[1] Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat lan Merari.
[2] Rama Kehat peputra Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.
[3] Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
[4] Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua,
[5] Rama Abisua peputra Buki; Rama Buki peputra Uzi;
[6] Rama Uzi peputra Zerahya; Rama Zerahya peputra Merayot;
[7] Rama Merayot peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;
[8] Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Ahimaas;
[9] Rama Ahimaas peputra Azarya; Rama Azarya peputra Yohanan;
[10] Rama Yohanan peputra Azarya; iku kang dadi imam ana ing Padaleman Suci, yasane Sang Prabu Sulaeman ana ing Yerusalem.
[11] Rama Azarya peputra Amarya; Rama Amarya peputra Ahitub;
[12] Rama Ahitub peputra Zadhok; Rama Zadhok peputra Salum;
[13] Rama Salum peputra Hilkia; Rama Hilkia peputra Azarya;
[14] Rama Azarya peputra Seraya; Rama Seraya peputra Yozadak;
[15] Rama Yozadak iki katut diboyong nalika Pangeran Yehuwah marengake wong Yehuda lan Yerusalem padha diangkat marang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar.
[16] Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat, lan Merari.
[17] Iki asmane para putrane Rama Gerson: Libni lan Simei.
[18] Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.
[19] Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Iki gotrah-gotrahe suku Lewi ing sajroning kulawangsa-kulawangsane:
[20] kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima;
[21] iki peputra Yoah; iki peputra Ido; iki peputra Zerah; iki peputra Yeatrai.
[22] Para putrane Rama Kehat yaiku: Aminadab; iki peputra Korakh; iki peputra Asir;
[23] iki peputra Elkana; iki peputra Ebyasaf; iki peputra Asir;
[24] iki peputra Tahat; iki peputra Uriel; iki peputra Uzia; iki peputra Saul.
[25] Rama Elkana peputra Amasai lan Ahimot,
[26] iki peputra Elkana; iki peputra Zofai; iki peputra Nahat;
[27] iki peputra Eliab; iki peputra Yeroham; iki peputra Elkana.
[28] Para putrane Rama Samuel yaiku Yoel, iki pambajenge, dene kang angka loro yaiku Abia.
[29] Para turune Rama Merari yaiku Mahli: iki peputra Libni; iki peputra Simei; iki peputra Uza;
[30] iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya.
[31] Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.
[32] Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.
[33] Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman, iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel
[34] bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah
[35] bin Zuf bin Elkana bin Mahat bin Amasai
[36] bin Elkana bin Yoel bin Azarya bin Zefanya
[37] bin Tahat bin Asir bin Ebyasaf bin Korakh
[38] bin Yizhar bin Kehat bin Lewi, putrane Rama Israel.
[39] Kang nisihe ana ing tengene Asaf, sadulure tunggal suku, yaiku Asaf bin Berekhya bin Simea
[40] bin Mikhael bin Baaseya bin Malkia
[41] bin Etani bin Zerah bin Adaya
[42] bin Etan bin Zima bin Simei
[43] bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi.
[44] Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh
[45] bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia
[46] bin Amzi bin Bani bin Semer
[47] bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.
[48] Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.
[49] Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.
[50] Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;
[51] iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;
[52] iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;
[53] iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas.
[54] Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan
[55] iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,
[56] nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.
[57] Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane;
[58] Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane,
[59] Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane;
[60] lan saka suku Benyamin: Geba dalah pangonan-pangonane, Alemet dalah pangonan-pangonane tuwin Anatot dalah pangonan-pangonane. Kutha-kuthane kabeh ana telulas kang kabage-bage ana ing antarane para gotrahe.
[61] Anadene saluwihe turune Rama Kehat mau, sawuse kaundhi, tampa kutha sapuluh saka gotrahe suku iku, yaiku saka suku Manasye, kang saparo iku.
[62] Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan.
[63] Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon.
[64] Dadine wong Israel menehi marang wong lewi kutha-kutha mau dalah pangonan-pangonane.
[65] Wong-wong iku uga menehi kalawan kaundhi kutha-kutha kang kapratelakake jeneng-jenenge mau, saka suku bani Yehuda, saka suku bani Simeon lan saka suku bani Benyamin.
[66] Gotrah-gotrah liyane saka turune Rama Kehat, tampa kutha-kutha saka suku Efraim, minangka dhaerahe,
[67] yaiku diwenehi kutha pangungsen Sikhem dalah pangonan-pangonane ing pagunungan Efraim, banjur Gezer lan pangonan-pangonane,
[68] Yokmeam dalah pangonan-pangonane,
[69] Ayalon dalah pangonan-pangonane lan Gat-Rimon dalah pangonan-pangonane.
[70] Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat.
[71] Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;
[72] saka suku Isakhar: Kedesy dalah pangonan-pangonane: Daberat dalah pangonan-pangonane,
[73] Ramot dalah pangonan-pangonane lan Anem dalah pangonan-pangonane;
[74] saka suku Asyer: Masal dalah pangonan-pangonane, Abdon dalah pangonan-pangonane,
[75] Hukok dalah pangonan-pangonane lan Rehob dalah pangonan-pangonane;
[76] saka suku Naftali: Kedesy ing Galilea dalah pangonan-pangonane, Hamon dalah pangonan-pangonane lan Kiryataim dalah pangonan-pangonane.
[77] Turune Rama Merari saluwihe tampa saka suku Zebulon: Rimono dalah pangonan-pangonane lan Tabor dalah pangonan-pangonane;
[78] lan ana ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho, ing sisih wetane bengawan Yarden, kang diwenehake saka suku Ruben: Bezer ing pasamunan dalah pangonan-pangonane, Yahas dalah pangonan-pangonane,
[79] Kedemot dalah pangonan-pangonane lan Mefaat dalah pangonan-pangonane;
[80] sarta saka suku Gad: Ramot ing Gilead dalah pangonan-pangonane, Mahanaim dalah pangonan-pangonane,
[81] Hesybon dalah pangonan-pangonane tuwin Yaezer dalah pangonan-pangonane.