Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 9:02

[1] Iki wiwitaning Injilé Yésus Kristus, Putrané Allah.

[2] Kaya kang wis katulis ana ing kitabé Nabi Yésaya, <<Lah, Ingsun ngutus utusaningsun ana ing ngarsanira, kang bakal nyawisaké marginira;

[3] ana swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé.>>

[4] Mangkono Yohanes Pambaptis rawuhé ana ing pasamunan sarta ngundhangaké baptising pitobat murih apuraning dosa.

[5] Wong saisiné wilayah Yudéa kabèh lan sakèhé wong kang manggon ing Yérusalèm, padha sowan panjenengané sarta padha dibaptisi ana ing Kali Yordan kalawan padha ngakoni dosané.

[6] Yohanes ngagem ageman wulu unta lan ing lambungé ngagem sabuk lulang, apadéné dhaharané walang lan madu alas.

[7] Déné panjenengané iku ngundhangaké pawarta klawan ngandika, <<Ing sapungkurku, Panjenengané kang luwih kwasa tinimbang aku rawuh; tumungkul nguculi talining trumpahé baé aku ora pantes.

[8] Aku mbaptis kowé sarana banyu, nanging Panjenengané iku bakal mbaptis kowé sarana Roh Suci.>>

[9] Nalika samana Yésus rawuh saka Nasarèt ing wilayah Galiléa, lan Panjenengané banjur dibaptis déning Yohanes ana ing Kali Yordan.

[10] Bareng Panjenengané mentas saka ing banyu, sanalika pirsa langit piyak, sarta Roh kang pindha manuk dara nedhaki Panjenengané.

[11] Nuli ana swara saka swarga, <<Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké renaning galihingsun.>>

[12] Sawisé iku, Roh tumuli nuntun Panjenengané menyang pasamunan.

[13] Sajroné patang puluh dina, Panjenengané ana ing kono kagodha déning Iblis. Pamanggèné sesarengan karo kéwan alas, déné malaékat-malaékat padha ngladosi.

[14] Sawisé Yohanes katangkep, Yésus rawuh ing Galiléa, nggelaraké Injilé Allah,

[15] lan ngandika, <<Wis tekan waktuné, Kratoné Allah wis cedhak, padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!>>

[16] Nalika pinuju tindak urut pinggiré Tlaga Galiléa, Yésus pirsa Simon karo Andréas saduluré Simon, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga wong iku padha tukang golèk iwak.

[17] Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, <<Ayo, padha mèlua Aku. Aku bakal ndadèkaké kowé tukang golèk wong.>>

[18] Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané.

[19] Bareng nglajengaké tindak sawatara, Panjenengané pirsa Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes saduluré, lagi padha ana ing prau ndandani jalané.

[20] Panjenengané banjur nimbali wong-wong iku, lan tumuli padha ninggal Zébédéus, bapakné, ana ing prau karo para buruhé, lan padha ngetut-buri Panjenengané.

[21] Yésus lan para sakabaté banjur padha tekan ing Kapèrnaum. Bareng dina Sabat, Panjenengané énggal-énggal mlebet ing papan pangibadah sarta memulang.

[22] Wong-wong padha gumun banget marang piwulangé, awit Panjenengané iku maringaké piwulang kayadéné kang kagungan pangwasa, lan ora kaya para ahli Torèt.

[23] Ing papan pangibadah kono, dumadakan ana wong kang kepanjingan roh jahat, lan bengok-bengok,

[24] <<Punapa prekawis kawula sadaya kaliyan Panjenengan, dhuh Yésus saking Nasarèt! Panjenengan rawuh punika punapa badhé numpes kawula? Kawula ngertos Panjenengan punika sinten: Inggih Panjenenganipun ingkang suci, pinangkanipun saking Allah.>>

[25] Nanging Yésus tumuli ndukani roh jahat iku klawan ngandika, <<Menenga, metua saka wong iku!>>

[26] Roh jahat iku ngontang-antingaké wong mau sarta njerit kanthi swara sora banjur metu saka wong mau.

[27] Wong kabèh padha gumun, temah padha takon-tinakon, kalawan ngucap, <<Apa ta iki? Piwulang anyar mawa pangwasa. Apadéné paring dhawuh marang roh-roh jahat lan iku iya padha manut marang Panjenengané.>>

[28] Pawarta bab Panjenengané banjur sumebar ing endi-endi nyrambahi wilayah Galiléa kabèh.

[29] Lan sawisé medal saka ing papan pangibadah, Yésus karo Yakobus lan Yohanes banjur énggal-énggal tindak menyang omahé Simon lan Andréas.

[30] Ibuné maratuwa Simon nggléthak nandhang lara panas. Para sakabat mau tumuli padha matur marang Panjenengané bab kang lara iku.

[31] Panjenengané nuli nyelaki ibu mau, sarta nangèkaké klawan narik tangané; lan panasé tumuli ilang, banjur ngladèni tamu-tamuné.

[32] Bareng soré, nalika srengéngé wus surup, wong-wong padha nggawa sakèhé wong kang padha nandhang lara lan kesurupan sétan kaaturaké marang Panjenengané.

[33] Wong sakutha kabèh padha uyel-uyelan ngumpul ana ing ngarep lawang.

[34] Panjenengané banjur nyarasaké wong akèh kang padha nandhang lara warna-warna sarta nundhungi sétan akèh; lan Panjenengané ora marengaké sétan-sétané padha kandha-kandha, awit wis padha wanuh marang Panjenengané.

[35] Ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Panjenengané wungu banjur miyos, tumuli tindak menyang papan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.

[36] Simon lan sakancané padha nusul nggolèki Panjenengané.

[37] Bareng wis ketemu Panjenengané, banjur padha matur, <<Tiyang sadaya sami madosi Panjenengan.>>

[38] Panjenengané paring wangsulan marang Simon sakancané, <<Ayo padha menyang panggonan-panggonan liyané, menyang kutha-kutha sakiwa-tengené kéné supaya Aku iya nggelaraké piwulang ana ing kono, awit iya iku preluné anggonku rawuh ing donya.>>

[39] Panjenengané banjur nggelaraké piwulang ing sawilayah Galiléa kabèh, ana ing papan-papan pangibadahé wong-wong ing kono sarta nundhungi sétan-sétan.

[40] Ana wong kang nandhang lara kusta sowan ing ngarsané Yésus nyuwun pitulungan marang Panjenengané kalawan jèngkèng, matur, <<Manawi Panjenengan karsa, Panjenengan saged mbirat najis kawula.>>

[41] Karana trenyuh déning welasé, Panjenengané mulung astané lan ndemèk wong mau sarta ngandika, <<Aku karsa, birata najismu!>>

[42] Sanalika kustané ilang, temahan wong iku birat najisé.

[43] Panjenengané banjur énggal ndhawuhi wong iku sumingkir lan diwanti-wanti kanthi pangandika,

[44] <<Kowé aja nganti kandha-kandha apa baé marang sapa baé, nanging lungaa, tuduhna awakmu dhéwé marang imam, sarta nyaosna kurban, kaya kang wis kadhawuhaké déning Musa kanggo pasucèné awakmu, minangka paseksi marang wong-wong.>>

[45] Éwadéné sapungkuré saka kono, wong mau wiwit martak-martakaké lan nyebar-nyebaraké lelakon mau menyang ngendi-endi, satemah Panjenengané ora bisa lumebet ing kutha kanthi terang-terangan, nanging lereb ana ing njaba, ing panggonan-panggonan kang sepi, lan wong saka ing endi-endi padha terus marani marek ing ngarsané.

Markus — Chapters