Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 5:29

[1] Katresnaning pasaduluran iku padha rumatana!

[2] Kowé aja padha lali awèh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenèhing wong tanpa kasumurupan wis ngaturi pasugatan marang para malaékat.

[3] Padha élinga marang para wong ukuman, jalaran kowé dhéwé uga wong ukuman. Sarta padha élinga marang wong kang padha dianiaya, amarga kowé dhéwé iya isih urip ana ing donya iki.

[4] Kowé kabèh padha ngajènana marang nenikahan sarta aja padha njemberi paturon, sabab Allah bakal matrapi para sundel lan kang laku jina.

[5] Kowé aja padha karem bandha sarta padha marema karo apa kang kokduwèni. Awit Allah wis ngandika, <<Ingsun ora bakal négakaké sira lan sira ora pisan-pisan bakal suntilar.>>

[6] Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap, <<Gusti iku pitulunganku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?>>

[7] Padha élinga marang para pemimpinmu, kang wis nggelaraké pangandikané Allah marang kowé. Padha gatèkna wekasaning sugengé sarta padha nulada pracayané.

[8] Yésus Kristus iku tetep, ora éwah-gingsir, iya wingi, dina iki sarta ing salawas-lawasé.

[9] Kowé aja nganti padha kena disasaraké déning piwulang warna-warna liyané. Kang becik yaiku menawa atimu kasantosakaké déning sih-rahmat, sarta ora marga déning pranatan bab pangan kang ora maédahi marang wong kang nuruti iku.

[10] Kita padha duwé misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladèni kémah iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah kono.

[11] Mungguh kéwan-kéwan kang getihé kagawa lumebu menyang pasucèn déning imam agung minangka kurban pambirating dosa, iku padha kaobong ing saknjabané kémah.

[12] Iya iku sababé Yésus wis nandhang sangsara ana ing saknjabaning gapura kanggo nucèkaké umat kagungané sarana rahé piyambak.

[13] Awit saka iku, payo padha sowan Panjenengané ana ing saknjabané kémah sarta nglabuhi kanisthané.

[14] Amarga ana ing kéné kita padha ora duwé kutha kang tetep; kita padha ngupaya kutha ing jaman kang bakal kelakon.

[15] Kang iku, lantaran Panjenengané, payo kita padha tansah saos kurban pamuji-sokur marang Allah, iya iku kang arupa tetembungan kang ngluhuraké asmané.

[16] Sarta aja lali nindakaké kabecikan lan awèh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadèkaké keparengé Allah.

[17] Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pemimpinmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, kaya wong kang padha kudu ngunjukaké tanggung-jawab, supaya anggoné padha nglakoni kalawan bungah, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maédahi tumrap kowé.

[18] Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha yakin, menawa duwé rumangsaning ati kang becik, amarga ing sakèhé prakara kita padha ngarah urip kang becik.

[19] Mligi kanggo kowé aku pitutur, kowé padha nglakonana, supaya aku énggal diparengaké bali nunggal karo kowé.

[20] Muga Allahing tentrem-rahayu, kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wis mungokaké saka ing antarané wong mati, Pangèn Agung tumrap para wedhus, yaiku Yésus, Gusti kita,

[21] mirantènana kowé kalawan samubarang kabèh kang becik kanggo nindakaké karsané, sarta nindakaké ana ing urip kita apa kang ndadèkaké keparengé, lantaran Yésus Kristus. Panjenengané iku kang sayogya kamulyakaké nganti salawas-lawasé! Amin.

[22] Aku pitutur marang kowé, para Sadulur, tembung-tembung pepéling iki padha tampanana kalawan éklasing ati, sanadyan layangku marang kowé iki mung cekak.

[23] Wruhanamu, Timotius, sadulur kita, wis mangkat. Samangsa wis teka, aku arep énggal bebarengan niliki kowé kabèh.

[24] Salamku tumekaa marang sakèhing pemimpinmu sarta marang para suci. Para Sadulur tunggal pracaya ing Italia ngirimaké salam marang kowé kabèh.

[25] Sih-rahmat nunggila ing kowé kabèh.

Ibrani — Chapters