[1] Marga saka iku, payo padha ninggal dhasar-dhasar wiwitaning piwulang bab Kristus sarta padha ngalih marang piwulang kang sampurna. Kita aja nganti masang manèh tetalesing pamratobat saka panggawé-panggawé kang tanpa guna, sarta tetalesing pracaya marang Allah,
[2] yaiku piwulang bab baptisan kang rupa-rupa, tumpangan tangan, tanginé para wong mati sarta paukuman langgeng.
[3] Sarta iku kang bakal padha kita tindakaké, menawa dadi keparengé Allah.
[4] Sabab mungguh wong-wong kang wis tau kapadhangan atiné, kang wis tau ngrasakaké peparing kaswargan sarta kang wis tau kapanduman Roh Suci,
[5] lan kang wis ngrasakaké pangandikané Allah kang utama sarta daya pangwasaning jaman kang bakal kelakon,
[6] nanging padha murtad manèh, iku ora bisa dianyaraké sapisan manéh nganti padha mratobat, amarga padha nyalib Putrané Allah manéh kanggo awaké dhéwé, sarta ngrèmèhaké Panjenengané ana ing sangarepé wong akèh.
[7] Sabab bumi kang nyerot banyu udan kang kerep tumiba ing kono, banjur ngetokaké tanem-tuwuh kang maédahi kanggo kang nggarap iku, nampa berkah saka Allah;
[8] nanging menawa bumi iku nuwuhaké eri bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta wis cepak kena ing supata, kang wekasané kaobong.
[9] Éwadéné, para Sadulur kang kinasih, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowé, aku padha yakin menawa kowé padha duwé prakara kang luwih becik sarta isi karahayon.
[10] Amarga Allah ora kurang adil, nganti Panjenengané kesupèn marang panggawé lan katresnanmu kang koktindakaké kagem asmané srana anggonmu padha ngladèni para suci, kaya kang tansah padha koklakoni.
[11] Nanging kang padha dakarep-arep, supaya saben wong panunggalanmu padha nélakna katemenan kang kaya mangkono satemah bisa nggayuh katemtuaning pangarep-arepmu, nganti tumeka ing wekasan,
[12] supaya kowé aja padha lamban, nanging padha nulad marang wong kang awit saka pracaya lan kasabarané padha olèh warisan kang kaprasetyakaké iku.
[13] Awitdéné nalika Allah maringaké prasetyané marang Abraham, wis supaos demi Panjenengané piyambak, amarga ora ana kang ngungkuli Panjenengané,
[14] pangandikané, <<Satemené sira bakal sunberkahi nganti lubèr sarta sira bakal suntangkaraké dadi akèh banget.>>
[15] Abraham ngentosi kalawan sabar sarta marga saka mangkono banjur nampi apa kang kaprasetyakaké marang panjenengané.
[16] Mungguh manungsa iku anggoné sumpah demi kang luwih luhur sarta sumpah iku minangka pikukuhé kang mungkasi sakèhing padudon.
[17] Marga saka iku, nalika Allah kagungan karsa nedahaké amrih saya ngyakinaké bab katemtuaning prasetyané marang wong-wong kang dadi ahli warisé, Panjenengané nanggel kanthi supaos,
[18] supaya marga prakara loro kang ora owah-owah mau -- ing bab iku mokal menawa Allah iku cidra -- kita kang padha ngupaya pangayoman, padha olèh pambereg kang kuwat amrih ngantepi pangarep-arep kang kaprasetyakaké.
[19] Déné pangarep-arep iku minangka jangkar kang kuwat lan santosa tumrap nyawa kita, kang wis ditibakaké tekan samburining geber,
[20] kang wis dilebeti déning Yésus ngrumiyini kita, nalika Panjenengané jumeneng Imam Agung ing salawas-lawasé manut pranatané Mèlkisèdèk.