Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:35

[1] Wosé kabèh kang kita rembug iku mangkéné: kita padha duwé Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengening dhamparé kang Mahaagung ing swarga,

[2] sarta kang ngladosi pangibadah ing papan kang suci, yaiku ing sajroné kémah kang sejati, yasané Allah sarta dudu gawéané manungsa.

[3] Jalaran saben imam agung kapatah nyaosaké kurban sarta pisungsung, mulané imam agung prelu kagungan kang kapisungsungaké.

[4] Saupama Panjenengané ana ing bumi iki, Panjenengané babar pisan ora bakal jumeneng imam, amarga ing kéné wis ana kang padha nyaosaké pisungsung manut angger-anggering Torèt.

[5] Anggoné padha leladi ana ing kémah iku minangka gambar lan wewayangané apa kang ana ing swarga, kaya kang kapangandikakaké marang Musa, nalika arep ngadani yasa kémah, <<gatèkna,>> mangkono dhawuhé, <<kabèh iku kudu sira gawé manut conto kang wis katedahaké marang sira ana ing ndhuwur gunung iku.>>

[6] Nanging saiki Panjenengané wis tampa ayahan kang luwih agung, amarga Panjenengané jumeneng Pantaraning prajanjian kang luwih mulya, kang linandhesan prajanji kang uga luwih mulya.

[7] Sabab menawa prajanjian kang kawitan iku tanpa cacad, kang kapindho ora bakal digolèkaké panggonan manèh.

[8] Déné Panjenengané nglepataké wong-wong iku nalika ngandika, <<Satemené, bakal tumeka ing waktuné,>> mangkono pangandikané Gusti, <<Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turuné Israèl sarta turuné Yéhuda,

[9] ora kaya prajanjian kang wis sunpranata karo para leluhuré wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku sunirid metu saka tanah Mesir. Amarga wong-wong iku padha ora setya marang prajanjianingsun, sarta Ingsun nampik wong-wong iku,>> mangkono pangandikané Gusti.

[10] <<Iya iki prajanjian kang bakal sunpranata kalawan turuné Israèl sawisé waktu iku,>> mangkono pangandikané Gusti. <<Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing budiné, sarta sunserat ing atiné, satemah Ingsun bakal jumeneng Allahé sarta wong-wong iku bakal dadi umatingsun.

[11] Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang manèh marang pepadhané warga utawa marang pepadhané sadulur kanthi ngucap: Wanuha marang Gusti! Amarga kang cilik dalah kang gedhé, kabèh bakal padha wanuh marang Ingsun.

[12] Awit Ingsun bakal paring sih-piwelas tumrap kaluputané sarta ora bakal ngèngeti marang dosa-dosané.>>

[13] Nalika Panjenengané ngandika bab prajanjian anyar, iya mratélakaké menawa kang kawitan iku prajanjian kang wis dadi lawas. Sarta apa kang wis dadi lawas lan kadaluwarsa iku wis cepak sirnané.

Ibrani — Chapters