[1] Awitdéné saben imam agung, kang kapiji saka ing antarané manungsa, iku katetepaké kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Allah, supaya nyaosaké pisungsung sarta kurban karana dosa.
[2] Panjenengané kudu saged tumut ngraosaké kaanané para wong kang ora ngerti lan kang kesasar, amarga panjenengané piyambak uga kebak ing kaapesan,
[3] kang ngudokaké saos kurban panebusing dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengané piyambak.
[4] Sarta ora ana wong kang nggunakaké kaurmatan iku kanggo awaké dhéwé, nanging katimbalan déning Allah kaya kang wis kelakon tumrap Harun.
[5] Mangkono uga Kristus ora mulyakaké sarirané piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakaké déning Panjenengané kang ngandikani, <<Sira iku Putraningsun! Sira wis Sunputrakaké ing dina iki,>>
[6] iya kaya pangandikané Allah ing ayat liyané manèh, <<Sira iku dadi Imam kanggo salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk.>>
[7] Nalika sugengé cara manungsa, Panjenengané wis ngaturaké pandonga sarta panyuwun kanthi pasambat lan muwun marang Sang Rama, kang kwaos milujengaké saka pati, sarta marga saka kamursidané Panjenengané wis dipiyarsakaké.
[8] Sanadyan Panjenengané iku Putra, éwasamono wis sinau mbangun-turut sarana anggoné nandhang sangsara,
[9] lan sawisé Panjenengané kasampurnakaké, banjur dadi sumbering karahayon kang langgeng tumrap sakèhing wong kang mituhu marang Panjenengané,
[10] sarta Panjenengané katimbalan dadi Imam Agung déning Allah, manut pranatané Mèlkisèdèk.
[11] Mungguh prakara iku akèh kang kudu padha dakkandhakaké, ananging angèl diterangaké, marga kowé wis padha lamban menawa ngrungokaké.
[12] Sabab sanadyan kowé kuduné wis padha dadi guru, yèn kapirid saka ing waktu, éwadéné kowé isih prelu diwulang manèh bab dhasar-dhasaring pangandikané Allah sarta kowé isih mbutuhaké banyu susu, dudu pangan kang akas.
[13] Amarga saben wong kang isih butuh banyu susu, iku durung ngerti piwulang bab kang bener, sabab isih dadi bayi suson.
[14] Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwé pangerti kang wus digladhi kanggo mbédakaké kang becik lan kang ala.