Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 5:05

[1] Bareng dina Sabat wis keliwat, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yakobus apadéné Salomé padha tuku rempah-rempah wangi kanthi sedya bali manèh menyang pasaréan arep njebadi Yésus.

[2] Wayah bangun ésuk ing dina kapisan ing minggu iku, sawisé srengéngéné mlethèk, wong-wong wadon mau padha lunga menyang pasaréan.

[3] Banjur padha rasanan, <<Sapa kang bakal ngglundhungaké watuné kanggo kita saka lawanging pasaréan?>>

[4] Nanging bareng padha ndeleng saka cedhakan, banjur padha weruh yèn watuné wis ngglundhung, mangka watu mau gedhé banget.

[5] Nuli padha lumebu ing pasaréan lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen ngagem jubah putih, mulané padha kagèt.

[6] Nanging priya nom-noman mau tumuli ngandika marang para wong wadon iku, <<Aja padha wedi! Kowé padha nggolèki Yésus saka Nasarèt, kang wus kasalib iku. Panjenengané wus wungu. Ora ana ing kéné. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarèkaké Panjenengané.

[7] Nanging saiki padha lungaa, kandhaa marang para sakabaté lan Pétrus: Panjenengané tindak ngrumiyini kowé kabèh menyang Galiléa; ing kana kowé bakal padha ndeleng Panjenengané, kaya kang wus dingandikakaké marang kowé kabèh.>>

[8] Wong-wong wadon mau banjur padha mlayu metu saka pasaréan, amarga padha giris lan geter, apadéné ora kandha apa-apa marang sapa baé, marga padha wedi. [ Déné wong-wong wadon iku kanthi ringkes nerusaké sakèhing piwelingé malaékat mau marang Pétrus lan kanca-kancané. Sawusé iku Yésus piyambak lumantar para sakabat martakaké saka wétan nganti tekan kulon pawarta kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakaké, bab pawartaning karahayon kang langgeng.] [

[9] Bareng Yésus wis wungu nalikané isih ésuk umun-umun ing dina kapisan ing minggu iku, kang dhisik dhéwé Panjenengané ngatingal marang Maria Magdaléna, kang saka wong iku, Panjenengané wis nundhung sétan pitu.

[10] Wong wadon mau nuli lunga wewarta bab iku marang wong kabèh, kang biyèn padha ndhèrèkaké Panjenengané, lan kang ing waktu samana lagi padha susah lan nangis.

[11] Nanging bareng padha krungu, yèn Yésus wungu lan wis kadeleng déning Maria, wong-wong iku padha ora ngandel.

[12] Sawisé iku, Panjenengané ngatingal ngagem rupi kang béda marang wong loro panunggalané, nalika sakaroné padha lumaku menyang njaban kutha.

[13] Wong loro mau banjur bali padha wewarta bab iku marang murid-murid liyané, nanging iya padha ora ngandel.

[14] Pungkasané, Panjenengané ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur netah marang wong sawelas iku bab cupeting pangandel lan wangkoting atiné, déné padha ora ngandel marang wong-wong kang wus padha ndeleng Panjenengané sawisé wungu.

[15] Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat sawelas mau, <<Padha lungaa menyang saindenging jagat, padha martakna Injil marang sakèhing tumitah.

[16] Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal kaslametaké, balik kang ora pracaya bakal kaukum.

[17] Pratandha-pratandha iki bakal mbarengi para wong kang pracaya: Wong-wong pracaya iku bakal padha nundhungi sétan sarana jenengku, bakal padha guneman nganggo basa-basa anyar.

[18] Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombé racun kang matèni, ora bakal cilaka; bakal padha numpangi tangan marang para kang lara, lan iku bakal padha waras.>>

[19] Sawisé Gusti Yésus ngandika kang mangkono marang para sakabat, Panjenengané banjur kasengkakaké menyang swarga lan lenggah ing satengené Allah.

[20] Déné para sakabaté iku banjur padha lunga memulang ing endi-endi, sarta Gusti nyarengi makarya, apadéné ngekahaké piwulangé sarana pratandha-pratandha.]

Markus — Chapters