku.
[7] Sakabat loro mau banjur nuntun beloning kuldi, menyang ngarsané Yésus, sarta nglambari belo iku nganggo sandhangané dhéwé; Panjenengané banjur nitihi.
[8] Akèh wong kang padha nggelar sandhangané ing dalan, déné wong-wong liyané padha nggelar pang-pang sagodhongé olèhé mancasi saka ing pategalan.
[9] Déné kang padha mlaku ana ing ngarep dalah kang padha ngetutaké, padha giyak-giyak, <<Hosana! Pinujia Panjenenganipun ingkang rawuh ing asmaning Pangéran.
[10] Pinujia Kraton ingkang rawuh, Kratonipun rama kita Daud, Hosana wonten ing ngaluhur!>>
[11] Sarawuhé ing Yérusalèm, Panjenengané banjur lumebet ing Padaleman Suci. Ana ing kono Panjenengané mirsani samubarang, nanging sarèhné wis surup, banjur tindak menyang Bétania, kadhèrèkaké sakabaté rolas.
[12] Ésuké nalika Yésus lan para sakabaté rolas padha bidhal saka Bétania, Yésus kraos luwé.
[13] Saka kadohan Panjenengané pirsa wit anjir kang wis ana godhongé. Panjenengané tindak nyelaki, mbokmenawa bisa manggih apa-apa ana ing wit iku. Nanging sarawuhé ing kono, Panjenengané ora manggih apa-apa kajaba mung godhong-godhong, amarga pancèn durung mangsané anjir awoh.
[14] Panjenengané ngandika marang wit anjir iku, <<Aja nganti ana wong kang mangan wohmu manèh ing salawas-lawasé!>> Para sakabaté padha krungu pangandikané iku.
[15] Sabanjuré Yésus lan para sakabaté padha rawuh ing Yérusalèm. Sawusé Yésus lumebet ing Padaleman Suci, Panjenengané nuli wiwit nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ing plataraning Padaleman Suci. Panjenengané ngglimpang-ngglimpangaké méja-méjané juru-tukar dhuwit dalah bangku-bangkuné wong adol manuk dara,
[16] sarta Panjenengané uga ora marengaké wong nggegawa barang liwat plataraning Padaleman Suci.
[17] Panjenengané banjur paring piwulang sarta ngandika marang wong-wong iku, <<Apa ora wus tinulis: Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan kanggo sakèhing bangsa? Nanging kowé wus padha ndadèkaké guwaning bégal!>>
[18] Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha mireng anané lelakon iku, banjur padha golèk akal anggoné arep nyirnakaké Yésus; marga wong-wong iku padha wedi marang Panjenengané, awit wong golongan kabèh padha kaéraman marang piwulangé.
[19] Bareng wis soré, Yésus lan para sakabat banjur bidhal saka kutha.
[20] Ing wayah ésuk umun-umun, Yésus lan para sakabaté nalika padha langkung ing panggonané wit anjir mau, pirsa yèn wité anjir wis garing saoyod-oyodé pisan.
[21] Pétrus banjur kèlingan, tumuli matur marang Panjenengané, <<Rabbi, kula aturi mirsani, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi punika sampun garing.>>
[22] Yésus paring wangsulan marang para sakabat, <<Padha pracayaa marang Allah!
[23] Satemen-satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang ngucap marang gunung iki: Kaangkata lan kauncalna ing sagara, angger ora mangu-mangu ing sajroning atiné, nanging pracaya yèn apa kang kaucapaké iku mesthi kelakon, iku mesthi iya bakal kelakon.
[24] Mulané Aku pitutur marang kowé: Apa baé kang kokdongakaké lan koksuwun, padha pracayaa yèn kowé wis padha tampa, iku mesthi iya bakal padha kelakon tumrap kowé.
[25] Samangsa kowé padha ngadeg ndedonga, menawa ana wong kang kaluputan marang kowé, apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura kaluputan-kaluputanmu. [
[26] Nanging menawa kowé padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura kaluputan-kaluputanmu.>>]
[27] Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Yérusalèm manèh. Nalika Panjenengané tindak ing plataraning Padaleman Suci, pangareping imam, ahli-ahli Torèt lan pinituwa-pinituwa padha sowan ing ngarsané,
[28] lan padha matur marang Panjenengané, <<Mawi pangwaos punapa anggèn Panjenengan nindakaken pandamel-pandamel punika? Tuwin sinten ingkang maringi pangwaos kanggé nindakaken pandamel-pandamel wau?>>
[29] Yésus ngandika marang wong-wong iku, <<Aku arep takon saprakara marang kowé kabèh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakaké marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku.
[30] Pambaptisé Yohanes iku saka swarga apa saka manungsa? Coba, padha wangsulana.>>
[31] Wong-wong mau banjur padha rembugan dhéwé, kalawan ngucap, <<Upama aku padha kandha: Saka ing swarga, mesthi diwangsuli: Yèn mangkono, yagéné kowé padha ora pracaya marang Yohanes?
[32] Nanging apa iya aku arep padha kandha: Saka manungsa!>> Wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, awit kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi sejati.
[33] Dadiné banjur padha mangsuli marang Yésus, kalawan matur, <<Kula sami mboten ngertos.>> Yésus tumuli ngandika marang wong-wong iku, <<Yèn mangkono, Aku iya ora bakal kandha marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku.>>