Skip to content
Opens in a new window
Listen to this chapter • 4:37

[1] Kang iku para Sadulur, marga saka sih-kamirahané Allah, aku pitutur marang kowé, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip, kang suci lan kang dadi keparengé Allah: Iya kang mangkono iku pangibadahmu kang sejati.

[2] Kowé aja madha rupa kaya donya iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa mbédakaké endi kang dadi karsané Allah: Apa kang becik, kang dadi keparengé lan kang sampurna.

[3] Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Aja padha mikiraké prakara-prakara kang luwih dhuwur katimbang kang patut kok pikiraké, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowé padha bisa ngwasani badanmu miturut ukuraning pangandel, kang kaparingaké déning Allah marang kowé dhéwé-dhéwé.

[4] Sabab padha kaya badan siji, kita nduwèni gegelitan kang akèh, nanging ora kabèh gegelitan iku duwè ayahan kang padha,

[5] mangkono uga kita iki, sanadyan akèh, padha dadi badan siji ana ing Kristus; ananging siji-sijiné kita padha dadi gegelitan tumrap liyané.

[6] Iya mangkono iku, kita iki padha duwé ganjaran kang béda-béda, miturut peparing kang kaparingaké marang kita: Menawa ganjaran iku kanggo meca, tindakna miturut pangandel kita.

[7] Menawa ganjaran kanggo leladi, iya padha leladia; menawa ganjaran kanggo memulang, iya padha memulanga;

[8] menawa ganjaran kanggo awèh pitutur, iya padha awèha pitutur. Sing sapa ngedum-edum, tindakna kanthi éklasing ati; sapa kang mimpin, tindakna kanthi taberi; sapa kang nélakaké kawelasan, tindakna kanthi bungah.

[9] Tresna iku aja lamis! Padha sengita marang piala sarta nglakonana panggawé becik.

[10] Kowé padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan padha dhisik-dhisikan anggonmu urmat-ingurmatan.

[11] Kasregepanmu aja nganti kendho, rohmu ngalad-alada, lan padha leladia marang Pangéran.

[12] Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning kasusahan, dimantep anggonmu ndedonga!

[13] Padha mèlua nanggung kekurangané para suci lan padha awèh panginepan!

[14] Berkahana sapa kang nganiaya kowé, berkahana lan aja koksupatani.

[15] Mèlua bungah karo wong kang bungah, lan nangisa karo wong kang nangis.

[16] Padha ditunggal ati ing sajroning uripmu bebarengan; aja mikiraké prakara kang dhuwur-dhuwur, nanging enerna uripmu kanggo prakara-prakara kang prasaja. Aja kuminter!

[17] Aja males ala marang wong kang gawé piala; padha nindakna apa kang becik tumrap wong kabèh.

[18] Sabisa-bisa, yèn pancèn gumantung marang kowé, uripa kanthi rukun karo wong kabèh.

[19] Para Sadulurku kang kinasih, kowé dhéwé aja nganti padha nandukaké piwales, nanging prakara iku pasrahna marang bebenduné Allah, sabab ana tulisan, mangkéné, <<Pamales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal malesaké,>> mangkono pangandikaning Pangéran.

[20] Nanging, <<Menawa mungsuhmu kaluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak, wènèhana ngombé. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowé gawé wirangé, prasasat numpuk mawa ing sirahé.>>

[21] Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, nanging piala iku kalahna sarana kabecikan.

Roma — Chapters