[1] Nuli Yésus lan para sakabaté padha tekan sabranging tlaga, ing wilayahé wong Gerasa.
[2] Lagi baé Panjenengané mandhap saka ing prau, ana wong kang kerasukan roh jahat saka ing pakuburan, methukaké.
[3] Wong mau manggon ana ing pakuburan lan ora ana wong siji baé kang bisa mbanda wong mau, sanadyan nganggo ranté pisan,
[4] amarga wong iku sikil lan tangané wus kerep diranté, nanging ranténé dipedhot lan dibedhat, mangka ora ana siji baé wong kang bisa nelukaké.
[5] Rina-wengi wong iku terus ana ing pakuburan-pakuburan lan gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awaké dhéwé nganggo watu.
[6] Bareng weruh Yésus saka ing kadohan, wong mau banjur mlayu lan nyembah Panjenengané,
[7] sarta mbengok klawan sora, <<Punapa urusan Panjenengan kaliyan kula, dhuh, Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur? Demi Allah, sampun ngantos nyiksa kula!>>
[8] Wong mau matur mangkono, jalaran Panjenengané ngandika, <<Metua saka wong iku, hé, roh jahat!>>
[9] Panjenengané banjur ndangu marang wong iku, <<Sapa jenengmu?>> Wong iku tumuli matur, <<Nama kula Legion, awit kula punika kathah.>>
[10] Wong iku kanthi adreng nyuwun supaya Panjenengané ora nundhung roh-roh jahat iku saka ing wilayah kono.
[11] Ing kono ana babi sapantha gedhé lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrèngé gunung.
[12] Roh-roh jahat iku banjur padha nyuwun marang Panjenengané karo matur, <<Panjenengan ndhawuhana kula supados sami pindhah ing babi-babi punika, babi-babi punika badhé kula lebeti.>>
[13] Yésus marengaké roh-roh jahat iku; lan roh-roh jahat mau tumuli padha metu banjur mlebu ing babi-babi iku; pepanthan babi mau tumuli gumrudug mudhun liwat èrèng-èrèng kang njuleg ambyur ing tlaga, cacahé wetara rong èwu, lan padha klelep ing kono.
[14] Para kang angon babi-babi mau banjur padha mlayu awèh warta marang wong-wong ing kutha lan ing kampung-kampung sakiwa-tengené. Wong-wong banjur padha metu arep weruh apa kang wis kelakon.
[15] Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Yésus lan padha ndeleng wong kang kapanjingan sétan Legion iku lungguh ana ing kono, wis nganggo sandhangan sarta waras budiné, satemah wong-wong iku padha wedi.
[16] Wong-wong kang padha weruh lelakon mau banjur padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku, apa kang tumanduk ing wong kang kapanjingan sétan lan bab babi-babi mau.
[17] Wong-wong banjur padha nyuwun, supaya Panjenengané jengkar saka ing wilayahé.
[18] Nalika Yésus minggah ing prau, wong kang kapanjingan sétan mau nyuwun marang Panjenengané supaya diparengaké ndhèrèk.
[19] Yésus ora marengaké, nanging ngandika marang wong iku, <<Muliha menyang omahmu, menyang krabatmu lan kandhakna marang wong-wong mau sabarang kang katindakaké déning Allah marang kowé sarta anggoné Panjenengané melasi kowé!>>
[20] Wong iku banjur lunga sarta wiwit martakaké ana ing tanah Dékapolis samubarang kang wis katindakaké déning Yésus marang wong mau, temah wong kabèh padha gumun.
[21] Nalika Yésus nyabrang manèh kalawan nitih prau, wong golongan kang akèh cacahé teka padha ngrubung Panjenengané. Nalika Panjenengané ana ing pinggir tlaga,
[22] tumuli ana wong saka panunggalané para pangareping papan pangibadah teka, jenengé Yairus. Bareng weruh Panjenengané, wong iku banjur sujud ing ngarsané,
[23] lan kanthi adreng nyuwun marang Panjenengané lan matur, <<Anak kawula èstri saweg sakit mèh pejah, mugi Gusti rawuh saha numpangi asta dhateng anak kula wau, supados wilujeng lan lestantun gesang.>>
[24] Yésus banjur tindak bareng karo pangareping papan pangibadah mau. Lan wong golongan kang akèh cacahé ndhèrèkaké Panjenengané.
