Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:39

[1] Let sawatara dina, sawisé Panjenengané rawuh manèh ing Kapèrnaum, wong-wong wus padha krungu wartané yèn Panjenengané ana ing dalem.

[2] Banjur akèh wong kang padha teka nglumpuk nganti ora ana enggon manèh, dalah ing ngarep lawang baé iya ora ana; lan Panjenengané banjur medhar pangandika marang kang padha nglumpuk iku.

[3] Ana wong-wong teka karo nggawa wong lumpuh, digotong wong papat, disowanaké marang Panjenengané.

[4] Sarèhné padha ora bisa nggawa marang ngarsané Panjenengané marga anané wong golongan, wong-wong iku padha mbukak payon ing sandhuwuré Panjenengané; lan sawusé mbukak payon, wong-wong iku banjur ngudhunaké paturon panggonané kang lumpuh iku nggléthak.

[5] Bareng Yésus nguningani pangandelé wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh, <<Nggèr, dosa-dosamu wus kaapura!>>

[6] Nanging ana ahli Torèt sawatara kang padha lungguh ana ing kono, lan iku padha mikir,

[7] <<Yagéné wong iku kok kandha mangkono? Wong iku nyenyamah marang Allah. Sapa kang kwasa ngapura dosa kajaba mung Allah piyambak?>>

[8] Sarèhné panggalihé Yésus pirsa yèn kaya mangkono iku anggoné padha mikir, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, <<Yagéné kowé padha duwé pikiran kang kaya mangkono ing sajroning atimu?

[9] Endi kang luwih gampang, kandha marang kang lumpuh iku: Dosamu wus kaapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua?

[10] Nanging supaya kowé padha ngerti, yèn Putrané Manungsa iku duwé pangwasa kanggo ngapura dosa ing bumi,>> -- Panjenengané banjur ngandika marang kang lumpuh, --

[11] <<Aku kandha marang kowé, ngadega, paturonmu angkaten lan muliha menyang omahmu!>>

[12] Kang lumpuh iku banjur ngadeg, tumuli ngangkat paturoné sarta sumingkir liwat ing sangarepé wong-wong, nganti wong kabèh padha kaéraman lan banjur ngluhuraké Allah, klawan padha ngucap, <<Kang kaya mangkono iku kita padha durung tau weruh.>>

[13] Yésus banjur tindak manèh menyang pinggir tlaga; lan wong golongan iku kabèh padha sowan ing ngarsané. Panjenengané banjur memulang marang wong-wong iku.

[14] Bareng langkung ing kono, Panjenengané pirsa Lèwi anaké Alféus lungguh ana ing kantor pajeg. Panjenengané banjur ngandika marang Lèwi, <<Mèlua Aku!>> Lèwi tumuli ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané.

[15] Kacarita Panjenengané dhahar ana ing omahé Lèwi; akèh juru-tagih-pajeg lan wong dosa padha mangan bareng karo Yésus lan para sakabaté, sabab pancèn ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané.

[16] Para ahli Torèt saka golongan Farisi bareng weruh yèn Panjenengané dhahar karo wong-wong dosa lan para juru-tagih-pajeg, banjur padha kandha marang para sakabaté, <<Yagéné wong iku kok mangan awor karo para juru-tagih-pajeg lan wong-wong dosa?>>

[17] Bareng Yésus midhanget, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, <<Wong-wong waras ora mbutuhaké dhokter, nanging wong-wong lara iku kang mbutuhaké. Aku teka ora supaya ngundang wong-wong kang mursid, nanging supaya ngundang wong-wong dosa.>>

[18] Nalika para sakabaté Yohanes lan para Farisi pinuju padha pasa; padha sowan sarta matur marang Panjenengané, <<Sabab punapa déné para sakabatipun Yohanes lan murid-muridipun para Farisi sami siyam, nanging sakabat-sakabat Panjenengan kok sami mboten siyam?>>

[19] Yésus ngandika marang wong-wong mau, <<Rak ora bisa ta tamu-tamu kang mahargya pangantèn padha pasa, nalika pangantèn lanang isih lungguhan bareng karo para tamu? Sasuwéné isih nyandhing pangantèn lanang, tamu-tamu ora kena pasa.

[20] Nanging bakal tumeka ing waktu, nalika pangantèn kabedhol saka ing antarané para tamu, lan ing waktu iku wong-wong iku bakal padha pasa.

[21] Ora ana wong nambalaké potongan kain anyar kang durung mengkered marang sandhangan lawas; déné menawa mangkono tambalané kain anyar mau bakal nyuwèkaké, kang anyar nyuwèk kang lawas, lan suwèké dadi luwih banget.

[22] Lan ora ana wong ngisèkaké anggur anyar ing kanthong kulit lawas; awit menawa mangkono angguré bakal ngrusak kanthongé, satemah dadia angguré apadéné kanthongé bakal dadi rusak lan muspra; nanging anggur anyar kuduné diwadhahi ing kanthong kulit kang anyar.>>

[23] Kacarita ing sawijiné dina Sabat, Yésus tindak langkung pategalan gandum; lan para sakabaté padha methiki wulèn gandum.

[24] Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengané, <<Panjenengan pirsani, sabab punapa tiyang-tiyang punika sami nindakaken padamelan ingkang mboten dipun parengaken ing dinten Sabat?>>

[25] Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong Farisi iku, <<Apa kowé padha ora tau maca apa kang katindakaké déning Daud lan para pandhèrèké, nalika ngalami kekurangan lan kaluwèn,

[26] kepriyé anggoné padha mlebu ing Padalemané Allah, nalika jamané imam agung Abyatar lan dhahar roti caosan -- kang ora pareng dipangan kejaba mung déning para imam -- lan iya maringaké roti iku marang para pandhèrèké?>>

[27] Apadéné Panjenengané ngandika marang wong-wong Farisi, <<Dina Sabat iku dianakaké kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat;

[28] mula, Putrané Manungsa iku malah iya Gustiné dina Sabat.>>

Markus — Chapters