[1] Saka Paulus, abdiné Kristus Yésus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelaraké Injilé Allah,
[2] Injil iku wus kaprasetyakaké lantaran para nabi kaya kang katulis ing kitab-kitab suci,
[3] bab Sang Putra, kang cara kadagingan mijil saka tedhaké Daud,
[4] lan miturut Rohing kasucèn Panjenengané iku Putrané Allah, katitik ana ing wunguné saka ing antarané wong mati, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita.
[5] Lantaran Panjenengané, aku padha nampa sih-rahmat sarta kalenggahan rasul marga asmané, kadhawuhan nuntun marang sakèhing bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya padha pracaya lan mbangun-turut.
[6] Kowé uga padha klebu ing antarané wong-wong mau, kowé kang wus padha katimbalan dadi kagungané Yésus Kristus,
[7] marang para Sadulur kabèh kang manggon ing Roma, kang padha ditresnani déning Allah, kang katimbalan lan kadadèkaké para suci. Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus.
[8] Kang kapisan, aku saos sokur marang Allahku marga déning Yésus Kristus ing ngatasé kowé kabèh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing saindenging jagat.
[9] Sabab Allah, kang dakladosi kanthi gumolonging atiku ing sajroné martakaké Injil bab Sang Putra, iku kang dadi seksiku menawa ing sajroné pandongaku, aku tansah ngèlingi marang kowé:
[10] Aku ndedonga, muga-muga marga saka karsané Allah, ing wekasané aku bisa olèh wewengan niliki kowé kabèh.
[11] Awit aku kepéngin banget ketemu kowé, saprelu andum ganjaran kasukman, supaya kowé padha dikuwataké,
[12] yaiku, supaya aku ana ing antaramu lan mèlu kalipur déning pracaya kita, aku déning pracayamu, lan kowé déning pracayaku.
[13] Para Sadulur, karepku supaya kowé padha mangerti, yèn aku wis kerep duwé niyat niliki kowé -- nanging nganti sapréné tansah ana alangan -- supaya ana ing tengah-tengahmu aku bisa nemu wohé, padha kaya ana ing satengahing para bangsa kang ora wanuh marang Allah.
[14] Aku kapotangan budi marang wong Yunani, mangkono uga marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, wong wasis lan wong bodho.
[15] Iya kang mangkono iku, kang njalari aku uga kepéngin martakaké Injil marang kowé kang padha manggon ing Roma.
[16] Sabab aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatané Allah kang njalari kaslametané saben wong kang pracaya, wiwitané wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.
[17] Sabab ing kono kapratélakaké anggoné Allah mbeneraké, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulis, surasané, <<Wong kang kabeneraké marga saka pracayané, bakal urip.>>
[18] Sabab bebenduné Allah wis kawedharaké saka ing swarga tumrap sarupaning duraka lan pialaning manungsa kang nindhes prakara kang bener marga déning pialané.
[19] Awit kang disumurupi mungguhing Allah iku wis cetha tumrap wong-wong mau, jalaran Allah wis mratélakaké marang wong-wong mau.
[20] Awitdéné kawontenané Allah kang ora katon, yaiku kakiyatané kang langgeng sarta kaallahané, bisa katon lan dimangertèni, saka ing pakaryané, wiwit dumadiné jagat, satemah wong-wong mau padha ora bisa sélak.
[21] Amarga sanadyan padha mangerti marang Allah, wong-wong mau ora padha ngluhuraké Panjenengané kang jumeneng Allah, utawa ora padha saos sokur marang Panjenengané. Nanging pangangen-angené dadi padha tanpa guna, lan atiné kang bodho padha dadi peteng.
[22] Wong-wong mau padha rumangsa pinter, nanging satemené bodho.
[23] Kamulyané Allah kang langgeng dilironi wewujudan kang mèmper manungsa kang ora langgeng, manuk-manuk, ke'wan-kéwan sikil papat, utawa kang rumangkang.
[24] Mulané Allah banjur nguja pepénginaning atiné kang jember, satemah badané dianggo jember-jinemberan.
[25] Wong-wong iku iya padha nglironi prakara kang bener mungguhing Allah sarana apus-apus, sarta padha memuji lan ngabekti marang titah kanthi nglalèkaké kang nitahaké, kang mesthiné pinuji-puji ing salawas-lawasé, Amin.
[26] Mulané Allah nguja wong-wong mau padha nuruti hawa-napsuné kang nistha, sabab kang wadon padha ora awor turu salumrahé karo bojoné, nanging padha nyulayani kodrat.
[27] Mangkono uga kang lanang, padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging klawan ati kang ngangah-angah tanpa isin nindakaké iku karo pepadhané wong lanang, satemah wong-wong iku padha nampani piwales kang mruwat karo durakané.
[28] Dadi sarèhné padha rumangsa ora prelu ngakoni Allah, mulané Allah nguja wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, satemah padha nindakaké patrap kang ora patut,
[29] kebak ing sarupané kadurakan, kadursilan, kasrakahan, piala, kebak drengki, gawé pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.
[30] Padha seneng misuh, mitenah, sengit marang Allah, kurang ajar, gumunggung, umuk, julig, ora mbangun-turut marang wong tuwa,
[31] tanpa budi, ora setya, ora welasan, tegelan.
[32] Sabab sanadyan padha mangerti marang pepundhutaning angger-anggeré Allah, yaiku yèn saben wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kaukum pati, wong-wong mau malah ora mung nglakoni dhéwé, nanging iya nyarujuki marang kang padha nglakoni mangkono.