Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 6:19

[1] Yèn mangkono, apa ta kaluwihané wong Yahudi, lan apa ta paédahé tetak iku?

[2] Akèh banget lan ing sakèhing prakara, kang kapisan: Sabab iya marang wong iku mau pangandikané Allah dipitayakaké.

[3] Dadiné kepriyé, menawa ana ing antarané wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggoné ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyané Allah?

[4] Babar pisan ora! Malah kosok-baliné: Allah iku asipat bener, lan manungsa kabèh tukang goroh, kaya kang katulis, surasané, <<Supados Paduka katitik manawi leres ing sapangandika Paduka, saha unggul manawi Paduka dipun adili.>>

[5] Ananging menawa duraka kita iku nélakaké yèn Allah iku bener, banjur apa kang bakal padha kita kandhakaké? Apa Allah iku ora adil yèn ta ngetingalaké bebenduné? -- Omonganku iki nganggo cara manungsa. --

[6] Mesthi baé ora! Yèn mangkono, kepriyé Allah anggoné bakal ngadili jagat?

[7] Nanging menawa marga saka gorohku iku, apa kang bener tumraping Allah malah sangsaya nglubèraké kaluhurané, yagéné aku kok isih diadili manèh padha kaya wong dosa?

[8] Kena apa kita ora kandha, <<Payo kita padha nglakoni panggawé ala baé supaya tuwuh kang becik saka ing kono.>> Pancèn ana pitenahing wong kang ngandhakaké menawa kita kandha mangkono. Wong kang kaya mangkono iku wus samesthiné tampa paukuman.

[9] Banjur kepriyé? Apa kita luwih unggul katimbang wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep kita rak wis ndakwa, menawa wong Yahudi lan wong Yunani iku kabèh padha nandhang dosa.

[10] Kaya kang wis katulis, surasané, <<Ora ana wong kang bener, siji baé ora ana.

[11] Ora ana wong siji baé kang duwé pangertèn, ora ana wong siji baé kang ngupaya Allah.

[12] Wong kabèh padha nylèwèng, kabèh tanpa guna, ora ana kang gawé becik, siji baé ora ana.

[13] Gurungé iku kaya kubur menga, ilaté dianggo mbujuki, lambéné ngemu wisa.

[14] Telaké kebak supata lan ipat-ipat.

[15] Ènthèng sikilé yèn arep ngwutahaké getih.

[16] Karusakan lan kasirnan didèlèh ana ing dalané,

[17] lan dalaning tentrem-rahayu ora dimangertèni;

[18] padha ora duwé rasa wedi-asih marang Allah.>>

[19] Nanging kita padha mangerti, yèn kabèh kang kamot ing kitab Torèt iku katujokaké marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya wong kabèh padha kabungkem telaké, lan sajagat kabèh iki kapatrapan ing pangadilané Allah.

[20] Sabab ora ana wong siji baé kang kabeneraké ana ing ngarsané Allah marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt; awit iya marga saka angger-anggering Torèt iku wong padha mangerti dosa.

[21] Nanging saiki, tanpa angger-anggering Torèt, kaya kang kapratélakaké ing kitab Torèt lan kitab-kitabé para nabi, apa kang kabeneraké déning Allah iku wus kalairaké,

[22] yaiku apa kang kabeneraké déning Allah lantaran pracaya marang Yésus Kristus, tumrap wong kabèh kang pracaya, awit ora ana bédané.

[23] Marga wong kabèh wus padha gawé dosa sarta kélangan kamulyaning Allah,

[24] lan awit saka sih-rahmaté padha kabeneraké kanthi lelahanan lantaran panebusé Kristus Yésus.

[25] Panjenengané wus katetepaké déning Allah dadi sarananing karukunan, awit saka pangandel marang rahé. Bab iki katindakaké kagem ngatingalaké kaadilané, sabab Panjenengané wus ngèndelaké dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarané Allah.

[26] Karsané yaiku kagem ngatingalaké kaadilané ing jaman saiki, supaya tetéla menawa Panjenengané iku bener, lan uga mbeneraké wong kang pracaya marang Yésus.

[27] Yèn mangkono, apa kang kena kanggo dhasar gumunggung? Ora ana. Banjur dhasaré apa? Apa adhedhasar panggawé? Ora, nanging adhedhasar pangandel.

[28] Marga kita yakin, yèn manungsa iku anggoné kabeneraké awit saka pracaya, ora marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt.

[29] Karomanèh, Allah iku apa mung dadi Allahé wong Yahudi baé? Apa Panjenengané iku dudu Allahé bangsa-bangsa liyané uga? Iya, bener. Panjenengané uga dadi Allahé bangsa-bangsa liya.

[30] Tegesé, menawa Allah iku pancèn mung siji, Panjenengané bakal mbeneraké wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.

[31] Yèn mangkono, apa aku padha mbatalaké angger-anggering Torèt awit saka pracaya? Babar pisan ora! Kosokbaliné, aku malah padha njejegaké.

Roma — Chapters