[1] Marga saka iku, payo padha diwaspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep kèri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremaning Panjenengané isih tumindak.
[2] Amarga kita uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakaké iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora tinunggilaké ing pracaya karo wong-wong kang padha ngrungokaké.
[3] Awit, kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing papan palereman, kaya kang kapangandikakaké déning Panjenengané, <<Temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing papan paleremaningsun.>> Sanadyan pakaryané wis rampung wiwit jagat tinalesan.
[4] Amarga bab dina kapitu iku wis tau ana pangandika mangkéné, <<Lan ing dina kapitu Allah kèndel saka pakaryané kabèh.>>
[5] Ing pangandika iku, kita maca, <<Wong-wong iku bakal ora lumebu ing papan paleremaningsun.>>
[6] Dadi, wus cetha menawa ana sawatara wong kang bakal lumebu ing papan palereman iku, déné wong-wong kang wis luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-turut.
[7] Mulané, Panjenengané nemtokaké dina manèh, yaiku <<dina iki>>, nalika Panjenengané ngandika lantaran Daud suwé sawisé iku, kaya kang wis kasebut ing ngarep mau, <<Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira!>>
[8] Jalaran, saupama Yosua wis nglebokaké wong-wong iku ing papan palereman, mesthi sawisé mangkono Allah ora bakal ngandikakaké dina liyané manèh.
[9] Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umaté Allah.
[10] Awit sapa kang wis lumebu ing papan paleremané Allah, wong iku dhéwé wis lèrèn saka sakèhing pagawéané, padha kaya Allah anggoné kèndel saka pakaryané.
[11] Mulané luwih becik kita mbudi-daya lumebu ing palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nuladha marang pambaléla kang kaya mangkono.
[12] Sabab pangandikané Allah iku gesang lan kiyat sarta luwih landhep tinimbang sakèhing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Nunjem jero nganti misahaké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum; bisa ngadili pikiran sarta pangangen-angening ati kita.
[13] Ora ana titah siji baé kang sinamar ana ing ngarsané, jalaran samubarang kabèh katon ngeblak lan binuka ana ing ngarsaning paningalé, kang mundhut supaya kita padha ngaturaké tanggung jawab kita.
[14] Sarèhné kita padha duwé Imam Agung Pinunjul, kang wus sumengka nratas sakèhing langit, yaiku Yésus, Putraning Allah, mulané kita padha ngantepana sahadat kita.
[15] Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakaké sakèhing kaapesan kita. Nanging malah kang padha karo kita, Panjenengané wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.
[16] Kang iku payo padha sowan kalawan tatag marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita olèh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing waktuné.