[1] Anadene wong Israel, iki pratelane para leluhure kulawangsa, para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, tuwin para punggawane kang leladi marang Sang Prabu ing bab sakehe prakara kang gegayutan karo para wong kang tumindak ing gawe lan kang libur ing saben sasi-sasine, ing dalem setaun. Saben sagolongan ana wong patlikur ewu.
[2] Kang dadi kepalaning golongan kapisan kanggo ing sasi kapisan yaiku Sang Yasobam bin Zabdiel lan golongane iku wonge ana patlikur ewu.
[3] Sang Yasobam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.
[4] Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.
[5] Panggedhe kang katelu ing sasi kang katelu iku Sang Benaya, putrane Imam Agung Yoyadha, golongane iku wonge ana patlikur ewu.
[6] Sang Benaya iki klebu gegedhug telung puluh iku, lan dadi tetindhihe wong telung puluh iku nanging kang mimpin golongane yaiku Sang Amizabad, putrane.
[7] Kang kaping pat kanggo ing sasi kang kaping pat yaiku Sang Asael, sadhereke Sang Yoab, ing sapungkure iku banjur kagentenan Sang Zebaja, putrane, dene golongane mau wonge ana patlikur ewu.
[8] Kang kaping lima kanggo ing sasi kalima yaiku Sang Samhut bin Yizrah, iku sawijining panggedhe, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[9] Kang kaping enem kanggo ing sasi kanem yaiku Sang Ira bin Ikesy saka ing Tekoa, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[10] Kang kaping pitu kanggo ing sasi kapitu yaiku Sang Heles wong Peloni, saka bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[11] Kang kaping wolu kanggo ing sasi kawolu yaiku Sang Sibekhai, wong ing Husa, turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[12] Kang kaping sanga kanggo sasi kasanga yaiku Sang Abiezer, wong ing Anatot, panunggalane bani Benyamin, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[13] Kang kaping sapuluh kanggo sasi kasapuluh yaiku Sang Maharai, wong ing Nefota, iku turune Zerah, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[14] Kang kaping sewelas kanggo ing sasi kasewelas yaiku Sang Benaya, wong ing Piraton, panunggalane bani Efraim, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[15] Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
[16] Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;
[17] kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;
[18] kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;
[19] kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;
[20] kanggo bani Efraim yaiku Sang Hosea bin Azazya; kanggo saparone suku Manasye yaiku Yoel bin Pedhaya;
[21] kanggo separone suku Manasye kang ana ing Gilead yaiku Sang Yido bin Zakharia; kanggo suku Benyamin yaiku Sang Yaasiel bin Abner;
[22] kanggo suku Dhan yaiku Sang Azareel bin Yeroham. Iku para kepalaning suku-suku Israel.
[23] Sang Prabu Dawud ora ngetang cacahe wong kang umure rong puluh taun mangisor, sabab Pangeran Yehuwah wus prajanji, wong Israel bakal kadadekake padha kehe karo lintang-lintang ing langit.
[24] Sang Yoab, putrane Sang Zeruya, pancen wus wiwit ngetang nanging ora karampungake, awit marga saka iku wong Israel banjur katempuh ing bebendu; mulane cacahe ora dipengeti ana ing buku sejarahe Sang Prabu Dawud.
[25] Kang rumeksa marang pacawisane Sang Prabu yaiku Sang Azmawet bin Adiel, dene kang rumeksa marang pasadhiyan ing sajabaning kutha, ing kutha-kutha, ing desa-desa lan ing sajrone lumbung-lumbung panggung yaiku Sang Yonatan bin Uzia.
[26] Kang nglurahi para among tani kang kajibah ngolah tanah yaiku Sang Ezri bin Kelub.
[27] Kang dadi lelurahing kebon-kebon anggur yaiku Sang Simei, wong ing Rama. Kang nglurahi pametuning pakebonan anggur kanggo pasadhiyan anggur yaiku Sang Zabdi, wong ing Syifmi.
[28] Kang dadi lelurahing wit jaitun lan wit sikma ing Tanah-Ngare yaiku Sang Baal-Hanan, wong Gederi; kang nglurahi pasadhiyan lenga jaitun Sang Yoas.
[29] Kang dadi lelurahing sapi kang padha diengon ana ing tanah Saron yaiku Sang Sitrai, wong ing Saron, dene kang nglurahi sapi kang padha ana ing lebak-lebak yaiku Sang Safat bin Adlai.
[30] Kang dadi lelurahing unta yaiku Sang Obil, wong Ismael; kang nglurahi kuldi wadon yaiku Sang Yekhdeya, wong ing Meronot.
[31] Kang nglurahi wedhus yaiku Sang Yazis, wong ing Hagri. Iku kabeh para abdi kang rumeksa marang raja-darbe kagungane Sang Prabu Dawud.
[32] Sang Yonatan, sadhereke kang ramane Sang Prabu Dawud, iku dadi juru pirembag, iku pinter lan ahli kitab. Sang Yehiel, bin Hakhmoni iku dadi pamomonge para putrane Sang Prabu.
[33] Sang Akhitofel iku juru pirembage Sang Nata; Sang Husai, wong ing Arki, iku mitrane Sang Prabu.
[34] Ing tembe Sang Akhitofel digenteni Sang Yoyadha bin Benaya lan Sang Abyatar. Kang dadi senapatining Sang Nata yaiku Sang Yoab.