Skip to content
Opens in a new window

[1] Rama Adam, Set, Enos,

[2] Kenan, Mahalaleel, Yared,

[3] Henokh, Metusalakh, Lamekh,

[4] Nuh, Sem, Kham lan Yafet.

[5] Turune Rama Yafet yaiku Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Masekh lan Tiras.

[6] Turune Gomer yaiku Askenas, Difat lan Togarma.

[7] Turune Yawan yaiku Elisa, Tarsis, wong Kitim lan wong Rodanim.

[8] Turune Rama Kham yaiku Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.

[9] Turune Rama Kusy yaiku Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; turune Rama Raema yaiku Syeba lan Dhedan.

[10] Rama Kusy peputra Nimrod; iki kang miwiti kwasa ana ing bumi.

[11] Rama Misraim peputra wong Ludim, wong Anamim, wong Lehabim, wong Naftukhim,

[12] wong Patrusim, wong Kaslukhim – iki kang padha nurunake wong Filisti – lan wong Kaftorim.

[13] Rama Kanaan peputra Sidon, putrane kang pambajeng lan Het,

[14] sarta wong Yebusi, wong Amori, wong Girgasi,

[15] wong Hewi, wong Arki, wong Sini,

[16] wong Arwadi, wong Semari lan wong Hamati.

[17] Turune Rama Sem yaiku Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud, Aram, Us, Hul, Geter, lan Mesekh.

[18] Rama Arpakhsad peputra Selah, lan Rama Selah peputra Eber.

[19] Rama Eber kagungan putra kakung loro, kang siji asmane Peleg, sabab nalika jaman sugenge, bumi kabagi. Dene kang rayi asmane Yoktan.

[20] Rama Yoktan peputra Almodad, Selef, Hazarmawet, Yerakh,

[21] Hadoram, Uzal, Dikla,

[22] Ebal, Abimael, Syeba,

[23] Ofir, Hawila lan Yobab; iku kabeh putrane Rama Yoktan.

[24] Rama Sem, Arpakhsad, Selah,

[25] Eber, Peleg, Rehu,

[26] Serug, Nahor, Terakh,

[27] Abram, yaiku Rama Abraham.

[28] Para putrane Rama Abraham yaiku Rama Iskak, lan Rama Ismael.

[29] Iki para tedhak turune: Putrane pambajeng Rama Ismael yaiku Nebayot, banjur Kedar, Adbeel, Mibsam,

[30] Misyma, Duma, Masa, Hadad, Tema,

[31] Yetur, Nafisy lan Kedma; iku para putrane Rama Ismael.

[32] Turune ibu Ketura, garwa ampile Rama Abraham: Ibu Ketura iku peputra Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah. Para putrane Rama Yoksan yaiku Syeba lan Dhedhan.

[33] Para putrane Midian yaiku: Efa, Efer, Hanokh, Abida lan Eldaa. Iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

[34] Rama Abraham peputra Rama Iskak. Rama Iskak peputra Rama Esau lan Rama Israel.

[35] Para putrane Rama Esau yaiku Elifas, Rehuel, Yeusy, Yaelam lan Korakh.

[36] Para putrane Rama Elifas yaiku Teman, Omar, Zefi, Gaetam, Kenas, Timna lan Amalek.

[37] Para putrane Rama Rehuel yaiku Nahat, Zerah, Syama lan Miza.

[38] Para putrane Rama Seir yaiku Lotan, Syobal, Zibeon, Ana, Dhisyon, Ezer lan Dhisyan.

[39] Para putrane Rama Lotan yaiku Hori lan Homam; Rama Lotan kagungan rayi estri, asma Timna.

[40] Para putrane Rama Syobal yaiku Alyan, Manahat, Ebal, Syefi lan Onam; para putrane Rama Zibeon yaiku Aya lan Ana,

[41] kang nurunake Rama Dhisyon; para putrane Rama Dhisyon yaiku Hamran, Esyban, Yitran lan Kheran.

[42] Para putrane Rama Ezer yaiku Bilhan, Zaawan lan Yaakan. Para putrane Rama Dhisyan yaiku Us lan Aran.

[43] Iki para ratu kang padha ngasta paprentahan ana ing tanah Edom, sadurunge Israel kaereh dening ratu: Sang Prabu Bela bin Beor, lan kuthane jenenge Dinhaba.

[44] Bareng Sang Prabu Bela seda, Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

[45] Sasedane Sang Prabu Yobab, Sang Husyam, saka ing nagarane wong Teman, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

[46] Sawuse Sang Prabu Husyam seda, Sang Hadad bin Bedad jumeneng ratu nggentosi panjenengane; iya panjenengane iku kang ngawonake wong Midian ana ing dhaerah Moab, lan kuthane jenenge Awit.

[47] Bareng Sang Prabu Hadad seda, Sang Samla, saka ing Masyreka jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

[48] Sawuse Sang Prabu Samla seda, Sang Saul saka ing Rehobot-Kali, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

[49] Sasedane Sang Prabu Saul, Sang Baal-Hanan bin Akhbor jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

[50] Bareng Sang Prabu Baal-Hanan seda Sang Hadad jumeneng ratu nggentosi panjenengane, dene kuthane jenenge Pahi, kang garwa asma Mehetabeel putra putrine Sang Matred, putra putrine Sang Mezahab.

[51] Sawuse Sang Prabu Hadad seda, kang dadi kepala-kepalane golongan ing Edom yaiku: Sang Timna, Alya, Yetet,

[52] Oholibama, Ela, Pinon,

[53] Kenas, Teman, Mibzar,

[54] Magdiel lan Iram. Yaiku kang padha dadi kepala-kepala golongan ing Edom.

I Babad — Chapters