[25] Ana wong wadon kang lara nggrajag-getih wus rolas taun lawasé,
[26] sing banget anggoné nandhang sangsara, wis bola-bali ditambani dhokter pirang-pirang, nganti ngentèkaké barang darbèké kabèh, mangka iku ora mitulungi, nanging larané malah dadi luwih nemen.
[27] Marga wus krungu pawarta bab Yésus, wong wadon iku tumuli teka nrambul ing satengahé wong golongan, banjur ndemèk jubahé Panjenengané saka ing buri.
[28] Sabab pamikiré, <<Yèn aku ndemèk, sanadyan ta mung jubahé Panjenengané, aku bakal kawarasaké.>>
[29] Sanalika nggrajag-getihé banjur dadi mampet, apadéné iya ngrasakaké yèn awaké wus waras.
[30] Sanalika iku uga Yésus ngraosaké saka ing sarirané piyambak ana daya kang metu, Panjenengané banjur minger ing satengahé wong golongan lan ngandika, <<Sapa kang ndemèk jubahku?>>
[31] Para sakabaté banjur padha matur marang Panjenengané, <<Gusti pirsa tiyang golongan sami ndhesek-ndesek Gusti, éwasemanten Gusti ngandika: Sapa kang ndemèk Aku?>>
[32] Panjenengané banjur mirsani mubeng, nedya nguningani wong kang tumindak mengkono.
[33] Déné wong wadon mau sarèhné nyumurupi apa kang kelakon tumrap awaké, banjur kanthi wedi lan gumeter marek sarta sujud ing ngarsané Yésus, apadéné ngaturaké kabèh ing sanyatané marang Panjenengané.
[34] Panjenengané tumuli ngandika marang wong wadon iku, <<Hé, nggèr, pracayamu wus mitulungi kowé. Mundura kanthi tentrem-rahayu, lan warasa saka lelaramu.>>
[35] Nalika Panjenengané isih ngandika, wong sawatara saka ing omahé pangareping papan pangibadah mau nusul teka lan matur, <<Putra putri panjenengan sampun tilar, punapa ginanipun panjenengan taksih ngribedi Guru?>>
[36] Nanging Yésus, kanthi ora nggatosaké marang tetembungan kang kaucapaké iku, ngandika marang pangarepé papan pangibadah iku, <<Aja wedi, pracayaa baé!>>
[37] Yésus ora marengaké ana wong kang ndhèrèk Panjenengané kejaba Pétrus, Yakobus lan Yohanes, saduluré Yakobus.
[38] Bareng wus padha tekan omahé pangareping papan pangibadah iku, Panjenengané pirsa kaributan, wong-wong kang nangis lan sesambat kalawan sora.
[39] Bareng wis mlebet, Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, <<Yagéné kowé padha ribut lan nangis? Bocahé ora mati, nanging turu.>>
[40] Wong-wong iku banjur padha nggeguyu Panjenengané. Sawisé ndhawuhi metu wong-wong iku kabèh, Panjenengané tumuli ngajak bapak lan ibuné bocah mau sarta kang padha ndhèrèk Panjenengané, banjur mlebet ing papané bocah mau.
[41] Kanthi ngasta tangané, Panjenengané ngandika marang bocah iku, <<Talita kum,>> kang ateges, <<Hé, gendhuk, Aku dhawuh marang kowé, tangia!>>
[42] Sanalika bocah wadon iku tangi sarta mlaku mrana-mréné; bocah iku umuré rolas taun. Wong kabèh tumuli padha banget kaéraman.
[43] Panjenengané paring dhawuh wanti-wanti marang wong-wong iku, aja nganti ana wong kang ngerti bab mau, sarta ndhawuhi supaya bocahé diparingi mangan.