[1] Rama Benyamin peputra Bela, iku pambajenge, Asybel kang angka loro, Ahrah kang angka telu,
[2] Noha kang angka papat, lan Rafa kang angka lima.
[3] Rama Bela peputra Adar, Gera, Abihud,
[4] Abisua, Naaman, Ahoah,
[5] Gera, Sefufan lan Huram.
[6] Iki para turune Rama Ehud – iku padha dadi kepala-kepalaning kulawangsa pendhudhuk Geba kang diboyong marang ing pambuwangan, menyang ing Manahat –:
[7] Naaman, Ahia lan Gera padha ngangkatake wong-wong mau marang ing pambuwangan; iku nurunake Uza lan Akhihud.
[8] Ana ing dhaerah Moab, Rama Saharaim sawuse nundhung Ibu Husim lan Ibu Baara, para garwane, banjur peputra.
[9] Anggone peputra karo garwane, kang asma Hodesy, dene putra-putrane mau yaiku Yobab, Zibya, Mesa, Malkam,
[10] Yeus, Sokhya lan Mirma, iku para putrane, padha dadi kepala kulawangsa;
[11] sadurunge iku karo Ibu Husim wus peputra, yaiku Ahitub lan Elpaal.
[12] Para putrane Rama Elpaal yaiku Eber, Misam lan Semed; iki kang ngedegake kutha Ono lan kutha Lod dalah sawewengkone.
[13] Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.
[14] Rama Ahyo, Sasak, Yeremot,
[15] Zebaja, Arad, Eder,
[16] Mikhael, Yispa lan Rama Yoha iku para putrane Rama Beria.
[17] Rama Zebaja, Mesulam, Hizki, Heber,
[18] Yismerai, Yislim lan Yobab iku para putrane Rama Elpaal.
[19] Rama Yakim, Zikhri, Zabdi,
[20] Elyoenai, Ziletai, Eliel,
[21] Adaya, Beraya lan Rama Simrat iku para putrane Rama Simei.
[22] Rama Yispan, Eber, Eliel,
[23] Abdon, Zikhri, Hanan,
[24] Hananya, Elam, Antotia,
[25] Yifdeya lan Pnuel iku para putrane Rama Sasak.
[26] Rama Samserai, Seharya, Atalya,
[27] Yaaresya, Elia lan Rama Zikhri iku para putrane Rama Yeroham.
[28] Iku padha dadi kepalaning kulawangsa, para kepala manut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.
[29] Nanging kang manggon ing Gibeon ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane asma Ibu Maakha.
[30] Putrane pambajeng Rama Abdon, banjur Zur, Kisy, Baal, Nadab,
[31] Gedor, Ahyo, Zekher
[32] lan Miklot kang nurunake Simea. Iku iya padha tindak lan manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.
[33] Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Pangeran Esybaal.
[34] Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.
[35] Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Tarea lan Akhas.
[36] Sang Akhas nurunake Yehoada; Yehoada nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza;
[37] Sang Moza nurunake Bina; iki nurunake Rafa; iki nurunake Elasa lan iki nurunake Azel.
[38] Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku kabeh putrane Rama Azel.
[39] Para putrane Sang Esek, sadhereke, yaiku Ulam, iku pambajenge, banjur Yeusy, iku kang angka loro, lan Elifelet, kang angka telu.
[40] Para putrane Sang Ulam iku wong kang kendel-kendel, wong prawira kang gagah prakosa, juru manah; putra wayahe akeh: satus seket. Iku kabeh klebu tedhake Rama Benyamin.