Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:58

[1] Mulané, para Sadulur kang suci, kang padha olèh pandumaning timbalan kaswargan, padha nggatèkna marang Yésus, Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni,

[2] kang setya marang Panjenengané kang wis njumenengaké, kayadéné Musa uga setya ing padalemané Allah kabèh.

[3] Jalaran Panjenengané sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Musa, padha kayadéné kang gawé omah luwih kajèn katimbang omah yeyasané.

[4] Amarga saben omah digawé déning ahliné gawé omah; nanging ahli kang yasa samubarang kabèh iku Allah.

[5] Musa pancèn tumemen anggoné dadi pelados ana ing padalemané Allah sakwewengkoné kabèh, dadi pelados, supaya paring paseksi mungguh apa kang ing tembé bakal dingandikakaké,

[6] nanging Kristus kang jumeneng Putra iku mengku tanggel jawab kanthi setya tumrap padalemané; sarta padalemané iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita gung-gungaké nganti tumeka ing wekasan.

[7] Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakaké déning Roh Suci, <<Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené,

[8] aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla, ing jaman panyoba ana ing pasamunan,

[9] ing kono para leluhurira padha nyoba marang Ingsun, sarana ndadar Ingsun, sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningsun, lawasé patang puluh taun.

[10] Iya iku sababé Ingsun duka marang wong-wong iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atiné, sarta padha ora nyumurupi marginingsun,

[11] temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku ora bakal padha mlebu ing papan paleremaningsun.>>

[12] Para Sadulur, padha diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya satemah murtad saka Allah kang gesang.

[13] Nanging padha éling-ingélingna ing sadina-dina sajroné isih bisa diarani <<dina iki>>, supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atiné, marga saka pamblithuking dosa.

[14] Jalaran kita wis padha olèh panduman ana ing Kristus, angger kita padha ngukuhi ing keyakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.

[15] Nalika kapangandikakaké, <<Ing dina iki, menawa sira krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla.>>

[16] Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swantené? Apa iku dudu wong-wong kang padha metu saka Mesir kairid déning Musa?

[17] Sarta sapa kang dibendoni déning Panjenengané lawasé patang puluh taun? Apa dudu wong-wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisimé padha pating glimpang ana ing pasamunan?

[18] Sapa kang wis disupaosi yèn bakal ora padha lumebu ing papan paleremané? Apa dudu wong-wong kang padha ora mbangun-turut iku?

[19] Dadiné kita padha sumurup, menawa wong-wong iku padha ora bisa lumebu amarga padha ora pracaya.

Ibrani — Chapters