[1] Aku njaluk kawigatènmu tumrap Fébé, sadulur wanita tunggal pracaya kang dadi pelados ana ing pasamuwan Kéngkréa,
[2] supaya koktampani ana ing patunggilané Gusti, kanthi patrap kang samesthiné tumrap para suci, sarta wènèhana, pitulungan samangsa dibutuhaké. Sabab wong iku wus awèh pitulungan marang wong akèh, klebu aku dhéwé.
[3] Salam marang Priska lan Akwila, kanca-kancaku sapagawéan ana ing Kristus Yésus.
[4] Wong-wong mau wus padha ngetohaké nyawané kanggo uripku. Ora mung aku baé kang awèh panarima, nanging iya sakèhing pasamuwan kang dudu Yahudi.
[5] Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahé. Salam marang Épénétus, sadulur tunggal pracaya kang daktresnani, kang dadi woh kang kapisanan saka wilayah Asia kagem Kristus.
[6] Salam marang Maria, kang wus nyambut-gawé tanpa ngétung sayah kanggo kowé kabèh.
[7] Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng aku, kang padha kajèn ana ing antarané para rasul, sarta kang anggoné dadi Kristen sadurungé aku.
[8] Salam marang Ampliatus kang daktresnani ana ing Gusti.
[9] Salam marang Urbanus kancaku sapagawéan ana ing Kristus, sarta salam marang Stakhis, kang daktresnani.
[10] Salam marang Apèlès, kang wus katitik tahan uji ana ing Kristus. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Aristobulus.
[11] Salam marang Hérodion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Narkisus, kang ana ing patunggilané Gusti.
[12] Salam marang Triféna lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggoné lelados kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus mbudi daya kanthi mempeng kagem Gusti.
[13] Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibuné kang tumraping aku uga dadi ibuku.
[14] Salam marang Asinkritus, Flégon, Hèrmès, Patrobas, Hèrmas sarta para Sadulur tunggal pracaya kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur.
[15] Salam marang Filologus lan Yulia, Néréus sarta saduluré wadon, lan Olimpas, apadéné sakèhé para suci kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur mau.
[16] Padha sesalamana kalawan pangambung kang suci. Salam marang kowé kabèh saka sakèhing pasamuwané Kristus.
[17] Nanging kowé padha dakpituturi, para Sadulur, padha diwaspada marang para wong kang nyebar pasulayan, gawé sandhungan, cengkah karo piwulang kang wis koktampa. Singkirana wong-wong iku.
[18] Sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, padha ora lelados marang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetengé dhéwé. Lan kanthi tetembungan kang muluk-muluk sarta basané kang manis, padha ngapusi marang wong-wong kang tulus atiné.
[19] Pawarta bab kasetyanmu wus keprungu wong akèh. Mulané aku bungah banget ing ngatasé kowé. Nanging karepku, kowé padha wicaksanaa tumrap apa baé kang becik sarta kalis saka sarupaning piala.
[20] Allah, kang dadi etuking tentrem-rahayu, bakal énggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Yésus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.
[21] Salam marang kowé kabèh saka Timotius, kancaku sapagawéan, lan saka Lukius, Yason apadéné Sosipatèr, kanca-kancaku tunggal bangsa.
[22] Kula Tèrtius ingkang nyerat serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.
[23] Salam marang kowé kabèh saka Gayus, kang awèh panginepan marang aku, lan marang pasamuwan kabèh. Salam marang kowé kabèh saka Érastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita tunggal pracaya. [
[24] Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh! Amin.]
[25] Kagem Panjenengané, kang kwasa nyantosakaké kowé kabèh, -- manut Injil kang dakwartakaké, sarta pawarta bab Yésus Kristus, cocog karo kawiyaké wewadi kang sumimpen pirang-pirang abad lawasé,
[26] nanging kang saiki wis kababar, sarta wis kawartakaké déning kitab-kitabé para nabi, manut dhawuhé Allah kang langgeng marang sakèhing bangsa, kanggo nuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --
[27] kagem Allah, iya mung Panjenengané piyambak kang kebak kawicaksanan, awit saka Yésus Kristus: sakèhing kamulyan langgeng ing salawas-lawasé! Amin.