[1] Aku ngandhakaké apa kang bener ana ing Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku mèlu neksèni marga déning Roh Suci,
[2] menawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.
[3] Malah aku saguh nampa ipat-ipat, sarta kapisah saka Kristus marga para Sadulurku, golonganing bangsaku cara daging.
[4] Sabab wong-wong kabèh iku wong Israèl kang wis kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Torèt, apadéné pangibadah lan prasetya-prasetya.
[5] Wong-wong iku padha tedhak-turuné para bapa leluhur, kang cara kadagingan nurunaké Kristus, kang ngungkuli samubarang kabèh. Panjenengané iku Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawasé. Amin.
[6] Éwadéné pangandikané Allah iku mokal yèn ta nganti gagal. Awit ora kabèh wong kang asalé saka Israèl iku wong Israèl,
[7] lan iya ora kabèh kang kagolong putrané Abraham iku tedhaké Abraham kang sejati, nanging, <<Kang asalé saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira.>>
[8] Tegesé: Dudu anak-anak kang cara kadagingan kang dadi para putrané Allah, nanging para anak prasetyan kang kaétung dadi turun kang sah.
[9] Sabab pangandika iku isi prasetya, mangkéné, <<Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwé anak lanang.>>
[10] Malah ora mung iku baé. Kang luwih cetha manèh yaiku Ribka kang mbobot saka priya siji, yaiku Ishak, bapa leluhur kita.
[11] Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawé becik utawa ala, -- supaya rancangané Allah bab pamilihé tetepa, ora adhedhasar panggawé nanging adhedhasar timbalané --
[12] dingandikakaké marang Ribka, mangkéné, <<Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,>>
[13] iya kaya kang katulis, surasané, <<Yakub sunkasihi, nanging Ésau sunsengiti.>>
[14] Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa Allah ora adil? Mokal!
[15] Sabab Panjenengané wis ngandika marang Musa, mangkéné, <<Ingsun bakal melasi marang sapa baé kang sunkarsakaké sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa baé kang sunkarsakaké sunparingi sih-kamirahan.>>
[16] Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa réka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahané Allah.
[17] Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Firaun, mangkéné, <<Ya mangkono iku sababé anggoningsun ngangkat sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalaké pangwaosingsun ana ing sira, sarta asmaningsun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.>>
[18] Dadi Panjenengané maringi sih-piwelas marang sapa baé kang dikarsakaké, lan Panjenengané mangkotaké sapa baé kang dikarsakaké.
[19] Saiki kowé arep kandha marang aku, <<Yèn mangkono, apa manèh kang isih kaanggep luput déning Panjenengané? Sabab sapa kang bisa nglawan karsané?>>
[20] Nanging, hé manungsa, kowé iku sapa ta déné kok madoni Allah? Apa iya bisa ta, kang kagawé kandha marang kang nggawé, mangkéné, <<Yagéné déné anggonmu gawé aku kok kaya mangkéné?>>
[21] Apa tukang grabah iku ora duwé wewenang tumrap lempungé; saka prongkolan kang padha, sapérangan kagawé barang kang mulya, sapérangan kagawé barang liyané kang lumrah?
[22] Dadiné, saupama kangggo ngatingalaké bebendu lan nedahaké pangwaosé, Allah paring kasabaran kang gedhé marang wadhahing bebendu, kang wus kacawisaké marang karusakan,
[23] mangka iku malah kagem ngatingalaké anggoné sugih kamulyan marang wadhahing sih-piwelasé, kang wis kacawisaké marang kamulyan?
[24] Yaiku kita, kang wis padha katimbalan, ora mung saka ing antarané wong Yahudi baé, nanging uga saka ing antarané bangsa-bangsa liya,
[25] kaya kang wus kapangandikakaké uga ana ing kitab Hoséa, surasané, <<Kang dudu umatingsun bakal sunsebut umatingsun, lan kang dudu kekasih, iku sunsebut kekasih.>>
[26] Lan ing panggonan kang wong-wongé dipangandikani, <<Sira iku dudu umatingsun,>> ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani, <<Para Putrané Allah kang gesang.>>
[27] Lan Yésaya nguwuh ing ngatasé Israel, mangkéné, <<Sanadyan Banisraèl iku cacahé kaya wedhiné sagara, nanging mung kekarèné baé kang bakal kaslametaké.
[28] Sabab apa kang wus kapangandikakaké, bakal tumuli katindakaké déning Pangéran ana ing bumi, kalawan sampurna lan tumuli.>>
[29] Kaya kang sadurungé wus kaweca déning Yésaya, mangkéné, <<Saupama Pangéran kang murbèng dumadi ora nyisakaké turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora.>>
[30] Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Sanyatané: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya apa kang bener, wus padha kabeneraké, yaiku kabeneraké marga saka pracaya.
[31] Nanging: Bangsa Israèl sanadyan ngupaya apa kang bener lantaran angger-angger, ora bisa netepi angger-angger mau.
[32] Yagéné kok ora? Sabab bangsa Israèl anggoné ngupaya ora adhedhasar pracaya, nanging adhedhasar panggawé. Bangsa iku padha kasandhung ing watu sandhungan,
[33] kaya kang katulis, surasané, <<Lah ing Sion Ingsun sèlèhi watu tetanggoran lan watu gedhé kang njalari wong tiba, lan sapa kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangan.>>